Jumat, 24 Januari 2020

TANDURAN


Jemuah Wage 24 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 9:27-10:8
Jabur 17:1-6
Markus 4:26-34
“Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah, nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panen.” Markus 4:26-29

Kanggone sing padha urip neng ndesa lan uga sing asale seka ndesa, mesti wis paham karo tembung TANDURA, yakuwi samubarang kang isa urip ana ing lemah. TANDURAN kuwi macem-macem, ana sing umure cupet la nana sing umure dawa. TANDURAN kuwi tuwuh merga disengaja dening menungsa, iki sing mbedakne karo samubarang kang urip kang akeh ana ing alam donya iki. Yen isa dicethakne, sing klebu TANDURAN kuwi kayata, Jagung, Klapa, Pari, Pohung, JAti,Mahoni, lan sakpanunggalane.  Kabeh TANDURAN kuwi racak’e isa dititeni nalika wus metokae woh, sanadyan tumrap sing wis kulina gepok senggol karo olah tetanen, isa niteni sanadyan durung ngetokne woh.

Gusti Yesus mulang bab Kratone Allahkanthi cara sin sederhana, nganggo apa sing cedak karo “alam pikire” para wong sing ngrungokake piwulane. Mula amarga sing padha ngrungokake kuwi akeh-akehe para kadang Tani, mula nalika mulang bab Kratoning Allah, ya nggunakne “donyaning tetanen”. Kratoning Allah kuwi ginambarake kaya wong nyebar winih sing sakbanjure dadi TANDURAN. Bab proses tuwuhe kuwi “otoritase” utawa wewenange Sing Murbeng Dumadi. Lan wining kang sinebar kuwi banjur tuwuh bebarengan karo sing ora disebar karo sedukur Tani, lan sakbanjure ya tuwuh bebarengan. TANDURAN sing sengaja ditandur karo sing  tanpa disengaja ditandur kuwi tuwuh bebarengan, lan para kadang tani babarblas ora isa mbedakne endi TANDURAN’ne lan endi tuwuhan liar. Mula saka kuwi banjur ditokne wae, ngenteni metune wohe, merga saka wohe kuwi isa dititeni endi sing becik lan endi sing ora becik.

Apa kang tinulis ing Kitab Suci lan sithik tak andharake kuwi isa dadi srana piwulang kanggo sapa wae sing (gelem) maca tulisan iki. Dene piwulang kuwi mangkene, Gusti ngeparengake kabeh menungsa urip padha. Nampa cahyaning srengenge padha, ambegan nganggo angina sing padha,mangan ya meh padha sumbere, merga menungsa sakcerdase kaya ngapa mesti mangan seka hasiling olah tetanen, ora ana sing mangan mesin. Lha njur apa sing mbedakne? Mayar wae, sing mbedakne yakuwi tumindak’e. yen tumindake ora migunani tumrap liyan, kuwi ora isa kinaranan TANDURANE Gusti. Yen uripe mung kanggo awake dewe, kuwi dudu para penderek’e Gusti. Lambok sugihe kaya ngapa, lambok sregepe ngibadha neng papan ngibadhah kaya ngapa, lambok kerep pisungsung lan uga akeh, ananging yen durung isa migunani Liyan, kuwi dudu TANDURAN saka Gusti. Mulane, lumantar renungan sederhana iki,sapa wae sing maca, ayo padha nitipriksa bab urip sing wis kawuri, apa yaw is migunani tumrap Liyan? Apa malah kerep ngrepoti Liyan, kerep natoni Liyan? Sepisan meneh, bagusa kayangapa, ayua aya ngapa, sugiha kaya ngapa yen durung migunani Liyan, kuwi dudu TANDURAN’e Gusti Allah lan durung isa kinaranan perangan Kratoning Swarga.

“In,  mbok njajal nembung Paklik, sakngertiku Paklik sing durung melu cawe-cawe bab ndandani ruang sekolah  minggu kae lho..”Sore kuwi Dalijo klesak-klesik karo I’in, ngrasani Lik Ndoleng nalika Lik Ndoleng jik nyang warung tuku mbako.
“Siap Kang Dal, ngko tak rayune, nganggo jurus ajaibku, mesti goll..”Nduk I’in cocok karo idene Dalijo, lan sakbanjure mesam-mesem dewe,lan rada kaget nalika Lik Ndoleng njedul.
“ Hayo..ngrasani aku ya?” Lik Ndoleng takon njur lungguh neng Lincak Sor Talok.
“Kurang bau Lik, ngrasani sampeyan. Iki lho bar rembug’an bab pisungsung nggo mbangun gedung sekolah minggu..” Unine Nduk I’in.
“Lha apa rung cukup” Takone Lik Ndoleng.
“Lha sampeyan apa wis melu cawe-cawe?” Nduk I’in nguyak takon.
“Wah, kuwi dudu panggilanku, aku ora “terbeban” bab kuwi. Mula ya ora cawe-cawe..” Semaure Lik Ndoleng.
“Alesan wae Lik..ngono kok jare pengen dadi TANDURAN’e Gusti, sing migunani liyan. Jak mbangun gedung kanggo bocah sekolah minggu wae alesanmu entek-amek kurang golek..”Dalijo saja njedul nesune.
“Oiya Lik, hasile rapat mau bengi Yu WAsti nggenteni dadi bendahara lho..”Nduk I’in nggunakne senjata andalane, lan krungu “idolane” dadi perangan panitia, Lik Ndoleng langsung muni arep pisungsung sing cacahe jian akeh banget..

Simbah’e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH