Kamis, 16 Januari 2020

GEMBRUDUG


Kemis Legi 16 Jnauari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 22:15-25
Jabur 40:1-11
Markus 3:7-12
Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea, saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh. Markus 3:7-8

Tembung GEMBRUDUG kuwi tegese mlakune wong akeh ing sakperangan papan lan kuwi ngener marang tujuan kang gumathok. Ing crita Injil Markus, GEMBRUDUG’e wong akeh kuwi merga pengen nderekne Gusti Yesus sing dipercaya isa nindakne apa wae ana ing uripe. Kuwi kabeh merga wong akeh sing GEMBRUDUG wis krungu lan malah ngalami pakaryane Gusti Yesus, mulane  sanadyan neng ngendi wae papan dununge Gusti Yesus, wong akeh tetep wae ngetutake lan nggoleki.

Menawa ing jaman mbiyen wong pada GEMBRUDUG ngetutake lan nggoleki Gusti Yesus kanthi tujuan ngalami pengalaman iman utawa spiritual, ing jaman saiki durung temtu sing pada “gembrudug” neng nggreja kae ya ngalami pitulungane Gusti lan kepengin tansah nggoleki Gusti Yesus. Isa wae anggone pada GEMBRUDUG kuwi merga mung pengen dolan, pengen ketemu kanca, mung wegah diarani ora nduwe agama lan sakpanunggalane. Durung temtu sing pada menyang nggreja kae arep nggoleki Gusti Yesus, biasane mung arep nuruti kekarepane dewe, mulane ya orasah pada gumun yen tekan nggreja pamite arep ngibadah,njur bablas turu.. Lha kui, sing maca karo mesam-mesem, mesti yen neng nggreja lungguh njur langsung mak less…turuuu..ngko tangine pas krungu tembung AMIN.

Sinau saka patrape urip wong akeh neng critane Injil Markus ing nduwur, ayo  saiki pada nitipriksa isine batine dewe-dewe. Apa anggone pada nderekne Gusti lan (sok-sok) nggoleki Gusti kuwi merga ngalami pitulungane Gusti Yesus ,apa mung ben diarani ora kapir, merga nduweni agama. Kuwi kabeh sing isa njawab ya diri pribadi, wong liya babar blas ora isa mengerteni kahanane ati siji lan sijine. Ayo pada takon marang awak’e dewe, apa ya GEMBRUDUG’e dewe iki merga arep serius nderekne Gusti,apa malah mung arep nuruti senenge dewe?

“Wingi kotbahe bab apa ya lik?” Takone Dalijo neng Lik Ndoleng, merga  wingi mulang sekolah minggu.
“Ambuh Jo, aku ya ora krungu. Sing kotbah ora cetha omongane, tur ya manggonku neng mburi , soundsysteme elek, swarane mung grak-grok-grak-grok kae..” Semaure Lik Ndoleng ora patio nggatekne.
“Oalahh..wong keturon pas wancine kotbah wae ndadak alesane sound’e elek, swarane sing kotbah ora cetah lan mik’e elek ta Lik..mbok rasah kokean alesan!!” Nduk I’in njedul, urun rembug lan sajak melehke Lik Ndoleng.
“Lhadalaaa..jebule sok rajin neng nggreja kuwi tujuane ora nderekne Gusti, ora ngetutake Gusti..hmm..lha njur apa tujuanmu Lik?” Takone Dalijo.
“Haiyah, kaya ra apal wae kang..mung ben isa nyawang Yu Wasti. Ndilalah wingi Yu wasti pikenik, mulane Paklik ya njur turu ngono wae..” Cetha wela-wela Nduk I’in anggone ngudani Lik Ndoleng.
“Dusss..konangan cahh..” Batinedene Lik Ndoleng misuh, dene raine katon mung plengah-plengeh kaya Kebo  dicokot Pitak..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH