Kamis, 30 Januari 2020

PATUT


Kemis Kliwon 30 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Pangandharing Toret 16:18-20
Jabur 15
Markus 6:7-13
Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci? Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine, kang ora nyebar pitenah kalawan ilate, sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane; kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase. Jabur 15

Saben wong diwasa mesti nate nglakoni apa kuwi sing diarani ngaca utawa ngilo, yakuwi mapan ana sakngarepe kaca pengilon, lan sakbanjure matut awak supaya rinasa luwih PATUT. Yen nalika ngilo kuwi ana sing sinawang ora PATUT, mesti ditata supaya dadi PATUT. Ngono kuwi tumrap wong diwasa meh dilakoni saben ndina. Nalika arep mangkat nyambut gawe, nalika arep jagong, nalika arep rapat lan sakpanunggalane. Sing ora matut awak neng ngarepe kaca pengilon mbokmenawa mung para kadang tani sing arep menyang sawah utawa tegale. Sing baku, gawean ngilo utawa ngaca kuwi meh kabeh wong nate nglakoni.

Kitab Suci uga isa dadi kaca pengilon tumrap sapa wae, klebu sing maca tulisan iki. Dene carane, yakuwi maca tulisan ing Kitab Suci, ngrasakne isine lan sakbanjure mapanke kahanane uripe, wis gathuk durung karo piwulang ing Kitab Suci apa durung. Kaya kang tinulis ing Jabur 15, ing kana isa dadi Kaca Pengilon tumrap sapa wae, merga ing kana dijelaske bab sapa sing PATUT manggon ana neng Tarube Gusti. Cetha  banget katrangane Juru Jabur, yen sing PATUT manggon ana neng Tarube Gusti kuwi sing lakune tanpa cacat (tetep diwaca “a” aja nganti diwaca “o” lho ya..hehe) lan lumaku adil, sing omongan lan lakune padha, sing jujur lan sakbanjure. Sakliyane sing sinebut ing Jabur 15, ora PATUT manggon ana ing Tarub’e Gusti.

CARANE SEHAT


Lha saiki lumantar BENING EMBUN ESUK, ayo padha ngaca, padha ngilo ana ing sakngarepe Jabur 15 kuwi, apa ya wis PATUT sowan lan manggon ana ing Tarub’e Gusti. Yen uwis ya sokur kamdulilah, yen durung ya enggal mranata lakuning urip supaya isa PATUT ana ing Tarube Gusti. Sing jik durung jujur, egois, seneng beselan, sing kemaki,sing nesunan, sing mutungan lan sing pelit, ayo enggal ndandani patraping urip, ben PATUT lumebu ing tarube Gusti.

“Wah, maca BENINGE EMBUN ESUK dina iki, aku dadi wedi  Jo..” Lik Ndoleng miwite rembugan sore kuwi.
“Lha wong kancane okeh lan jik awan kok wedi ta Lik?” Nduk I’in njedul lan langsung maido Lik Ndoleng.
“Dusss..iki ora bab memedi In, iki bab piwulange Gusti..” Semaure Lik Ndoleng sajak erosi.
“Haha..ngono wae nesu Lik..pukgering..”Nduk I’in mangsuli sareh.
“Lha apa ta Lik sing durung sampeyan lakoni?” Takone Dalijo.
“Aku rumangsa ora isa matur nuwun gek Jo, lali karo para guru sing nate mulang aku nalika esde,esempe lan esempe..kamangka lumantar beliau, aku isa dadi kaya ngene iki” Sambate Lik Ndoleng sajak melas.
“Rasah keweden Lik, sing luwih parah kaya sampeyan akih. Sing polahe ora PATUT  etungae poll okehe. Aja meneh karo guru sing wis tahunan suwene, lha anal ho sing mac atulisan iki sing nglalekne sejarah, kamangka durung suwe wektune..” Nduk I’in jik njlentrehne, dene Dalijo mung meneng wae.
“Iki malah pada ngrasani liyan, ora PATUT mlebu Tarube Gusti lho ya..”Dalijo muni sinambi ndudut djarum MLD sing sajak saiki dadi pilihane sing anyar..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH