Senin, 20 Januari 2020

CEMPE

BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 12:1-13
Jabur 40:6-17
Markus 3:22-30
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun ana ing tanah Mesir: “Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitane sakehing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira. Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.
”Pangentasan 12:1-3

CEMPE kuwi anak wedus, utawa wedus junior. Yen diaji, ajine CEMPE kuwi mesti luwih murah tinimbang Wedus. Ananging sanadyan mengkono, ana crita neng Kitab Suci sing mapanke CEMPE kuwi luwih nduweni pengaji tinimbang Wedus. Kuwi crita ana ing Kitab Pangentasan, nalika Gusti Allah nimbali nabi Musa lan Harun kanggo netepi ayahan pakaryan ngluwari bangsa ngisrael saka panindes ing Mesir. Neng Kitab Pangentasan kuwi dicritakne kudu kepiye pagawean sing kudu dilakoni nabi Musa lan Imam harun, supaya ndawuhi para wong ngisrael nyawiske CEMPE siji, kanggo srana manembah.

Anggone Gusti ndawuhi nabi Musa lan Imam Harun supaya nyawisake CEMPE kuwi nduweni ancas utawa tujuan, supaya ngenerake urip mung marang Gusti Allah. CEMPE kuwi  isa dadi gegambaran “bandha”, lan nalika para wong ngisrael dinawuhan nyawiske CEMPE lan kuwi supaya didadekne pisungsung, kuwi dadi gegambaran kaya ngapa patrape urip para wong ngisrael. Nalika gelem nyawiske CEMPE lan dikorbanake, kuwi tegese ora mung manut karo dhawuhe Gusti, ananging uga percaya yen ajine dhawuhe Gusti luih gede tinimbang ajine CEMPE. Bab iki sing isa dadi kaca benggalaning urip ing jaman saiki, apa ya isa kaya wong ngisrael ing jamane nabi Musa lan Imam Harus, isa mapanake Gusti luwih aji tinimbang badha kadonyan.

Yen disawang lan dirasakne, ing jaman saiki akeh wong sing luwih gemati lan tresna karo bandha tinimbang karo Gusti lan dhawuh-dhawuhe. Ing jaman saiki akeh sing mung pada lamis, owel masrahkke “CEMPE”ne kanggo srana manembah. Yen bab rembugan, kayane iyak-iyak’a, ananging yen bab tumandhang gawe, biyuh angele ngeram, luwih gampang njabut jenggote singo neng alas aprika.

“Lik, wis nulis kesanggupan iman kanggo ndandani ruang sekolah minggu?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
Sik Jo, tak nunggu wangsit. Nunggu pambisik’e Sang Roh Suci sik..”Semaure Lik Ndoleng nalika ditakoni Dalijo bab kesanggeman melu ngrenovasi ruang sekolah minggu.
“Mumpung iki bendaharane Yu Wasti Lik, ndang buktekne iman sampeyan..”Dalijo sajak njarag Lik Ndoleng.
“Iyo Lik,saiki bendaharane Yu Wasti lho, pora isin yen mung ringpuluhewu..kang Markun wae rongyuta..”Nduk I’in melu manas-manasi Lik Ndoleng.
“Dusss..iki malah pada mancing-mancing aku cahhh…” Lik Ndoleng mbesengut lan kayane nggedumel.
“Paribasan iki kaya critane mbahe, iki kaya dhawuhe Gusti marang nabi Musa, supaya wong ngisrael nyawisi CEMPE kanggo srana manembah, mula ndang urun Lik..”Jlentrehe Dalijo, dene Lik Ndoleng mung kethop-kethop sajak mikir sing jeruuu banget..

Simbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH