Senin, 13 Januari 2020

EL-BETEL


Senen Pon 13 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 35:1-15
Jabur 89:5-37
Markus 2:18-22
Yakub banjur tekan ing Lus ing tanah Kanaan, iya iku Betel; dheweke lan sakehe wong-wong kang padha ngetutake; sarta tumuli ngadegake misbyah ana ing kono, lan panggonan iku dijenengake El-Betel, marga ana ing kono Gusti Allah anggone nglairake kawontenane marang dheweke nalika ngungsi saka ing ngarepe sadulure” Purwaning Dumadi 35:6-7

EL BETEL kuwi  dudu basa Jawa, kuwi basa ngibrani, sing tegese Omahe Gusti Allah. Seka rong tembung, El sing tegese Allah, merga tata budaya Jawa, mula ora ilok yen mung nyebut Allah, mula ditambahai “Gusti” lan dadine Gusti Allah. Dene tembung Betel kuwi tegese Omahe Gusti Allah. Mula EL-BETEL kuwi yen dijarwakne isa nduweni tegese Gusti Allah Kang Makuwon Ana Ing Daleme. Crita bab EL-BETEL kuwi gegayutan karo Rama Yakub, kawiiwtan nalika mlayu ngendani amukane kakangne sing wis diapusi. Nalika kuwi Rama Yakub ngimpi kepethuk para Malaekat lan  sakbanjure papan kuwi dijenengake Betel.

Mula saka kuwi sejatine nalika nyebut BETEL, kuwi ndadekne Rama Yakub eling sepira gedene pangayomaning Gusti Allah (EL) marang dewekne. Merga pengalaman kuwi,mula sakbanjure papan kono diparingi tanda, digawekne omah kanggo manembah,mula diarani EL-BETEL. Dadi cekak aose, EL BETEL kuwi papan sing digawe kanggo manembah, merga ing kano diyakini makuwone Gusti Allah sing tansah paring pitulungan.

Ing jaman saiki, pengalaman kaya Rama Yakub kuwi sejatine okehe ora njamak, ananging carane natal an mapanke iman utawa kepercayan wis beda adoh karo jamane Rama Yakub. Wong ing jaman saiki ora nate rumangsa entuk pengancem abot ana ing uripe, mula ya ora nate ngalami kinayoman dening Gusti kanthi luwi ngedab-edabi. Wong jaman saiki kuwi kabeh mung “biasa-biasa” wae, ora ana tantangan sing rinasa abot. Bab mangan ya mayar, bab ngombe ya mayar, bab keslametan seka mungsuh ya aman lan sakteruse, mula ya arang sing nganti gelem “yasa Dalem Pamujan”, arang sing secara pribadi nggawe “Papan Pangabekti”

“Jo, sidane kapan arep mbangun gedung sekolah minggu? Kawit mbiyen kok durung klakon,jan-jane kurang apa ta?” Lik Ndoleng sore kuwi nakoni Dalijo.
“Mbuh Lik, rung nggenah kapan diwiwiti. Ananging bab sebab musababe aku ya rapatio dong..”Wangsulane Dalijo.
“Sakngertiku kurang dana apa biaya ngono lho Lik, kang…”Nduk I’in njedul karo nggawa kopi lan kimpul goring.
“Oalah, lhambok kaya critane Kitab Suci, bab Rama Yakub kae, ora ndadak ngenteni liyan kanggo mbangun Pedalamane Gusti, dewe wae kuwat.” Lik Ndoleng sajak dong bab Kitab Suci, mula memulang.
“Haiyah, orasah ngono Lik, wong sampeyan wae ya ora nduwe krentek..rasah kojah..”Semaure Nduk I’in.
“Gampang In, ben Paklik cucul kuwi, dadekne panitia bareng Yu Wasti, mesti bungahe eram lan njur pisungsung akih” Dalijo semaur sajak nyemes Lik Ndoleng, sing mung plecak-plecek kaya Cecak kelangan lemut.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH