Kamis, 30 April 2020

LELAKU


Kemis Legi 30 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK

SEDIA UMBI BIBIT UNTUK 7 BULAN PANEN
MINAT
SILAKAN KONTAK WA 085870480039


Pangentasan 2:15b-25
Jabur 23
Yokanan 6:44-51
Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane. Pangentasan 2:21

Menungsa kuwi pengene kepenak, apa-apa langsung ana lan tanpa rekasa. Akeh sing mung gumun nalika nyawang kahanan sing apik lan nyenengake lan sakbanjure kepengen ngrasakne kahanan kang kaya mengkono. Arang (ora blas ora anal ho ya..) menungsa sing gelem nyawang kanthi permana apa sing ana ing sewalik’e kahanan kang sinawang kuwi. Apa sing sinawang penak lan kepenak kuwi ora njedul tanpa ana prosese, kuwi kabeh njedul merga wis ngliwati dalan sing ora cendhek lan ora tansah lempeng. Sing ngalami kahanan penak lan kenak kuwi wis kasil netepi LELAKU ing sakjroning uripe, dadi ora mung cukup ndongan lan sakbanjure mak brukk..tiba seka langit kahanan kang sarwa kepenak.

Crita bab nabi Musa neng Kitab Pangentasa 2 kayane mung mayare ngeram. Diwaca ora nganthi semenit wis ujug-ujug entuk wong ayu, dipek bojo lan nduwe anak. Jian yen mung nyawang mayare poll…puenuk’e ora njamak. Ananging menawa disawang lumantar panyawang kang meneb lan wening, sejatine nabi Musa kudu ngadepi LELAKU kang ora gampang. Saka lair wis nampa apa sing jenenge rekasa, kudu dikelekne kali ben aman, njur dirumati bojone ratu ing Mesir, ateges kapisah karo bapa-lan biyune, bareng gede ya kudu ngadepi ndengah-ndengah kahanan. Uga ing crita neng Pangentasa 2, nalika ngadep siPrengon lan meh dipithes, ananging isa endha lan nggendring lunga ben ora dipateni. Kuwi LELAKU sing ora mayar.  Bubar kuwi njur mlaku (ya sok-sok mlaku mbarang..hehe) saparan-paran lan tumeka Midian, pethuk para pangon kang nembe rebutan banyu sumur, njur tetulung marang para pangon sing wedok-wedok, njur nimba uakehe pol..lan sakbubare kuwi jik akih LELAKU kang kudu dilakoni.

Apa kang ditampani dening nabi Musa, mirunggan neng Pengentasan 2 kaya-kaya abeh mung kari mencet lan sakbanjure kabeh njedul. Kamangka dalan kang kudu diliwati tekan entuk bojo ayune poll..(bab tenan ayu apa ora ya mbuh, aku dewe ya durung weruh ) dawa lan rumpil uga kebak bebaya. Ananging tumrap bab kuwi kabeh nabi Musa wani nglakoni, wani ngliwati. Nabi Musa wani LELAKU sanadyan kudu ngadepi sabarang kahanan.
Saka crita ing Kitab Suci, isa dipethik pasinaon kanggo menungsa ing sadengah jaman, menawa urip kuwi sejatine LELAKU. Mung wae, arep milih dalan sing endi kang bakal diliwati minangka LELAKU kuwi, kabeh mbalik ana ing diri-pribadi. Kaya nabi Musa, sejatine dewek;e isa wae manut lan urip kepenak neng kratonne si Prengon, ananging panyeluking telenging ati nalika methuki kahanan kang ora lumrah, ndadekne nabi Musa kudu LELAKU ngliwati dalan-dalaning urip kang rumpil lan nggegirisi. Lan kabeh dalan kang dipilih sarta diliwati nabi Musa kuwi jebul kang dadi kersane Gusti Allah. Mula, aja padha wedi nalika kudu ngliwati dalan angel lan rumpil lan uga kebak bebaya, kuwi jan-jane tandha menawa dadi kersane Gusti Allah, yen dalane lempeng lan tanpa pepalang, isa wae kuwi dalan kang tumuju marang bilai.

“Jo, mau awan aku pethuk kang Wignyo,njur takon apa bener sliramu panen Porang..Lha tak wangsuli iya ngono..” Sore kuwi Lik Ndoleng mbukak rembugan, nalika wedangan neng nglincak Sor Talok.
“Lha mung ngono wae kok ndadak crita ta Lik?” Semaure Lik Ndoleng sinambi klepas-klepus karo MLDne.
“Dekne mung gumun, kok ya nandur Porang isa metu hasil semono okehe..”Semaure Lik Ndoleng.
“Kuwi merga mung krungu nalika panen land idol payu okeh, lha LELAKU kang kudu tak lakoni apa ya dipahami? Kudu nggolek bibit, isa mbolang lan tuku sing regane poll..matun, ngrabuk, lan manen..kuwi LELAKU kang kudu dilakoni Lik..Tapi kuwi kabeh kebayar merga hasil sing marakne mesem..”Wangsulane Dalijo sareh.
“Kabeh kuwi lelaku Lik, aja gampang mutung, kae lho kaya kang Markun, sing tekun LELAKU, mula isa ngrengkuh Yu Wasti. Sampeyan kalah adoh…”Nduk I’in nyelehne kopi anget karo geddang goring sinambi nyemes Lik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng mung bekah-bekuh muni rapati cetha.
“Duss..Bajindullll…kok ya tekan Wasti…”Batine Lik Ndoleng, merga meh muni wedi karo para pamaos BENINGE EMBUN ESUK..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH