Senin, 27 Januari 2020

NGENYANG (2)


Senen Pahing 27 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

DALIJO ANGON


Para Hakim 6:11-24
Jabur 27:7-14
Markus 5:1-20
Paduka mugi sampun ngantos tindak saking ngriki saderengipun kawula wangsul sowan mbekta pisungsung kawula saking griya sarta kawula ladosaken wonten ing ngarsa Paduka.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Iya, Ingsun bakal ngentosi nganti ing sabalinira.” Para Hakim 6:18

Tumrape wong Jawa, apa meneh para ibu, bab NGENYANG utawa nyang-nyangan kuwi dudu perkara sing aneh, merga bab kuwi wis kaya dadi hoby lan  bakate. Ing tulisan iki, jejere pada karo BENINGE EMBUN ESUK tanggal 26 September 2018 ( KLIK IKI), ananging beda fokus. NGENYANG kuwi padha karo nego sing tegese ngupayakne supaya klakon manut karepe. Dene bab NGENYANG kuwi biasane ana ing donyane para bakul, merga ngupaya rega supaya entuk sing sakmurah-murahe lan sakmengkone ngedol sing sak larang-larange. NGENYANG kuwi sejatine proses sing apik, merga nggolek kesepakatan, ananging ing jaman saiki, NGENYANG kuwi isa dadi srana ngendani timbalan ayahan lan tanggung jawabe urip.

Neng Kitab Suci akeh crita bab NGENYANG utawa nyang-nyangan, salah sijine ing kitab Para Hakim 6. Ing kana dicritakne kepriya anggone Malaekate Sang Yehuwah ngrawuhi Gideon. Dene ancase ngrawuhi kuwi ya arep nimbali lan ngutus Gideon, ora mung arep dolan lan udud karo ngopi. Ananging Gideon ora langsung nampa timbalan kuwi, wis nganggo gaya wong jaman saiki, mbudidaya endha. Merga Gideon sajak meh endha, mulane Malaekat mau ngrayu, supaya Gideon gelem. Lan sakbanjure Gideon NGENYANG, nyuwun pratanda karo Malaekate Sang Yehuwah, tujuane supaya luwih mantep. Merga Sang Yehuwah nduweni “proyek” nylametake bangsa ngisraell, mula ya nyaguhi apa sing disuwun Gideon. Sakbanjure apa sing dadi penyuwune Gideon. Merga panyuwune disaguhi, mula ya Gideon ora isa endha lan sakbanjure siap nampa timbalane Sang Yehuwah.

DALANE BERKAH


Ing jaman saiki, Gusti Allah ya tetep nimbali sapa wae kanggo makarya jumbuh karo apa sing dibutuhake. Ananging emane, akeh sing ora nate dong bab timbalan kuwi. Bener yen crita Kitab Suci kuwi ana Malaekate Sang Yehuwah rawuh, lan manut “Narasine” Kitab Suci jian awujud nyata tenan, ning bab kasunyatane mbuh, isa wae kuwi pratelan kapercayane wong-wong jamane Gideon, njur ditulis dadi kaya sing saiki ana. Ing jaman saiki, wujud’e Malaekat kuwi isa memba apa wae. Isa awujud bab kemlaratan, kesrakatan, bencana alam, panindes,lan sakbanjure. Kabeh kuwi sejatine wujud rawuhw “Malaekate” Gusti.

Emane, ing jaman saiki, aja meneh NGENYANG timbalane Gusti, lha wong pana marang kerawuhane Gusti wae angele ngeram. Saiki akeh sing ora nggatekne prantandaning alam,ora seneng ngrasakne obah-osiking kahannan, mula ya arang sing isa mangerteni kerawuhane Gusti lan uga arang sing isa netepi kersane Gusti. Saiki sing meh pada karo Gideon meng bab seneng lan wasise anggone padha NGENYANG marang timbalane Gusti.

“Lek, dijak nggawe angkringan neng teras greja, ngiras-ngirus kanggo kegiatan cah pemuda. Mula kabeh dijaluki urunane “, Dalijo mbukak rembugan nalika sore kuwi pas udan ngecih pada jejagongan neng Lincak.
“Haiyah, kok ana-ana wae, kakean ayahan. Apa isa klakon ide kuwi?” Semaure Lik Ndoleng sinambi nglepus tujuneme.
“Hmm..mesti iki alesanmu Lik, mung wegah melu cawe-cawe wae ndadak kokean rembug..”Nduk I’in njedul seka pawon , sinambi nggawa jadhah goring turahan leh’e rewang tanggane Kang Markun.
“Weh ora bab kuwi In, ning kan kabeh kudu dipikirke..”Lik Ndoleng jik ngeyel.
“Cen watakmu kuwi kaya Blantik Lik, pinter yen kon NGENYANG. Kamangka jan-jane ya wegah cawe-cawe..”Dalijo sajak kepancing emoisine.
“Ra isin karo Yu Wasti, sing jik ngragati cah kuliah loro, ning melu urun ben lancar programe..mula mbiyen Yu Wasti wegah kang, wong paklik pelite ngeram..” Nduk I’in nyawara sinambi  mbalik neng pawon.
“Wedussss….asem kecut gula legiii..mesti kecemes kaya mengkene…”Batine LIk Ndoleng misuh-misuh, merga meh muni wedi di kartu kuning para pamaos BENINGE EMBUN ESUK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH