Jumat, 31 Januari 2020

TRESNA


Jemuah Legi 31 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 24:17-25:4
Jabur 15
Markus 6:14-29
Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!” Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.Sang Nata banjur utusan prajurit tamtama nggawa mustakane Nabi Yokanan. Kang kautus banjur mundur, lan nigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran.

TRESNA kuwi bab sing apik, ananging menawa kuwi dipapanke ana ing papan kang apik. Beda crita menawa TRESNA, sing apik kuwi, ora mapan sing ora apik, mesti pikolehe ya ora apik. Mula saka kuwi, sanadyan TRESNA kuwi apik kudu ditimbang-timbang supaya kabeh klakon apik. Kabeh kuwi merga yen TRESNA ora lumaku kalawan nalar,  isa marakne kahanan dadi rusak ora karuwan.

Gara-gara TRESNA sing ora tinata, ing crita Kitab Suci nganti ana sing tega nugel gulune sakpepadane titah kang kinaranan menungsa. Kuwi klakon ing jamane prabu Herodes. Merga ngrasakne TRESNA marang sedulure bojone, lan kuwi lumantar sesinggetan, mula nalika TRESNA kuwi butuh “tumbal”, rasa kamanungsan ilang mbuh nengndi parane. Merga nindakne TRESNA kang ora pas papane, la nana sing wani ngelik’ake, mula kuwi dadi dendam tumrap sing nembe “ketawang katresnan”, mula kuwi sing ndadekne njedul sing jenenge “Konspirasi Jahat”. merga TRESNA wis gathuk karo karep lan pepinginan lan uga dibumboni lara ati utawa denddam, mula apa wae panjaluk’e “katresnan” kuwi mesti dilakoni.

Prabu Herodes nandang TRESNA marang sing dudu sisihane, mula nglakoni sesideman. Banjur dielikne,sadhar. Ananging pihak sing wadon ora trima, lan ngrumati lara ati. Merga lara ati, mula nunggu kalodangan kanggo menehi piwales. Ndilalah “momentum” kuwi ana, mula njur disuntak kabeh tatuning ati kang lara. Mareming ati kang lara kuwi ora ngelingi apa wae, malah sanadyan kuwi natoni lan malah kepara mateni liyan. Kuwi kang klakon. Herodes ora isa suwala,merga ya isin, kudu nuruti penjaluk’e “ ka-TRESNA-n sing ora manggon ing papane,lan korbane liyan, yakuwi sirahe Yokanan. TRESNA kang salah papan isa marakne kahanan kang NGGEGIRISI.

“ Lik, wingi Yu Trinil sambat, jare sampeyan bar adol wedus, ananging pepayone ora sepiroha, apa bener Lik?” Dalijo nakoni bapakne cilik Ndoleng bab duwit dol-dolane Wedus.
“Jare rega wedus lagi ambruk kok Jo..rapayu babar blas..” Semaure Lik Ndoleng anyep njekut.
“Wah, yen ngono ya kudu blaka ta Lik, kudu blak kotang terusna dewe..hehe..” Semaure Dalijo, ngajak gojek Lik Ndoleng.
“Ya kowe kuwi, jelasna. Wong sing diwaduli sliramu, ora sambat karo aku, nalika tak kek’I duwit kuwi lan takjelaske ya mung mesam-mesem wae…”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Oiya Lik, kok wingi Yu Wasti mipik mas-masan ya, apa lagi bebathen anggone bakul gede ya? Kamangka  kang Markun ya sambat sepi..” Nduk I’in melu nyoal-nyael,sinambi ndondomi kathok sing kulino nggo badminton bojone.
“Weh, yarasah sirik In, aja ndakwa ora-ora marang aku. Kok aku bar adol wedus, duwite kurang takkekne bojoku,njur kowe ngomong yen Wasti mipik..!!”Sajak nesu Lik Ndoleng nerangake.
“Weh, kok sampeyan nesu Lik? Hayo..aja-aja ..hmm..aja-aja…”Nduk I’in sajak nunggu wangsulane Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng sansaya mbranang praienane.
“Genah iki..mesti diunthit, nggo nukokne mas-masan Yu Wasti..” Mak jederr, Dalijo muni, lan kuwi ndadekne Lik Ndoleng sansaya abang raine..


Simbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH