Sabtu, 25 Januari 2020

IMLEK


Setu Kliwon 25 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

KLIK, ENTUK ANGPAU


1 Samual 15:34-16:13
Jabur 27:1-6
Markus  4:35-41
Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.” 1 Samuel 16:13

Dina iki pada prei, merga iki dina IMLEK. Ujare mbok bakul sinambi wara, IMLEK kuwi pahargyane bangsa Cina, lan pancen bener. Sanadyan saiki akeh sing padha iyik lan crigis nampik anane pahargyan IMLEK, ananging ya akeh sing seneng karo preine lan angpaune. Akeh sing ora dong bab IMLEK ananging rumangsa paham lan sakbanjure nulak utawa nampik bab sing ngemu sejarah sing pol gede lan ajine.

IMLEK kuwi lahir neng wilayah Cina. Ing kana mangsane beda karo ngindonesa sing anane mung ketiga lan rendheng. Ing wilayah Cina ana patang mangsa, salah sijine mangsa adem. Lan nalika mangsa adem kuwi klakon, biyuh ademe ngungkuli neng njero kulkas. Lha pas mangsa adem kuwi, wong-wong bangsa Cina ora isa ngapa-ngapa, mung neng ngomah wae, lan pakaryane mung kaya lampu, madhangi sing turu.

Jenenge wae mangsa, mesti lir gumanti. Semono uga mangsa adem ing wilayah Cina, mula nalika mangsa adem wiis meh lunga lan njedul mangsa semi (thukul), wong-wong Cina bungahe ngeram. Bungah merga isa makarya maneh, isa metu seka ngomah meneh, isa dolan meneh lan sakpanunggalane. Tekane  mangsa sing anyar kuwi sakabnjure dipahargya minangka wiwitane tahun sing anyar, mulane yen IMLEK mesti pada bungah, lan merga saking bungahe, sing pada ngrayakne IMLEK mesti andum berkah. Intine, IMLEK kuwi uculing mangsa kang mrihatinake lan njedule mangsa kang nuwuhake pengarep-arep.

Neng jamane nabi Samuel, ya ana ” IMLEK.”, yen IMLEK kuwi tegese tuwuhe kahanan sing anyar tur apik. Nalika kuwi  bangsa ngisrael nembe ngrasakne rekasa, merga retune, Saul, ora manut kersane Gusti. Merga ora manut kersane Gusti sing ngendika lumantar nabi Samuel, mula kahanane uripe bangsa ngisrael rekasa. Nah, ing kahanan kaya ngono kuwi, Gusti ndhawuhi nabi Samuel njebadi Dawud, minangka ratu. Kabar jinebatane Dawud dadi ratu kuwi ndadekne kabar sing mbungahake tumrap bangsa ngisrael,mula padha tansah atur panuwun marang Gusti.

Crita IMLEK lan jinebadane Dawud menehi piwulang, yen sakrekasane kahanane urip, mesti bakal tumeka neng kahanan kang kepenak. Mula ya nalika ngrekasa aja kokean sambat, aja maido lan aja ninggalke patunggilane pasamuane Gusti. Kahanan rekasa kuwi sejatine “Wot” utawa “Jembatan” kanggo pindhah neng kahanan sing luwih apik.

“Jo, kenapa ya wong-wong Cina kuwi mesti sugih, apa merga padha ngingu pesugihan ya? Apa merga pelit?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Weh, aja ndakwa sing ora-ora Lik. Para sedulur Tiongha kuwi sregep lan pinter nglola berkah..kuwi kuncine.”Semaure Dalijo.
“Halahhh..piye-piye’a wae, wong Cina kuwi pelit, sombong,kemaki..lan..” Durung rampung Lik Ndoleng olehe ngundamana sedulur Cina,  ketungka njedule I’in.
“Lik, kang..iki entuk titipan angpau seka Koh..koh..anu lali aku, kae sing nduwe toko  cedak greja..” Karo ngomong ngono njur menehke marang Lik Ndoleng lan Dalijo. Bareng dibuka, keton Lik Ndoleng mesam-mesem, mbuh pira isine angpaone, sing mesti, sikepe Lik Ndoleng wis IMLEK, ora peteng mening…

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH