Rabu, 15 Januari 2020

NGADEG’A


Rebo Kliwon 15 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 51:1-16
Jabur 89 :5-37
Markus 3:1-6
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!” Markus 3:3

NGADEG kuwi nalika sikil dadi papan panyanggane awak, isa sikil siji lan uga sing lumrah nalika NGADEG kuwi ya sikil loro, luwih bakuh lan kuwat.  NGADEG kuwi dudu gawean sing angel utawa ngrekasa, merga kuwi klebu kahanan “natural” utawa alami tumrap titah’e Gusti. NGADEG kuwi klebu jejangkepe ngaurip, merga kuwi pasangane karo Lungguh. Yen mung lungguh terus ya ora kepenak, semono uga yen mung NGADEG wae, mesti ora penak babar blas. Sing paling penak ya ana kalamangsane NGADEG la nana kalamangsane Lungguh.

Ana crita neng Kitab Suci bab dhawuhe Gusti Yesus supaya NGADEG, yakuwi nalika  Panjenengane pinanggih kahanane wong Ceko,ndilalah ngepasi dina Sabat. Tumrap wong Yahudi  (agama Yahudi), makarya ing dina Sabat kuwi Haram, aluwung pada lara lan kepara mati tinimbang maraske wong lara neng dina Sabat. Mula nalika ngepasi Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan uga ngepasi dina Sabat, ndilalah ana sing lara Ceko, wong-wong Yahudi pengen nyoba Gusti. Mengko yen nganti maraske sing lara, arep diukum lumantar “Pasal Toret”.  Lha nalika kuwi Gusti Yesus luwih melas marang sing lara Ceko, tinimbang mung netepi pranatan agama, sing kala mangsane malah njiret menungsa, mula njur ngendika marang sing lara, “Mara, NGADEGA ing tengah kene!”.

Dhawuh kuwi kaya thathit ing wayah awan, ora mung marang sing Ceko, ananging uga tumrap para ahline Toret. Ana ing kawicaksanane Gusti Yesus, welas asih kanthi tumindak kuwi luwih aji tinimbang mung ngerti pranatane agama anaging wegah nglakoni. Sing pada ngerti prananate agama anaging ora gelem nglakoni kuwi kaya wong Ceko,wong lempoh sing ora gelem NGADEG. Lha ing jaman saiki, sejatine akeh sing pada wegah NGADEG, sanadyan sejatine sing “bermasalah” kuwi tangane. Akeh warga greja sing matrabi urip kaya sing lara Ceko, sanadyan sing lara tangane, ananging ya wegah NGADEG. Mula saka kuwi, lumantar BENINGE EMBUN ESUK ing rebo Kliwon 15 Januari 2020 iki, ayo pada sadhar, yen akeh sing wegah NGADEG ora merga ora isa NGADEG, ning mung kakean alesan lan wegah tumandang makarya, jumbuh karo timbalane Gusti.

“In,  saiki kok aturane nggreja kuwi werna-werna wae ta?” Lik Ndoleng sore kuwi sajak ora bungah penggalihe.
“Lha apa ta Lik, pora ya biasa-biasa wae?” Semaure Nduk I’in.
“Lha kuwi, saiki pisungsung wae ndadak dicawisi amplop, mbok kaya mbiyen wae, bebas..”Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi nyruput kopine sing sajak jik mongah-mongah.
“Padune pelit, wegah cucul kanggo pakaryane Gusti. Biasane rongewunan mula ya kokean sambat nalika ana sing rada beda” Dalijo mlebu karo nyumet udud’e, sing kayane dudu djarumsuper, merga regane (jare) wis mundak.
“Crigis Jo..rasah kokean reken..” , Lik Ndoleng sajak erosi karo Dalijo.
“Woles Lik..woless… rasah nesu. Wong sing dadi perkara rasa males lan pelit kok pranatan dadi mungsuh. Kuwi kaya andharane Simbah’e ing nduwur, sing Ceko tangane, ananging males NGADEG, mula njur dikon NGADEG Gusti. Lha saiki ya akeh lho, sing kaya crita Kitab Suci kuwi, klebu sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem..” Dalijo semaur sinambi maca WA, mbuh seka sapa.

Simbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH