Sabtu, 01 Februari 2020

NGASO


Setu Pahing 1 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Mikha 3:1-4
Jabur 15
Markus 6:30-34
Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhewe lan padha ngaso sadhela.” Amarga pancen akeh banget wong kang padha teka lunga, nganti mangan bae padha ora kober. Markus 6:31

NGASO, kuwi tegese sumene ora ngalkoni ayahan. Dene tujuane NGASO kuwi supaya kekuatane isa pulih lan isa ngayahi ayahan sakteruse kanthi luwih apik. Mula saka kuwi NGASO kuwi sejatine kebutuhan tumrap sapa wae sing makarya kanthi lumrah, merga yen ora lumrah isa beda kahanane. Ananging sanadyan perkara lumrah, NGASO isa dadi perkara ring ruwet lan ribet nalika kuwi gawean sing ana sesambungane karo uriping menungsa. Coba wae yen Rumah Sakit kae NGASO, kira-kira kaya ngapa sambate sing pada lara? Esti nggegeri ta? Sakliyane Rumah Sakit, ana uga gawean sing menawa sing nglakoni “NGASO” isa adi rerasanan. Lho apa kuwi? Takon wae neng nggreja njaman biyen, nalika ana pendeta NGASO lumantar cuti, mesti dadi rerasanan.


Bab kesel lan sakbanjure NGASO kuwi nate ditindakne dening Gusti Yesus. Kuwi ditulis ana neng Injil Markus 6. Ing kana dicritakne merga saking sayahe, mula Gusti Yesus ngajak para sekabate sumingkir sediluk, meh “cuti”, meh NGASO. Kuwi merga akahe gawean, akehe pakaryan sing kudu ditindakne Gusti. Lan nalika dirasa ana sing sansaya sudha, Gusti ngersakne NGASO,sumingkir sedela. Saka crita iki sejatine isa dijupuk pasinaon apik kanggo urip. Sepisan, sing jenenge kesel kuwi lumrah, mula ya mbutuhake NGASO. Apa wae gawean ana wektune kesel, mula yen tekan wektune NGASO, aja dipaido,malah yen ora nate NGASO, kudu disujanani, aja-aja gek kuwi malah ora jujur. Hehe.. Kapindho, merga NGASO kuwi kebutuhan, mula yen wis diparingi wektu kanggo NGASO, ya gunakna kanthi pas, aja malah dinggo nyambut gawe liyane. Iki sing kerep dilakoni ake h wong. NGASO saka gawean siji, malah mburu gawean liyane cikben ana”tambahan”, lan dadine ora ana gunane NGASO, merga ya tetep kesel lan pakaryane ora optimal.

Mula saka kuwi, saiki ayo padha nyadhari yen urip neng ndonya kuwi kudu saklumrahe. Yen ngrasakne kesel, ngaku wae supaya isa NGASO. Aja rumangsa kuwat nalika ora kuwat, aja njaluk dialem ananging ngrusak awak. Sakbanjure, ayo padha migunakne wektu NGASO sing sakmestine, cikben kabeh dadi luwih apik. Dieling ya, ingatase Gusti Yesus wae mbutuhake NGASO, mosok menungsa (klebu sing maca tulisan iki..hehe) ora rumangsa kesel lan mbutuhake NGASO? Mula yen lagi ana sing ngaso, aja dipoyoki, kuwi malah nuladha Gusti, ananging yen kokean NGASO ya kudu dipecuti, ben obah lan makaryo meneh.

“In, kok paklik raenek, ngandhi?” Esuk kuwi Dalijo nakoni I’in bab kahanane Lik Ndoleng.
“Mau bengi bar seka warung tuku udud, raine mbranang,kayane ora kepranan, njur pamit arep NGASO kang..” Semaure I’in.
“Hmmm…apa seka warunge Yu Wasti ya In?” Takone Dalijo.
“Palinga kang, wong tuku udud mung nggo alesan, ben isa nyawang lan njowal-njawil Yu wasti..” I’in sajak muni rada seru ben Lik Ndoleng neng kamar krungu.
“Weh, aja-aja gek mang mbengi yu Wasti ditunggoni kang Markun, njur Paklik nesu, rumangsa kesel lan pamit meh NGASO..jiann..” Dalijo mangsuli rembuge I’in.
“Dusss…!!! Esuk-esuk ngrasani wong tuwek..aku NGASO merga kesel cah…”Swarane Lik Ndoleng seka kamar.
“Wong ora nyambut gawe kok sajak kesel Lik? Kesel nggolek wektu njawil Yu Wasti ya? Hehe..wles lik..eslow..” Dalijo sajak sansaya jero olehe njarag.
“Basiyooo…ndladukk….kamprettt..” Batine Lik Ndoleng.

Simbahe..

2 komentar:

  1. Ngaso badan mungguhing badhan nikuw sare, tilem, slonjoran sinambi udud, tutorial Ngaso pikiran ing wayah ening nikuw sing radi awrat,....

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH