Selasa, 28 Januari 2020

PERCAYA


Selasa Pon 28 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakin 7:12-22
Jabur 27:7-14
Markus 5:21-43
Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun. Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-pirang, nganti kabeh barang darbeke entek, nanging ora bisa waras, malah kosokbaline, larane saya banget. Dheweke wis krungu pawarta bab Gusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndhesel ing satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan ndemek jubahe. Sabab pamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahe bae, aku mesthi mari.” padha sanalika anggone nggrajag getih mampet lan krasa yen awake wis waras, larane wis mari.

PERCAYA, kuwi tembung sing ajaib, merga akeh wong sing senneg ngucapake ananging durung mesti ngerti maknane. Lan pancen ya temenen, akeh wong sing kerep muni bab PERCAYA, mbuh kuwi nalika nampa crita apa kuwi nalika rembugan bab Agama, merga pancen Agama kuwi ngrembug bab PERCAYA. Bab PERCAYA uga nate dibahas neng BENINGE EMBUN ESUK ing tanggal 3 Juli 2019, kanthi jejer YAKIN. Lho sejatine PERCAYA Kuwi ingon-ingon apa ta? Seka ngendi asal-usule, sapa sing nglairke,kepiye wujude lan apa gunane? Lumantar BENINGE EMBU ESUK IKI, ayo pada sinau lan mangerteni  apa kuwi PERCAYA. Supaya sah utawa “Afdol”, mulane ayo sinau saka Kitab Suci, ben isa diarani luwih relijies..

Ing Injil Markus ana crita bab kaya ngapa kahanane apa kuwi sing diarani PERCAYA. Ing Injil kuwi dicritakne bab wong wadon sing wis rolas tahun lara, lan larane  ora bain-bain, yakuwi nggrajak getih. Isa dibayangake kaya ngapa kahanane lan rekasane sing lara kuwi. Mungkin wae wis ora nduweni pengarep-arep bab urip, merga getih kuwi perangan sing jian penting tenan kanggo urip. Nalika kuwi, ngepasi Gusti arep tindak ngliwati kuthane sing lara nggrajak getih kuwi, mulane wong wadon kuwi KEPENGIN kepethuk Gusti Yesus. Wong wadon kuwi mesti wis entuk kabar bab sapa kuwi Gusti Yesus, mesti wis entuk kabar bab kridhane Gusti Yesus nalika nulungi wong lara, nundhung dhemit lan sakpanunggalane. Merga kabar kuwi kabeh, mulane tuwuh rasa PERCAYA tumrap wong wadon kuwi marang Gusti Yesus.  Saka kabar bab Gusti Yesus kuwi PERCAYAne wong wadon nggrajak getih kuwi kuwat banget.

Saking kuate rasa PERCAYA marang Gusti Yesus, mulane diniati kudu pethuk Gusti. Ananging ndilalah akeh wong sing ya padha gembrudug pengen weruh Gusti,lan wong wadon nggarjag getih kuwi ora isa nyawang, apa meneh omong-omongan. Ananging wong wadon kuwi ora mutung (yen wong saiki mesti langsung mutung tungg), dekne tetep PERCAYA yen Gusti Yesus isa marakne mari lelarane, mula njur nduweni “ide kreatip”, yakuwi yakin mari nalika isa ndemok pucuking jubahe Gusti. Merga kuwating PERCAYA iki, mula ya ngupaya supaya isa ndemek lan nalika isa ndemek, langsung larane ilang aliyas mari. Saka crita iki, isa dijupuk piwulang apik, yen PERCAYA kuwi ora satus persen gumantung marang liyan, ananging gumantung diri pribadi, gumantung anggone nampa kabar utawa piwulang. Kaya wong wadon nggrajak getih ing crita Kitab Suci dina iki, merga PERCAYA yen isa waras kanthi ndemok jubahe Gusti lan diupayakne,mula ya pungkasane klakon ndemek lan mari larane.

Wong lara nggrajak getih kuwi ora nyalahke Gusti Yesus, ora nyalahke wong akeh, ora nyalahke brayate lan ora nyalahke kahanan, ananging tetep PERCAYA sanadyan kahanane ora cocok karo kekarepane,lan iki sing kudu dituladha wong ing jaman saiki.

“Ngko bengi mangkat pe’a ya Lik..”Pangajak’e Nduk I’in marang Lik Ndoleng.
“Gah, plaing ya mung ngono-ngono wae, renek undhak-undhak’an..” Semaure Lik Ndoleng sugal.
“O..ya yen kuwi sing dadi PERCAYA-mu ya klakon marang panjengan Lik..” Dalijo melu nimbrung rembugan.
“Lho, kok isa ngono Jo, nalare piye?” Takone Lik Ndoleng, sajak rada gigrig.
“Kabeh sing klakon kuwi wiwitane seka pikiran  Lik, yen pikirane apik ya sing klakon apik, pikirane ala sing klakon ala, pikirane gagal ya sing klakon gagal, pikirane sukses ya kelakone sukses, lan sakbanjure. Sampeyan mikir yen pe’a mung ngono-ngono wae, ya kuwi kalkon kaya ngono, dene aku lan I’in mikire tansah apik, mula kanggoku lan I’in ya apik terus” Dalijo njlentrehne kanthi cetha, dene Lik Ndoleng mung prejah-prejeh kaya Jaran Anyang-anyangen..


Simbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH