Kemis
Pahing 16 April 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Katak Porang Panen Sendiri Yang Ingin Bertanam Silakan Kontak WA 085870480039 |
Mustakanig
Kidung 2:8-15
Jabur
16
Lukas
24:35-48
Wong loro mau iya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan, sarta
kapriye anggone mari pangling marang Gusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti.
Lukas 24:35
NYUWIL kuwi pakaryan, sing tujuanne
ngedum cikben luwih okeh sing kumanan. Bab NYUWIIL kuwi padha karo ngiris,
bedane yen ngiris kuwi mawa piranti, dene NYUWIL mung migunakne tangan. NYUWIL
kuwi ndadekne kahanan sansaya dadi luwih sithik ananging uga marakne sansaya
akeh sing kumanan. Saka tembung NYUWIL kuwi isa dadi menekawerna tembung,
kayata Kacuwil, Dicuwil, Cuwilan lan sakbanjure. Nalika nindakne pakaryan
NYUWIL, lan kuwi bab barang darbene, mesti bakalane “kelangan”, merga apa kang
dicuwil mesti dadi sansaya sithik. Bab NYUWIL nate diwulangake Gusti Yesus marang para sekabate, lan saiki
kanggo sapa wae sing maca Kitab Suci lan tulisan iki.
Crita neng Kitab Lukas 24:35-48,
nyritakake bab NYUWIL, yakuwi pakaryan kang tinindakake dening Gusti Yesus
nalika NYUWIL roti. Nalika Gusti ngatingal lan para sekabat ora wanuh, Gusti
migunakne srana NYUWIL roti kanggo ngelingke pikirane para sekabat, lan kuwi
kang marakne para sekabat dadi eling. Ana crita loro bab NYUWIL roti kang
marakne wong padha dadi eling utawa “Kenal Maneh” karo Gusti, yakuwi nalika
ngayahi pakaryan NYUWIL. Nalika Gusti NYUWIL roti, wong dadi kelingan, nalika roti
dicuwil lan diedumke marang liyan, ing kono Gusti dikenali saben wong.
Saka crita Kitab Suci dina iki, ana
patuladan lan piwulang apik kanggo urip, yakuwi nalika padha gelem NYUWIL roti,
ing kono Gusti dikenali. Dene bab roti kuwi isa wae diparingi arti URIP, mulane
piwulange Gusti lumantar Lik Ndoleng, Kang Dalijo lan Nduk I’in ing dina iki
isa diringkes mengkene: “ Nalika menungsa padha gelem andum utawa
NYUWIL roti utawa urip, ing kono Gusti lan tentrem rahayu tinemu”. Dene
piwulang kuwi ya isa klakon kosokbaline, nalika ora padha gelem andhum utawa
NYUWIL “roti” utawa urip, ing kono ora ana tentrem rahayu lan Gusti ora
dikenali.
Mula saka kuwi, ayo padha wani NYUWIL
urip iki, cikben Gusti dikenal dening sapa wae lan sakwise kuwi kang klakon
mung Tentrem lan Rahayu. Kuwi dudu gawean abot, kuwi gawean mayar, mung kari
gelem apa ora, merga kabeh sing isa maca tulisan iki mesti nduwe “roti”,
nduweni urip kang isa kaedum marang liyan. Dene andum kuwi ora kudu duwit, isa
wektu, tenaga,pikiran, perhatian, kapinteran,pengalaman lan jik akeh, sing baku
nalika ngedhum utawa NYUWIL mau ancase mung supaya Gusti tinepangake lan
tentrem rahayu lumaku.
“Jo, kuwi nggon sor jambu lan wit
gedang kulon omah kuwi apa?Kok kaya mbili?” Takone Lik Ndoleng.
“Bibit Porang Lik, panene tegalan, sing
wingi tak tandhur lan mbok poyoki kae. Jare kenthir wong suweg wae kok
ditandhur.” Wangsulane Dalijo.
“Weh.. ya sepurane Jo, rung dong je bab
Porang..lha saiki aku kok pengen nandur..” Lik Ndoleng sajak isin mangsuli.
“Mula yen durung paham rasah crigis Lik…sinau
sik, ben dong..” Nduk I’in melu nyoal-nyael kaya biasane, lan njur ngomong karo
Dalijo.
“Kang Dal, wingi diweling Kang Markun,
arep tuku bibit limang kilo..”
“Siap..” Wangsulane Dalijo.
“Aku njaluk oleh ra Jo, ora tuku
lho..rong-rong kilo..” Lik Ndoleng melu tertarik nandur.
“Tuku, njaluk kok digedek-gedekne Lik..”I’in
nyemprot sakayange.
“Ben In, rapopo, aku kudu wani NYUWIL
apa duweku, ben Paklik ya sinau gelem NYUWIL duwek’e nalika awake dewe butuh”
Semaure Dalijo sareh, lan Lik Ndoleng mung mesam-mesem sinambi kukur-kukur sirahe sing rambute mung
kari rong las..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar