Selasa, 21 Januari 2020

BRAYAT


Selasa Legi 21Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 53 :1-12
Jabur 40:6-17
Markus 3:31-35
Kacarita ingkang ibu lan para sadhereke padha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonan ngaturi Panjenengane. Panjenengane lagi lenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong iku padha matur: “Lah punika ingkang ibu sarta para sadherek paduka wonten ing jawi, sami badhe pinanggih kaliyan Paduka.”Paring wangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lan sadulur-dulurKu?” Panjenengane mirsani wong-wong kang padha linggih ngupengi Panjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu! Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”

Sing diarani BRAYAT kuwi sapa wae sing ana sesambungan, lan biasane sesambungane bab trah utawa sesambungan getih utawa “Trah”, Turun Sing Pada Rah. Mulane pokok BRAYAT kuwi ana bapak,ibu lan anak-anak. Kuwi isa babar tumangkar, isa dadi putu,ponakan,simbah,pakde bude paklik lan bulik,lan kabeh kuwi dadi BRAYAT merga ana sing nyambungke utawa ana pangiket, yakuwi “Trah” utawa sesambungan getih. Amarga “perkembangan jaman” mula BRAYAT utawa isa uga diarani sedulur, kuwi ora mung merga sinambung rah utawa getih, uga isa merga ana sing  padha. Padha senengane,padha kapercayane mula njur ana istilah sedurung ing patunggilan, ana uga sedulur utawa BRAYAT kuwi merga tangga cedak,mula dadi sedulur lan sakbanjure.

Crita bab sedulur utawa BRAYAT nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus. Cethane ana ing Injil Markus ban 3, neng kana dicritakne nalika ana wong sing padha matur yen kanjeng ibu lan para sedereke Gusti Yesus (kayane adine), pada teka. Sakwise teka njur ngadeg lan njaluk tulung pawongan dikon matur marang Gusti Yesus. Ana ing pikirane sing matur mesti sing bakalan klakon Gusti enggal-enggal ngrespon lan methuki ibu lan sederek’e. Ananging sing klakon beda, merga Gusti Yesus malah ngendika yen sing dadi BRAYATE kuwi ora sing mung kaiket dening Rah utawa Getih, ananging sing sapa nglakoni apa wae Dhawuh Pangandikane Gusti
Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”
Cetha wela-wela yen Gusti ora mung ngakoni BRAYAT marang sing ana sesambungan Getih utawa Rah, ananging SAPA WAE sing nglakoni pangandikane,kuwi BRAYAT’e Gusti. Mula saka kuwi, iki becik kanggo kaca pangilon tumrap sapa wae, klebu sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, ayo pada dieling lan sadhar, menawa sing kinaranan BRAYAT’e Gusti kuwi ora sing ana garis trah,  ora sing kalunge salib, ora mung sing ketok sregep neng nggreja, sing sithik-sithik Puji Tuhan,sithik-sithik Syaloom lan sakpanunggalane, lan kuwi mung winates ing tembung, dene tumindak’e babar blas ora jumbuh karo dhawuhe Gusti. Sregep neng nggreja ananging jik nesunan lan pelite ngeram, sregep ngomong puji Tuhan lan saben kepethuk kanca muni syalooom serune ngeram, ananging ora gelem tetulung liyan, kuwi kabeh isa diarani dudu BRAYAT’e Gusti Yesus.

“Jo, apik endi antarane sregep neng nggreja ananging ora tahu tumindak apik karo ora tahu neng nggreja ananging sregep tumindak apik?” Sinambi nglepus Lik Ndoleng mbukak rembukan.
“Halllahhh, padune nggolek pembenaran wae, ndadak nakoni kang Dalijo..”Nduk I’in kaya padatan, njedul njur nyoal-nyael bab rembugan.
“Duss..aku ki tekok Dalijo, ora tekon dapuranmu In..!!!!!” Sajak nesu Lik Ndoleng marang I’in.
“Wangsulanku padha I’in Lik, kuwi padune sampeyan ben diarani bener ta? Wegah peduli liyan merga wis rumangsa sregep mangkat ngibadah, raketan teka ya mung turu. Yen manut penemuku, kabeh kudu dilakoni bebarengan, ngibadah minggu kuwi minangka “Perayaan Iman”, merga ngibadah kuwi ya urip padinan,ya nyambut gawe, momong brayat, urip nang masyarakat,kuwi kabeh ngibadah,lan minggu kuwi dipahargya..mula ora ana sing bener antarane ngibadah thok lan tumindak becik thok..” Wangsulane Dalijo cetha lan Lik Ndoleng manthuk-manthuk, mbuh dong apa malah keturon, lha wong udud’e nganti meh nylongot drijine..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH