Selasa, 14 April 2020

NGRUBUHAKE


Selasa Kliwon 14 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG
Minat WA 085870480039


Pangentasan 15:1-18
Jabur 118:1-2,14-24
Yokanan 20:11-18
Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Paduka dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah. Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung, Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka; Paduka nglepasaken latuning bebendu Paduka ingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum” Pangentasan 15:6-7

Dek wingi Beninge Embun Esuk ngrembug bab MENTAS, sing tegese metu saka salah sawijining kahanan. Ing dina iki, Beninge Embun Esuk arep ngajak para sedulur nyinau bab pakaryane Gusti Allah. Salah siji pakaryan kuwi diarani NGRUBUHAKE, yakuwi ndadekne kahanan beda karo sakdurunge. Dene bedane, yen sakdurunge ngadek,dadi Rubuh utawa ambruk. Mula sakakuwi, NGRUBUHAKE tegese ngembrukne samubarang kang rinasa wis ora ana paedahe lan arep dibangun sing anyar kang luwih maedahi. Kuwi yen tembung NGRUBUHAKE gegandengan karo wewangunan, dene yen gegayutan karo karosan tawa kekuwatan, NGRUBUHAKE tegese ndadekne ora kuwat maneh,alias loyo.

Bab NGRUBUHAKE kuwi nate dialami dening nabi Musa nalika mimpin rombingan bangsane mlayu saka Mengsir. Nalika dibledig dening prajurite pringon, njur nyedaki segara. Merga saka pitulungane Gusti Allah wae nabi Musa isa ucul saka pambledig’e prajurite pringon. Lan amarga kang kaya mengkene iki, nabi Musa ngunjukne panuwun lumantar ndendonga. Dene isine donga ya kaya sing tinulis neng Pangentasan 15 ayat 6-7. Ing kono cetha wela-wela, yen klelepe prajurite pringeon kuwi merga pakaryan Astane Gusti Allah, kuwi kabeh sing ngremuk mungsuh’e nabi Musa. Merga saka kapercayan lan pengalamaning urip kang ngedab-edabi kuwi, njur nabi Musa paring paseksi. Lan paseksi kuwi diwarsike tumeka saiki, mula isadiwaca tumeka dina iki.

Apa sing dialami dening nabi Musa lan bangsane kuwi ya isa klakon neng sapa wae, klebu sing padha maca tulisan iki. Kahanan nggegirisi lan medeni tansah imbas-imbis ana neng uripe menungsa, klebu awak’e dewe iki. Lan kabeh kuwi mesti ndadekne kwatir lan was sumelang. Mulane, sinau saka pengalamane nabi Musa, ayo nalika nemahi kahanan kang nggegirisi, enggal sowan lan pasrah marang Gusti. Ora mung pasrah lan sowan njur meneng wae, ananging bubar kuwi ya manut lan nglakoni apa wae kang didawuhke, ora mung bubar Ndonga njur meneng wae. Menawakuwi klakon dilakoni kabeh, mesti samubarang kang nngegirisi iki enddal lunga, merga Gusti kang NGRUBUHAKE.
Yen saiki kabeh padha giris karo  barang cilik tur ora ketok mata sing jenenge korona, orasah gegeden wedi lan was sumelang. Ayo padha sowan Gusti, nyenyuwun murih diparingi cara “njinakne” si korona iki. Sing kudu dieling, menungsa mung nyuwun lan Gusti Allah dewe sing bakalane NGRUBUHAKE daya kekuatane si korona iki.kaya dene jamane nabi Musa, menawa kabeh saiyeg-saekakapti, ora suwe meneh, si korona meh tinundhung mulih menyang alam asline lan ora bakalan nduweni daya kanggo medeni menungsa.

“Ududmu kok saiki bedha to Jo, sakelingku biasane dudu iki?” Sore kuwi Lik Ndoleng sajak takon marang Dalijo.
“Weh, kan wis suwe Lik, kurang luwih meh setengan tahun..”Wangsulane Dalijo.
“Oo…alah, lha ora nggatekne gek Jo..” Lik Ndoleng neruske gunemane, lan I’in nedul seka pawon, nggawa kopi panas lan Kimpul Bakar, kaya padatan, njedul langsung maido Lik Ndoleng.
“Haiyahhh..kokean rembug Lik. Wong biasane ya njaluk udud’e kang Dal kok nembe saiki nggunem!”. Mbok gayamu sing sok ora nduwe isin kuwi diilangi Lik, kaya piwulange mbah’e kuwi, nyuwun marang Gusti ben NGRUBUHAKE patrab kaya mengkono kuwi..”Nrocos I’in nguliahi Lik Ndoleng.
“Duss..mung gara-gara udud saklr wae malah mbokkuliahi In..hmm..ning ya cen aku sing Luput kok nduk..” Semaure Lik Ndoleng.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH