Kemis
Pon 23 Januari 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 1:1-20
Jabur
27:1-6
Markus
4:1-25
“Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining
sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa
ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak
jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng
Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading
panyukur”. 1 Samuel 1:11
NAZAR kuwi sejatine tegese padha karo
janji, mung bedane ana pangerten yen tembung NAZAR kuwi janji sing ana
gegayutane karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kuwi kabeh kayane pangerten kang
urip lan diyakini ana ing alam pikire menungsa, kanthi tekan ing dina iki. Kamangka
sing diarani janji kuwi ya mesti ana gandeng-cenenge karo Sing Akarya Jagad. Mbalik
neng tembung NAZAR, kuwi racak’e
digunakne menungsa nalika dirasa ana gegayutane langsung karo Gusti lan uga
nalika nembe ngadepi kahanansing abot lan ora tinemu nalar.
Ing Kitab Suci ana crita bab istilah
NAZAR, yakuwi ana neng crita bab lahire nabi Samuel. Nalika iku kanjeng ibu
Hana sing dadi bojone rama Elkana, urip bebrayan bareng karo marune, sing
jenenge Penina..(mendah yen ana ing jaman saiki lan dilakoni dening warga
pasamuan, mesti gonjang-ganjing..hehe). Ibu Penina nduwe anak, dene ibu Hana
ora, mula kuwi kerep dadi lantaran pamoyok lan ndadekne atine ibu Hana
ngrasakne lara lan perih. Ing kahanan kaya mengkene iki, ibu Hana ora tumindak
ala, ora males ala marang marune, malah sansaya sengkut anggone
ndedonga,anggone nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Malah saking “seriuse”
ndonga malah nganti diarani mabuk karo imam Eli..(ssstt..dudu eli sing kae lho
ya..).
Awit saka rasa sing perih lan abot lan
uga awit saka PERCAYANE marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, ibu Hana banjur
nglairake NAZAR, nyenyuwun marang Gusti bebarengan karo janji lan kuwi dilakoni
ing sakjroning pandonga.
Dadi NAZAR kuwi dudu perkara
sembarangan sing isa dinggo dolanan. NAZAR kuwi kalair merga kapercayan sing
kandhel, dudu merga mutung ngadepi kahanan, NAZAR kuwi klakon awit pasrah
sumarah sing total, ora mung setengah-setengah. Lan ibu Hana nglairake NAZAR ya
ora merga nyoba Gusti Allah, ananging yakin mbolokin yen mesti bakal
kasembadan. Lan ing pungkasane, kabeh padha ngerta ta, yen NAZAR saka ibu Hana
klakon? Diparing anak lan uga dipasrahne marang Gusti ben dadi Abdining Allah
sakdawane uripe.
Saka crita iki, ayo padha methik
pasinaon kang becik bab ndedonga, bab nyenyuwun. Aja padha sembrana yen
nyenyuwun marang Gusti, yen nyenyuwun kudu yakin, kudu 100 persen percaya lan
sing penting yen padha nglairake NAZAR, cukup ing atine dewe-dewe. Uga sing
dadi perkara sing sejatine dadi “poin utama” renungan iki yakuwi, yen wis NAZAR
aja padha diblenjani, sanadyan ora ana menungsa liyane sing ngerti. Eling!!
NAZAR kuwi karo Gusti, mula Gusti mesti pirsa.
“Jo, kok panenanmu gedhang sing apik
kae kabeh mbok pisungsungke ta? Apa ora eman?” Takone Lik Ndoleng marang
Dalijo, pas neng Lincak wedangan, merga jarene rendheng malah ora udan.
“Kuwi wis dadi janjining atiku kok Lik,
yen kabeh panenan gedhang ing tahun iki tak pisungsungke” Semaure Dalijo
sinambi klepas-klepus karo djarumsupere.
“Kaya sugih-sugiha Jo, nggayamu ngeram.
Pengen dialem sapa sliramu kuwi? Lha wong Tarsi wae wis digondhol mbutha…”Lik
Ndoleng sajak ora kepranan, mbuh merga ora isa pisungsung apa pas lagi butheg
pikire.
“Haiyahh…padune ora isa kaya Kang Dal
wae kok malah moyoki Lik..yen Kang Dal kuwi iklas, ora kaya sampeyan, angger
tumindak apik mung ben diesemi Yu Wasti. Kuwi ora tulus..” Nduk I’in mleu karo
nggawa klambi sing wis garing lan uga nggacar Lik Ndoleng.
“Duss..kenek meneh cahh…hmm” Batine Lik
ndoleng rada nesu, merga arep muni ngko diarani
misuh lan isa diamuk sing padha maca tulisan iki.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar