Rabu, 29 Januari 2020

DONGA


Rebo Wage 29 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 49:1-2,8-13,21-26
Jabur 27:7-14
Markus 6:1-6
Berkahe bapakmu iku ngungkuli berkahe gunung-gunung wiwit jaman biyen, yaiku kang luwih dening ngresepake ana ing tengger-tengger kang wus pirang-pirang abad anane; kabeh mau bakal tumurun ana ing sirahe Yusuf, ing embun-embunane wong kang linuwih ana ing antarane para sadulure.” Purwaning Dumadi 49:26

DONGA, kuwi gawean sing mayar, merga ora ndadak ngetokne kringet. DONGA kuwi ya klebu gawean sing disenengi sapa wae, merga penemune DONGA kuwi ya prantelan penjaluk utawa panyuwun. DONGA kuwi mayar, merga ora modal apa-apa, ora ndadak sinau tekan estelu merga ora ana aturan sing gumathok bab DONGA. Merga saka andharan ing nduwur, bab DONGA kuwi kerep rada disepelekne, lan kuwi ndadekne DONGA kuwi ya mung kaya proposal marang Sing Akarya Jagad. Tur meneh, DONGA kuwi racak’e mung kanggo awake dewe, arang sing kanggo liyan. Lho apa kleru yen DONGA kuwi kanggo awake dewe, kanggo brayate? Ora, ora ana sing Luput, sing salah, mung wae apa kabeh adedasar ati sing golong-gilig, kuwi sing angel titik’ane. BENINGE EMBUN ESUK dina iki, Rebo Wage sangalikur Januari rongewurongpuluh,  ngajak sapa wae sing maca renungan iki sinau bab DONGA saka tokoh Kitab Suci, yakuwi Rama Yakub.

Sakwise ngrasa wis sansaya sepuh lan sadhar kahanane ora suwi meneh, Rama Yakub ninbali kabeh para putrane. Merga tradisi Kitab Suci kuwi patriakhal, mula sing digatekne ya mung sing lanang. Bubar ditimbali, njur padha nglumpuk,linggih sedeku lan antenge ngeram, ora ana sing WA-nan, ora ana sing ngenthut, ora ana sing kesak-klesik, banjur Rama Yakub mratelakake “pameca” utawa DONGA marang Gusti Allah kanggo para putra-putrane. Awit minangka rama utawa bapak apal marang plageane para putrane, mula isining DONGA ya cundhuk karo kahanane para putra. Mula DONGA rama Yakub ya cetha, ora ngrambyang ora karuwan. Seka Ruben tekan Benyamin nampa DONGA saka wong tuwa kanthi cetha.

DONGA kang cetha saka rama Yakub dadi gambaran yen minangka wong tua, rama Yakub nggatekne lan gemati marang para putrane, saking nggatekne lan gematine nganthi pirsa bakat lan kaluwihane siji lan sijine para ptra. Merga pirsa kanthi taliti,mula anggone atur DONGA marang Gusti ya ora sakanggere, tumata lan tinata kanthi apik lan pas. Bab iki isa dadi pasinaon tumrap sing maca tulisan iki, mbuh kuwi minangka wong tuwa apa minangka anak. Minangka wong tua ya nuladha’a tumindake rama Yakub lan minangka anak ya nuladhaa patrab pambangun turut kaya aputra-putrane rama Yakub.



DONGA kuwi ora mung kwajiban, dudu patut-patute miangka wong sing ngugemi agama, dudu mung “proposal” panjaluk, ananging luwih jero maknane. DONGA kuwi urip, lan merga urip mulane DONGA ya kudu urup. DONGA sing kaungelake rama Yakub kuwi ndadekne “masa depan” para putrane ginambar cetha, mula tumrap para wong tua, apa anggone atur DONGA kanggo para putra wis cetha apa mung nggrambyang ora jelas merga ora paham karo kahanane anak-anak’e? Mung para maos sing pirsa.

“Ngko bengi ayo ndonga bebarengan Lik…kanggo para sedulur kabeh..”Pangajekae Dalijo marang Lik Ndoleng sore kuwi.
“Arep atur DONGA wae ndadak ajak-ajak, apa ora isa dewe, kuwi isa diarani pamer Jo..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nglinthing udud’e, merga tanggal tuwa, sanadyan mung pengsiunan lan nyambi nggarap sawah tegal, ya melu-melu nggaya tanggal tuwek.
“Haiyah, padune wegah wae kokean alesan Lik..mbok blaka wae ragelem. Ngono malah apik, nuladhani jujur..!!”Kaya biasane, I’in njedul lan nyemes rembug Lik Ndoleng.
“Hmmm..mesti ngono ponakan wedok siji iki..ndladuggg!!” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni wedi diarani misuh..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH