Jumat, 10 April 2020

RAMPUNG

Jemuah Legi 10 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 52:13-53:12
Jabur 22
Ibrani 10:16-25
Yokanan 19:28-38
Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane. Yokanan 19:30

RAMPUNG kuwi tembung lingga, sing tegese samubarang wis tekan pungkasan, tekan wates keridewe,wis ora ana maneh kang kudu dilakoni utawa digarap. Saka tembung RAMPUNG kuwi isa dadi pirang-pirang tembung “daden”, ana tembung ngRAMPUNGake, diRAMPUNGke,wis RAMPUNG lan uga durung RAMPUNG. Sing baku, tembung RAMPUNG kuwi nduweni makna, utawa art iwis tumeka poncoting ayahan,wis ora ana maneh kang kudu diayahi.
Bab RAMPUNG kuwi nate dadi pangandikan “SEKTI” lan uga nggegirisi ana ing kayu Salib, yakuwi nalika Gusti Yesus sinalib. Iki dina Jemuah Legi, ngepasi dina Jemuah Adi, lan apik menawa sing pada percaya marang Pakaryane Gusti Allah lumantar Gusti Yesus ngelingi kahanan kang wis kawuri.

Nalika sinalib, Gusti Yesus ngendika “Wus Rampung”. Kuwi kelakon kanthi gumandhul neng Salib, sukuNe kepaku, AstaNe semono uga, dene mustakaNe ginubetan dening makutha kang rinakit saka eri. Sakdurunge sinalib, Gusti Yesus kudu ngliwati “Lurung Kasangsaran” kang nggegirisi. Tinangkeb kayadene durjana ana neng taman Getsmane, kira-kira jam sanga wendi, kamangka durung ngaso babar blas sedina muput. Banjur dilarak menyang kutha kang adohe udakara telungkilo. Kira-kira teka kutha ya jam-jam 11 bengi, njur dipapanke neng sawijining gedong tumeka esuk. Esuk’e (dina jemuah), Pilatus njur nyidang, ngintrogasi saka jam enem tekan jam rolas. Bubar diintrogasi, njur dipasrahke para imam, nur dipilara. Disabeti Cethen, digaujul, didugang,diidoni lan uga kudu manggul salib menyang Puthuk Golgota. Sakdawane ndalan dipilara jian ora karuwan, untung wae ana Paklik Simon sing saka Kirene, njur ngrewangi mikul Salibe.

Tumeka ing papan rada amba , neng Puthuk Golgota, Gusti Yesus banjur dipaku lan digantung ana ing Salib. Kuwi klakon pas awan, panase ngeram. Tatune arang kranjang, luwe merga durung sarapan, ngelak merga ora diaturi unjukan lan kalodangan ngunjuk. Kasangsaran kang sampurna. Mula nalika kabeh dirasakne dening Gusti wus tumeka ing pungkasane kabeh kahanan, Panjengane ngendika, “Wus Rampung”. Kabeh wis diayahi, kabeh wis dilakoni, ora ana siji wae sing katriwal,lan kabeh kuwi awujud kasangsaran. Mulane, nalika dina iki maca utawa krungu pangandika “Wus Rampung”, ayo pada ngelingi kasangsarane Gusti Yesus tumeka RAMPUNG. Aja ana sing mandeg ndalan, aja ana kang menggok ndalan, aja ana kang bali ndalan. Kabeh kudu nuladha Gusti Yesus, makarya tumeka RAMPUNG.
Mesthine ya dalan kang kudu diliwati nganti gawean utawa ayahan tumeka RAMPUNG kuwi ya ora mayar, ora lempeng. Ana kang abot, ana kang menggak-menggok, ana kang munggah uga ana kang mudun. Kuwi isa diarani “Via Dolorosa”, kaya dalan kang kudu diliwati dening Gusti Yesus tumeka ing Puthuk Golgota. Mula saka kuwi, yen ana sing sumadya nderek lan nuladha Gusti Yesus, njur ngadepi kahanan rekasa sithik wae njur sambat, kuwi ora pantes sinebut para penderek’e Gusti, apa meneh sing endha lan nyelaki timbalan. Kuwi babar blas ora pantes, mung ngaku-aku penderek’e Gusti Yesus.

“Jo, tekan kapan kaahanan kaya ngene iki? Ngibadah kok srana onlen?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo nalika nembe ngopi neng Sor Talok.
“Sing sabaar wae Lik, mesti ya ndang RAMPUNG”, Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.
“Haiyah, biasane minggu ora kaya ngene ya wegah ngibadah wae ndadak ngaya Lik” Nduk I’in melu urun rembug.
“Padune kangen Yu Wasti wae kokoean rembug Lik..” Dalijo muni sajak ngenyek pakne Cilik. Dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Jangkrik Kasmaran kae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH