Minggu, 12 Januari 2020

DUMDIL


Minggu Pahing 12 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK             



Yesaya 42 :1-9
Jabur 29
Para Rasul 10:34-43
Matius 3:13-17
Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.” Para Rasul 10:42

DUMDIL, kuwi seka rong tembungm yakuwi Andum sing Adil. Kayane mayar yen mung nyawang apadene maca, ananging yen nindakne, biyuh angele ora njamak. Dene sing kudu diDUM klawan aDIL kuwi oramung winates ing barang kang isa dipilah-piah, awit sing kudu di DUMDIL kuwi apa wae. Kuwi isa perhatian, kabar,piwulang lan sakpanunggalane. Dene sing marakne angel nindakne pagawean DUMDIL kuwi, ya merga rasa serik lan males kang isa ngwasani uripe menungsa. Merga serik karo Liyan, mula wegah andum kabar apik. Merga ego-ne dhuwur, mula nalika nampa kahanan utawa berkah sing enak, ya wegah ngedum karo liyan.

Ana piwulang apik saka Kitab Suci bab DUMDIL, yakuwi ana ing Para Rasul 10. Ing kana dicritakne kaya ngapa semangate Rasul Petrus ngedum sing adil bab kabar bungah seka Kitab Suci bab Gusti Yesus. Iki sejatine “prestasi joss” tumrap Rasul Petrus, merga sakdurunge Paska, dewekne mikir yen Sang Mesih, Gusti Yesus kuwi mung kanggo bangsa Yahudi. Ananging bubar lelakon paskah neng Yerusalem, Rasul Petrus binuka pangertene bab Gusti Yesus lan kabar kabungan sing kudu di DUMDIL marang sakehe para bangsa ing sakindenging jagad.

Saka piwulang Kitab Suci ing dina iki, ayo pada nyawang awak’e dewe-dewe, istilahe “instrospeksi”, apa yawis tumindak DUMDIL marang liyan ing kabeh kahanan sing kudune di DUMDIL kuwi. Yen pada gelem jujur, jik akeh sing jik tumindak mung gumantung senenge atine, yen ngepasi ora disenengi, aja meneh ngedum kabar, nyapa aruh wae angele oranjamak. Yen ing urip iki durung utawa wegah nindakne patuladan Kitab Suci bab DUMDIL, njur arep nuladha sapa urip iki? Mula saka kuwi, ayo enggal gage natal an nuladhai uripe Rasul Petrus, yakuwi siyap nindakne urip DUMDIL, andum sing adil bab kahanan sing apik.

“Lik, mbok aku nyuwun waipine” Sore kuwi Dalijo njaluk tetringan ben isa Weanan lan isa chating, mbuh mbek sapa.
“Wong kok senengane njalukan Joo..modall..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nutuli androite, arep nata hotspote.
“Biyuhh..mung dijaluki waifi wae rembug’e tik pedes temen Lik?” Takone Dalijo sajak piye ngono.
“Haiyahhh..apa ta iki..sore-sore bar madhang  kok malah kemruwek kaya jangkrik rayahan Lombok?” Nduk I’in njedul sinambi muni-muni lan kaya padatan, nggawa wedang.
“Dulurmu lanang kuwi In, njaluk’an..”Semaure Lik Ndoleng.
“Biyuhh..lagi pian thil iki njaluk wae tik sambatmu naru-ara ta Lik. Yawis rasah dibuka waipimu. Tak tuku data dewe wae..”Dalijo mak klebat lunga, arep tuku data.
“Sampeyan kuwi pancene kebangeten kok Lik, wong mung dijaluki waipi ponakaan wae kok sambate pol-polan. Kuwi ora becik Lik, kudu adil ing sakndengah kahanan. Urip iki ora mung dewe, ning butuh liyan.” Nduk I’in ngotbahi Lik Ndoleng sing plecak-plecek neng kursi cedak jendela.


Simbah”e



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH