Jumat, 24 April 2020

PISUNGSUNG


Jemuah Kliwon 24 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Umbi Porang

Yesaya 26:1-4
Jabur 116:1-4,12-19
Yokanan 6:1-15
 “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu.” Yokanan 6:9-10

“In, iki ngandi paklik kok durung njdedul?” Takone Dalijo marang  Nduk I’in, merga Lik Ndoleng durung ketok nyruput wedange.
“Jik turu kang..mbuh, jik ngantuk mungkin…sewengi melu ngronda jare..”Semaure Nduk I’in sinambi ngeringke cucian neng mesin cuci. Lan sakdurunge Dalijo menehi tanggepan, kesusul metune Lik Ndoleng saka njero kamare, jik sarungan lan mripate rembes  kaya belek’en..
“Aku jik ngantuk Jo…” Ngomonge Lik Ndoleng.
“Lha ngapa kok jik ngantuk? Wong sewengi warga padha tugur,jumaga ya sampeyan ora ngetok?” Dalijo sajak wiwit sensi..
“Aku ana urusan Bisnis Jo, tekan bengi. Tur meneh aku manut anjuran pemerintah, pisikal distensing..jaga jarak..mula mulih seka bisnis, aku ya njur turu..” Semaure Lik Ndoleng sajak tanpa dosa.
“Kudune sampeyan kuwi piyayi sepuh dadi panutan Lik, panutan sing apik…ora malah nyontoni sing elek…ora pener…” Nduk I’in melu semaur.
“Lho, aku kan malah taat anjuran peemerintah ta In..ngendani pisikal distancing..”Lik Ndoleng  jik isa semaur.
“Rasah kokean cangkem alesan Lik..trahe kowe kuwi wong egois. Kancane pada jumaga, malah alesan pisikal distancing barang, lha bisnismu kuwi apa ya ora kepethuk menungsa, apa gendruwo. Pancene  sampeyan kuwi wong egois!! Sembure Dalijo sajak sansaya emosi, lan bubar nyumet MLDne, lanjut ngomongi Lik Ndoleng.
“Jare wong percaya, kae sinaou marang bocah cilik sing masarahne sanguine Roti lan Iwak minangka lawuhe, ben wong okeh isa mangan.  Isa wae, cah cilik kui ndelikne sanguine, alesane due lara maag, ora isa nahan ngelih la sakpanunggalane. Ananging bocah kuwi wani ngaturi PISUNGSUNG kanggo liyan. Lha sampeyan iki sabarang duwe, seka sawah, tegal,kebon,honda, mobil..dadi sesepuh meneh, lha kok mung dijak njaga desane dewe wae kokean alesan..” Semprote Dalijo, njur nyruput kopine, dene Lik Ndoleng mung ingah-ingih kaya menthok kelangan jodone.

Atur PISUNGSUNG kuwi ora kudu sing akeh, ananging kudu gathuk karo kebutuhan kang ana. Kaya critane cah cillik neng Kitab Suci,nalika wong akeh pada keluwen,lan ora ana sing nduwe sangu, njur masarahke apa sing dadi duwek’e, yakuwi sanguine kang awujud roti limang rep lan iwak loh loro. Merga kuwi diaturke minangka PISUNGSUNG lan tinampa dening Gusti, mula ya dadi lantarane berkah kanggo wong akeh.

Semono uga ing jaman saiki kang sansaya nggegirisi iki. Akeh kang nduweni alesan kaya Lik Ndoleng. Mbuh kuwi merga rumangsa wis tuwa, rumangsa ora nduwe apa-apa kang kudu  dijaga lan rumangsa omahe aman-aman wae njur wegah melu jumaga. Kuwi patrape wong pelit, wong egois. NgaBEKTI’o seminggu ping sewu, ora ana gunane menawa ora gelem urun kang dadi butuhe liyan.

“Sstt..kang Dal, kuwi tulisan ngabektio kok ana sing hurup gede kabeh?” Takone Nduk I’in..
“Ssst..menenga wae..aja seru-seru..” Wangsulane Dalijo..

Mbah’e..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH