Selasa, 14 Januari 2020

ENDHA


Selasa Wage 14 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 1 :4-10
Jabur 89 :5-37
Markus 2:23-28
Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja matur: Kawula punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake. Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.” Yeremia 1:7-8

ENDHA kuwi salah sawijining kridha, yakuwi kridha nyumingkiri sawernaning bebaya sing bakalane nrajang. Dene carane ENDHA kuwi manekawerna, ana sing mingset, mlumpat,mlayu, ngglonsor lan sakliyane. Apa wae isa diarani ENDHA sauger kuwi ndadekne wal seka bebaya.  Sanadyan ENDHA kuwi teges wiwitane pambudidaya supaya ucul saka bebaya, ananging sejatine ENDHA kuwi ya samubarang tumindak kang tujuane isa ucul utawa ora ketrajang apa wae. Ngelmu ENDHA kuwi alamiah, mula saben wong ya nduweni lan tingkatane  macem-macem. Lan sing penting, kabeh wong nate “matheg” aji ENDHA iki ana ing uripe, klebu nabi ana ing Kitab Suci.

Nalika wiwitan ditimbali dening Gusti Allah kanggo nindakne dhawuhe, nabi Yeremia ya matheg aji ENDHA iki. Alesane jian wasise ngeram, merga jare dewekne ora isa ngomong lan jik enom. Ananging Gusti Allah ora isa dibulpus karo nabi Yeremia,  merga Gusti Allah nguningani kahanan sing bakal klakon. bener yen ing mengkone nabi Yeremia arep ngadepi kahanan kang sarwa abot, ananging Gusti mesti paring kekuwatan. Bener yen ing mengkone nabi Yeremia bakal ngadepi perkara sing ruwet tur rumit, ananging Gusti Allah prajanji bakal paring kawicaksanan. Merga dipangandikani dening Gusti Allah yen bakalane dijangkepi, mula ing tembe nabi Yeremia ya ora isa nggunakne ajian ENDHA kuwi ana ing uripe, lan ing tembe manut nut karo dhawuh lan timbalane Gusti.

Menawa ing jaman Kitab Suci, Gusti Allah nimbali menungsa kanggo nindakne pangandikane, ing jaman saiki ya semono uga. Menawa ing jaman Kitab Suci para nabi nate matheg aji ENDHA kango nampik timbalan, ing jaman saiki ya pada wae, bedane ing jaman saiki akih sing tetep wangkot ENDHA sanadyan dijelaske nganthi pol-polan, beda karo  jamane nabi Yeremia. Mula saka kuwi, ayo saiki pada ngiblat marang patuladane para nabi, ora mung manut kekarepane dewe kanthi alesan sing ndakig-ndakig.

“Lik, kenapa wingi didapuk dadi ketua komisi neng nggreja wegah?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Aku kuwi ngrumangsani Jo, ora mumpuni yen kon makarya neng komisi, aku tak nyengkuyung seka mburi wae, rasah neng struktur” Wangsulane Lik Ndoleng wuasise ngeram.
“Kawit mbiyen kok alesane monoton Lik, ora kreatif. Kuwi lakmung merga sampeyan ENDHA seka timbalan makarya saka Gusti ta?” Nduk I’in njedul lan kaya padatan, langsung nyemes Lik Ndoleng sakkemenge.
“Yungalah Lik, seprana-seprene nderek Gusti, kok alesane mung monoton. Wegah makarya wae ENDHA terus, gelem nampa berkahe wegah makarya. Amit-amit Lik..pora isin sampeyan kuwi?”Dalijo takon sinambi mojokne Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung presang-preseng kaya Manuk kelangan susuh.


Simbah’e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH