Sabtu, 11 Januari 2020

NYINGKIRAKE


Setu Legi 11 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


1 Samuel 7:13-17
Jabur 29
Markus 2:13-17
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu. nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.” Wong Israel banjur padha nyingkirake para Baal lan Asytoret sarta mung ngabekti marang Sang Yehuwah. 1 Samuel 7:3-4

NYINGKIRAKE kuwi seka tembung Sumingkir, sing tegese pindah saka panggonan wiwitan, dene bab pindahe kuwi isa merga pindah dewe lan uga dipindahke. Mula saka kuwi tembung NYINGKIRAKE isa diartekna sabarang tumindak kanga rah utawa tujuane ngresiki apa wae sing isa ngregeti kahanan. Isa wae NYINGKIRAKE kuwi bab pepalangane dalan sing isa ngganggu lelakune, isa uga kuwi bab sing ndadekne uripe kedusang-dusang.

Nalika nabi Samuel makarya, wong-wong ngisrael nembe ngadepi mungsuh, salah sijine yakuwi saka bangsa Filisti.  Merga bangsa Filisti kuwate ngeram, mulane ya kereb nalika perang kasoran. Ngadepi kahanan kaya mengkene iki, nabi Samuel rumangsa yen bangsa ngisrael pada nduweni sesembahan sakluyane Sang Yehuwah, mula njur ngendika supaya pada NYINGKIRAKE apa wae sing dadi sesembahan lan mertobat. Bareng pada dilakoni ya ndadekne bangsa ngisrael menang nalika nggecak perang karo bangsa Filisti.

Saka andharan ing nduwur, sejatine isa dipethik pasinaon apik tumrap urip ing jaman saiki. Ing jaman saiki, sanadyan katon yen pada manembah marang Gusti lumantar cetha-wela-wela mangkat neng nggreja, durung temtu atine ngener marang Gusti Allah. Isa wae ragane neng nggreja, ananging pikirane ngrambyang ngandi-ngandi. Menawa kahanan iki sing klakon, enggal-enggal wae pada mertobat, pada NYINGKIRAKE apa wae sing dumunung neng ati lan pikiran sing isa ngruyak kapercayan marang Gusti.

“Piye Jo, desemberan pethuk Tarsi?” Sesuk kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab Tarsi, awit merga kahanan, Lik Ndoleng lan Dalijo ora nate guneman meh rong sasi.
“Mbuh Lik, ora pethuk aku. Jare ora mulih” Semaure Dalijo sajak kuciwa.
“Rasah nggrantes kang Dal, eslow wae. Wong pancene Tarsi ya ora mulih” Semaure Nduk I’in nalika metu seka pawong nggawa kopi sing jik kemebul.
“Jik nyimpen rasa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Ya jelas lah lik, rasa tresna merga Gusti Yesus..hehe. lha sampeyan jare I’in nalika natalan mbekethut wae, merga yu Wasti karo Kang Markun mesrane ngeram?” Dalijo malah mbalik takon tur ya semu ngece.
“Dus..malah mbalik..hmmm…Iin kuwi kok ya crita-crita ta Innnn” Pambengok’e Lik Ndoleng.
“Mulane resikana atine ben resik lik, ben aja serik. Sampayen jik nduwe PR jare simbahe, yakuwi NYINGKIRAKE sabarang rasa sing ora apik…” Nduk I’in mungkasi piwulange njur mlebu neng pawon.

Simbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH