Sabtu, 18 Januari 2020

NGETUTAKE

Setu Pon 18 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK
NGETUTAKE

1 Para Raja 19:19-21
Jabur 40:1-11
Markus 16:15-18
“Elisa nuli bali saka ing ngarsane Nabi Elia, banjur njupuk sapi rakitane mau, kasembeleh lan daginge kaolah nganggo kayu abah-abahane sapi mau; daging iku tumuli kaedum-edum marang para wonge, sawuse mangkono nuli padha mangan. Salebare mangan Elisa tata-tata sarta banjur ndherek Nabi Elia dadi abdine.” 1 Para Raja 19:21

NGETUTAKE kuwi rinasa mayar nalika mung sinebut, annaging yen nglakoni sing sakmestine, angele ngeram. Yen ora percaya, njajal wae takon marang sing nate melu acarane bocah-bocah sekolah minggu, nalika ana permainan, njur dikon ngetutake utawa nirokake apa sing dadi polah tingkahe pemimpin. Mesti ora sithik sing njur ora padha karo gerakan-gerakane sing dadi panutuan. Ananging sanadyan angel NGETUTAKE, ya ora sithik wong sing senengane mung ngetutake wae, wegah kreatif nduwe ide dewe.

Bab NGETUTAKE kuwi nate dicritakne dening Kitab Suci, pernahe ana ing Kitab 1 Para Raja 19 ayat 19-21. Neng crita kuwi dijlentrehake kepriye larah-larahe Elisa isa NGETUTAKE nabi Elia. Nalika kuwi eelisa nembe nyambut gawe, yakuwi mluku. Ing saktengahe makarya (mluku) kuwi njur liwat nabi Elia, njur nguncalake jubahe ana neng cedak’e Elisa. Bab nguncalake jubbah kuwi dipahami dening Elisa minangka pralambang pangajak, mula ya Elisa njur cekat-ceket arep NGETUTAKE nabi Elia. Sakdurunge NGETUTAKE nabi Elia, Elisa matur merga arep “pamit” marang wongtuwane lan kuwi kapirsan apik dening nabi Elia. Sakwise entuk ijin saka nabi Elia, Elisa njur mlayu mulih, mbeleh sapi sing kanggo mluku, didum-dum karo tangga teparone lan banjur NGETUTAKE nabi Elia.

Saka crita kuwi ana pasinaon apik bab urip lan nderek Gusti. Sepisan, kudu isa maca pasemone Gusti sing saben wayah tansah wira-wiri ana ing uripe dewe, kaya dene nabi Elia nguncalke jubbah marang Elisa. Sing nomer lorone, kudu taren lan antuk ijin saka brayat. Iki penting banget, lan merga penting mula greja ya nggunakne mekanisme iki sakdurunge NGETUTAKE Gusti. Dene kaping telune, apa wae sing nate dilakoni sakdurunge NGETUTAKE Gusti, didadekne pisungsung lan diedum kanggo liyan. Iki sing kayane ing jaman saiki rada angel ,merga ora okeh sing gelem “ngedol” barang darbekne, njur diedum marang liyan. Saiki akeh-akehe yen arep NGETUTAKE Gusti, mikir untung lan rugine, kabeh dietung kaya blantik neng pasar.

“In, kok tumben-tumbenan, paklik gelem didadekne ketua panitia sidang Klasis?” Takone Dalijo neng dulure wedok, I’in.
“Weh, aja sidaksingkoro Jo, kuwi merga aku wis “lahir Baru”, ora kaya sliramu sing jik medit bin pelit bab pelayanan” semaure Lik Ndoleng, sing ujug-ujug njedul seka pawon karo klepas-klepus udud klobot, merga tanggal tuwek.
“Haiyahh…sok-sok’an alesan lahir baru, wong kuwi ya mergane Yu Wasti dadi sekretaris we..
sugal Nduk I’in olehe menehi katrangan marang Dalijo.
“Badalaaa..jebule ana urang neng njero glepung…kiraku tulus iklas Lik…hmmm..raedak ya merga Yu Wasti. Mikirku sampeyan siyap NGETUTAKE Gusti, makarya leladi,jebule kabeh mung merga Yu Wasti…”Dalijo nyemprot Lik Ndoleng ora karuwan, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Pitak wareg nyedot getihe Sapi.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH