Minggu, 19 Januari 2020

MADHANGI

Minggu Wage 19 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 49:1-7
Jabur 40:1-11
1 Korintus 1:1-9
Yokanan 1:29-42
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.” Yesaya 49:6

Tembung MADHANGI kuwi isa ngemu ronga arti nalika rinungu, ananging yen tembung kuwi diwaca, isa luwih jelas apa arti utawa tegese. MADHANGI kuwi yen rinungu isa nduweni arti “marakne madhang” wong liya. Sakliyane luwi isa nduweni arti ndadekne kahanan isa padhang. Lha ing dina iki, minggu tanggal 19 Januari 2020, BENINGE EMBU ESUK arep crita bab timbalan kanggo dadi pepadhang utawa MADHANGI liyan,utawa bangsa liya, ora mung kanggo sing cedak wae.

Pangandikane Gusti ana ing Kitab Yesaya menehi piwulang marang sapa wae, klebu sing pada maca tulisan iki, sanadyan papan panggonane ya neng ngendi-endi papan. Dene piwulange kuwi nyadharake sapa wae, supaya  eling yen sejatine timbalan kuwi ora mung kanggo MADHANGI sing cedak utawa sing disenengi, ananging kanggo MADHANGI sapa wae ing sakindenge jagad iki. Kuwi manut apa sing tinulis neng Kitab Yesaya bab 49 ayat 6, yen Gusti nimbali sapa wae sing gelem ditimbali kanggo MADHANGI para bangsa kabeh.

Iki isa dadi pepeling tumrap sapa wae sing jik nduweni pengerten yen timbalane kuwi mung kanggo kelompoke dewe, grejane dewe lan golongane dewe. Pangandikane Gusti kuwi cetha wela-wela, tinimbalan supaya dadi pepadhang tumrap para bangsa. Pancen ora gampang,ananging kuwi kersa lan dhawuhe Gusti. Yesaya ngrespon timbalan kuwi kanthi legawa, dene tumrap wong ing jaman saiki, sumangga dirasakne lan diakoni, apa yawis nuladha nabi Yesaya, makarya kanggo para bangsa, ora mung kanggo kelompoke dewe-dewe.

“Jo, aku kok ora patio mathug yen greja nganaake program kanggo nyambangi panti asuhan lan panti wredha..ngentek-entekne anggaran wae..” Sore kuwi Lik Ndoleng nguda rasa bab rencana greja ngembangake luasan pelayanane.
“Lha kuwi kan malah apik ta Lik, kuwi nandakne yen greja ora mung MADHANGI pasamuan, ananging uga tumrap liyan..”Semaure Dalijo.
“Lha sampeyan kuwi kok ya aneh ta Lik…wong ya urun pisungsung wae ora, iyo’a ya mung sithik, lha kok ndadak nggaya melu ngreridu programe greja..” Nduk I’in kaya padatan, njedul lan nyemes Lik Ndoleng.
“Asem kowe kui In..kok kabeh kridhaku mbok ngerteni…ya olehku ngene iki kan ben diarani aku peduli greja..hehe” Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi klepas-klepus karo udud klobote.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH