Jumat, 17 Januari 2020

WONGROLAS


Jemuah Pahing 17 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 27:30-38
Jabur 40:1-11
Markus 3:13-19
Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane. Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil” Markus 3:13-14

Ana WONGROLAS kang tinimbalan dening Gusti Yesus, kanggo ngrewangi Gusti Yesus ngayahi pakaryane. Bab kenganpa mung WONGROLAS , kok ora ditambahi apa disuda,kuwi satuspersen dadi “otoritase” Gusti Yesus. Sing baku, critane Kitab Suci bab sapa sing katimbalan kanggo makarya mirunggan karo Gusti Yesus kuwi mung WONGROLAS. Dene WONGROLAS kuwi wae, karo kabeh kitab Injil ora dicritakne apa wae kang ditindakne, sanadyan ana neng Injil Markus, kabeh tinimbalan kanggo makarya, sing salah sijine nundungi demit.

Saka WONGROLAS sing ditimbali dening Gusti Yesus, ana pasinaon-pasinaon apik sing isa dadi obor tumrap urip ing jaman saiki. Nalika ing jaman saiki akeh sing seneng dialem, ana sing pamer bab apa wae, seneng tampil lan disubya-subya, seneng pada “poto selpi”, njur dipajang neng hape, crita WONGROLAS sing ditimbali Gusti isa dadi kaca benggalaning urip. Saka WONGROLAS kang ditimbali kuwi ora kabeh pakaryane ditampilke, dicritakne dening Kitab suci. Sing dicritakake dening Kitab Suci paling ya mung Petrus, Andreas, Yakobus, Yohanes, Filipus, Natanael lan Thomas, kuwi wae mung sakcuil. Ananging sanadyan ora dipopulerke dening Kitab Suci, sanyatane mung Yudas saka Iskaryot wae sing mbalela,sing bedigasan uripe. Dene liyane tetp mempeng makarya, sanadyan ora dialem lan ditampilake.

Mbalik ing jaman saiki. Ing jaman saiki akeh sing gelemm,malah kepara seneng jenenge disebutake ana neng daftar panitia lan apa wae, ananging ora gelem makarya babarblas. Akeh sing mung senenge ditampilake bab pakaryane. Akeh sing senenge dialem,disubya-subya. Ketok’e mono iklas lan murwat apa sing dilakoni, ananging akeh sing kuwi mung merga ben terkenal, ben katon sing makarya. Lho, apa luput kuwi kabeh? Hora, ananging nuladha para murid’e Gusti Yesus sing WONGROLAS, ananging hora kabeh pakaryane dicathet neng Kitab Suci kuwi ya apik. Mulane, sing penting aja bab dialem lan dadi terkenal utawa populer, ananging ayo makarya jumbuh karo apa kang dadi peparinge Gusti Yesus, kaya para murid sing tetep makarya sanadyan ora cinathet neng Kitab Suci.

“Lho, Jo, jare dirimu melu dadi panitia bakti sosial, lha kok arang jenengmu disebut? Kamangka saben nyambut gawe ya ora nate leren..” Lik Ndoleng esuk kuwi sinambi ngopi, nakokne kridhane Dalijo neng panitia Baksos, sing kayane arang di-aplot potone.
“Niatku makarya kok Lik, ora arep nggolek populer..”Semuare Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, lha penakmen sing mung pota-poto wae, ananging ora mbutgawe?” Lik Ndoleng sajak esmosi.
“Haiyahh..sampeyan kuwi maido sampeyan dewe ya Lik?Lha wong kereb dadi panitia, seneng jenenge disebut nalika acara-acara, nanging babarblas ratahu makarya..”Nduk I’in nyoal-nyael, sinambi metu nggawa kumbahan sing meh dipepe, mumpung ana panas.
“Lha kuwi bener kandane I’in Lik, sampeyan yen didapuk makarya,ya makarya, ajamung seneng jenenge tinulis ananging blas gah makarya.  Nuladha’a WONGROLAS sing dadi murid’e Gusti Yesus kae, ora kabeh dicritakne, ananging tetep makarya.” Dalijo njlentrehne critane Kitab Suci, dene Lik Ndoleng mung ngukuri sirah’e sing rambute mung kari 13 ler..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH