Minggu
Pahing 26 April 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Lelakone
Para Rasul 2:14a-36-41
Jabur
116:1-4,12-19
1
Petrus 1:17-23
Lukas
24:13-35
Wong loro mau tumuli padha sapocapan
mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika
marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci
marang kowe lan aku?” Lukas 24:32
Saben ngliwati papan kang rinasa
wingit, racak’e titahe Gusti kang kinaranan menungsa sing nduweni rasa, mesti
tuwah sawijining rasa kang aneh, lan sakbanjure awak dadi MENGKOROG. Nalika menungsa
kelingan kahanan kang mbungahake utawa nrenyuhake, njur raga isa dadi
MENGKOROG, nalika menungsa ketemu kahanan kang dadi pangimpene, ya sakbanjure
awak dadi MENGKOROG. Dadi tembung MENGKOROG kuwi isa diwenehi “definisi”,
kahanane awak kang malih merga reaksi. Dene reaksi kuwi isa merga kahanan kang
positip, uga merga kahanan kang negatip. Ing renungan BENINGE EMBUN ESUK dina
iki, Minggu Pahing 26 April 2020, arep ngajak para pamaos, ngrasakne bab
reaksine awak amarga nampa sawijining kahanan .
Crita bab MENGKOROG kuwi nate
dicritakne Kitab Suci, nalika nyritakne sekabate Gusti cacah loro arep mulih
menyang ndesane kanga ran Emaus. Muluhe sekabat loro kuwi merga bubar nemahi
kahanan kang nguciwani, awit sedane Gusti. Sanadyan wis nampa pawarta bab
wungune Gusti, ananging pengalaman meruhi Gusti seda sinalib luwih kuwat,
tinimbang paseksine para sekabat liyane bab wungune Gusti. Amarga kahanan kang
kaya mengkono, mula nalika ijik mlaku lan ndilalah ana pawongan kang nyusul
dalah melu mlaku, ora isa nyipati. Kamangka sejatine sing melu mlaku kuwi ya
Gusti piyambak. Ati kang sedhih lan kuciwa ndadekne sekabat loro kang lumaku
menang desa Emaus ora isa nyipati pawongan kang mlaku bebarengan, lan nembe isa
nyipati nalika Gusti “NYUWIL” roti ing omah kang diampiri. Lan sakwise disipati
dening Kleopas (jenenge salah sijine pawongan loro kuwi), Gusti banjur mak
lap..ilang saka pandulu.
Sing apik kanggo pangraosing panguripan
saka crita ing Lelakone Para Rasul kuwi, yaiku bab paseksine salah sijine sing
lumaku lan tumeka ing Emaus. Sakwise Gusti ngilang, njur ana sing menehi
paseksi, menawa nalika Gusti nyritakne Kitab Suci ing ndalan mau, atine ngrasa
ngangah-angah utawa MENKOROG. Kuwi kabeh isane kelakon merga ana rong perkara. Sepisan,
para sekabat loro kuwi wis nduweni sesambungan raket karo Gusti, mula ana “Getaran”
sing pada. Dene kaping pindhone, para sekabat loro kuwi wis nduweni pengalaman
karo Gusti, mula nalika kepthuk, ya isa ndadekne MENGKOROG. Yen ora nduweni
sesambungan lan pengalaman karo Gusti, mokal isa nuwuhake kahanan MENGKOROG
kang kaya mengkono kuwi. Mulane, nalika menungsa isa lumebu ing kahanan wening,
kabeh obah osiking jagad iki sejatine carane Gusti nyritakne Sarirane, lan kuwi
kang marakne menungsa isa MENGKOROG lan sakbanjure atur panuwun lan muji sokur
marang Gusti.
“Lik, saiki njajal tak takon, lan
wangsulane sing jujur ya…”Dalijo nakoni Lik Ndoleng, nalika esk kuwi arep
mangkat ngaBEKTI neng papan pangibadhah.
“Takon wae Jo, rasah kokean aturan..”
Semaure Lik Ndoleng sinambi lumaku alon-alon.
“Yen ketemu Yu Wasti apa jik MENGKOROG
Lik sampeyan?” Dalijo langsung tunjep poin nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, takokmu kok aeng-aeng wae ta Jo?”
Semaure Lik Ndoleng sajak kaget.
“Haiyah..ndang wangsuli wae Lik..rasah
endha, rasak selak…” Nduk I’in nyusull neng mburine wong loro kuwi lan langsung
ndedes Lik Ndoleng.
“Hmm..A..a.nu..anu Jo..ya..hmm…a..anu..”Grothal
grathul Lik Ndoleng olehe semaur.
“Lha raktenan ta..mesti MENGKOROG saben
krungu, nyawang,nyebut lan kelingan Yu Wasti. Kuwi mertandani yen sampeyan
nduweni sesambungan,lan uga nduweni pengalaman karo Yu Wasti Lik…” Dalijo
njlentrehke lan Lik Ndoleng mung mesam-mesem.
“Ngko ketemu Lik, jejerono, merga kang
Markun jik masuk angina..jale wani ora njejeri yu Wasti..” Nduk I’in melu ngoso
Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng sansaya tersipu..hehe..kaya sing maca tulisan iki
lan nate ngrasakne MENGKOROG nalika isa njejeri mantane..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar