Sabtu, 18 April 2020

CUPET


Setu Wage 18 April 2020


Katak BIBIT Porang Super
minat WA 085870480039


Mustakaning Kidung 8:6-7
Jabur 16
Markus 16:9-15
Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu. Markus 16:14

CUPET kuwi tembung sing kanggo ngukur, mula isa diartene ora cukup utawa kurang. Dene tembung CUPET kuwi kosokbaline Longgar utawa omber, sing tegese turah papan. Sanadyan CUPET kuwi sejatine kanggo ngetung sing isa disawang, ananging isa uga tembung iki kagunaake kanggo samubarang sing ora isa sinawang, kayata bab kapercayan utawa iman. Wong sing angel percaya, sanadyan wis akeh bukti, bisa diarani CUPET ing kapercayan, dene sing njalari kapercaya CUPET kuwi ana manekawarna perkara. Isa amarga lingkungan sing pancen ora ngenerake marang percaya, ana merga pancen ndableg’e ngeram lan ana kang CUPET ing percaya merga sing dipikir mung bab bandha.

Critane Injil Markus bab rongpuluh ayat songolikur tumeka telungpuluhsiji ngandharake bab CUPETing kapercayane para sekabate Gusti, sanadyan wis bola-bali dipethuki dening Gusti, ananging pancet wae durung percaya. Dene sing njalari durung (ora) percaya kuwi tumrap para sekabat ya akeh, isa merga wedi, isa merga ora eling marang piwulange Kitab Suci. Pokok’e  akeh kang ndadekne kapercayane para sekabat dadi CUPET. Lan sakwuse diamuk dening Gusti, dipadhoni kanthi atose ngeram banjur para sekabat isa primbik-primbik percaya, ora CUPET maneh ananging maleh dadi Jembar. Bukti Jembaring kapercayane para murid kuwi nalika sakwise Gusti sumengka menyang kratoning Swarga, para sekabat kuwi njur njajah praja milangkori crita bab kapercayane. Sing maune CUPET sakwise “diolor” kanthi atos dening Gusti isa malih dadi Jembar.

Gusti Yesus isa ndadekne sing CUPET dadi Jembar, lumanta diamuk. Dene bab ngamuk kuwi ora kudu disawang lan dirasa kurang prayoga, merga ancase Gusti cen supaya sing CUPET dadi jembar. Mula saka kuwi, yen nate ngalami kahanan sing ora ngepenakne, aja keSUSU nesu lan nyalahke kahanan utawa liyan, isa wae kuwi merga Gusti nembe nJembarke kapercayan sing saksuwene iki jik CUPET. Semono uga ing jaman saiki, ing wektu-wektu iki, nalika ngadepi kahanan iki, aja keSUSU kokehan wedi,aja kokea kuatir, nanging njajal ayo padha ngrungu pangandikne Gusti, aja-aja iki sranane Gusti nJembarake kapercayane menungsa, cikben ora CUPET maning..

“Jo, lha karepmu ki piye, duwe hensanitiser tik mbok dum-dumke, ngko yen kentekan njur nggoleke angel piye?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo sing nembe ngedum-dum hensanitiser, kanggo pencegahan wabah sing nembe ngamuk.
“Ora usah kemrungsung Lik, kabeh iki wis dikersakne dening Gusti..”Semaure Dalijo  jian persis kaya sing song gulune ana putih-putihe kae.
“Kuwi buktine yen kapercayane Kang Dal luwih jembar paklik, ora CUPET. Yen jembar kuwi samubarange kepenak, ananging yen CUPET kabeh rinasa angel..” I’in ya melu-melu ngotbahi Lik Ndoleng.
“Weh, lha iki kowe ngarani kapercayanku CUPET ta In?” Wangsulane Lik Ndoleng sajak meh nesu.
“Aku ora ngomong lho Lik, sampeyan dewe sing ngarani..”Semaure I’in sinambi nyulaki bipet sing wis reged.
“Basio,,kakek’ane tenan, aku malah konangan iki yen imanku cen CUPET..”Batine Lik Ndoleng, merga meh muni wedi karo sing maca tulisan iki, merga akeh sing galak-galak…ya ta? Lha kuwi sing mesam-mesem dewe, mesti ngaku yen galake kaya singo ngarak..

Mbahe..


1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH