Selasa, 28 April 2020

NGRUNGOKNE


Selasa Wage 28 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Bibit Porang. Umbi dan Katak..Y
ang Berminat Kontak WA 085870480039

Wulang Bebasan 8:32-9:6
Jabur 134
Yokanan 6:30-35
Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun, awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun.” Wulang Bebasan 8:32

NGRUNGOKNE kuwi asale saka lingga “krungu”, sing tegese nampa swara saka liyan, dene isane krungu kuwi isa sengaja lan isa uga ora sengaja. Saka tembung krungu kuwi, isa dadi maneka tembung “daden”, salah sijine ya tembung NGRUNGOKNE, sing tegese tumindak kanthi sengaja lan tumemen supaya isa krungu lan mengerteni apa kang dadi kekarepane swara kang tumeka mau. NGRUNGOKNE beda karo mung saderma krungu, apa meneh mung krungonen, awit menawa krungu apa krungonen kuwi mung mampire sakabehing swara kang tumeka ana ing pangrungone titah, klebu menungsa, ya awak’e dewe iki…Sssttt..sing rumangsa dudu menungsa dudu menungsa, olih ninggal tulisan iki..hehe..ananging rapareng nesu..mengko malah digaglag si topik songolas..

Bab NGRUNGOKNE kuwi nate dadi piweling wigati saka Gusti lumantar Kitab Suci, pernahe neng Wulang Bebasan. Piwulang luhur  ing Kitab Suci kuwi mratelakake mengkene, sapa  sing padha NGRUNGOKNE dhawuhing Gusti mesti bakal nemahi karahayon. Saka Wulang Bebasan uga ana pasinaon, yen wis NGRUNGOKNE pangandikaning Gusti, mesti bakalane rumeksa dalan urip kang dadi kersaning Gusti. Kuwi kabeh isane klakon merga sapa wae kang NGRUNGOKNE kuwi mesti paham, mesti dong apa kang dadi karepe “swara” kang tumeka  ing pangungone titah. Dene isane titah kuwi NGRUNGOKNE nalika isa lumebu isa kahanan kang wening, entering pikiran lan rasa mung marang swara kuwi. Yen kabeh dilakoni mesti isa paham karo karepe swara kang tumeka.

Ing jaman saiki, bab NGRUNGOKNE kuwi jebul dadi bab sing angele ora njamak, merga saiki akeh wong sing mung nindakne pakaryan kang klebat-kliwat. Dadine menawa ana swara, mbuh kuwi swara apa, ora isa dirungokake kanthi permana, ora isa dong utawa paham apa kang dadi kekarepane swara kuwi. Sing jenenge NGRUNGOKNE kuwi , saiki kaya barang antic, sing golek-golekane angel banget. Sing okeh, jaman saiki mung rungon-rungon, ora isa NGRUNGKONE, malah sejatine ora kok ora isa, ananging wegah lan males nglakoni tumindak NGRUNGOKNE. Siji maneh, sing diarani NGRUNGOKNE kuwi sejatine ora mung lumantar kuping wadag iki, ananging uga kuping kapercayan. Maca kanthi permana an isa mangerteni ancase tulisan, kuwi ya isa diarani NGRUNGOKNE.

“Jo, kae wis ditunggoni wong akeh. Aja telat olehmu nulis, meskane sing padha njingglengi WA, facebook lan blog. Jare kangen karo tulisanmu..” Lik Ndoleng ngandani Dalijo bab kang kelakon.
“ Iya Lik, aku wis isa NGRONGOKNE ‘sambate’ para sedulur BENINGE EMBUN ESUK..ananging aku kesel, lha bar manen Porang karo Kang Kris, Pakde Wignyo lna bala-balane, uga Lik Browok Beni..dadine ya kesel. Tur meneh bar kuwi, kejatah ngrondo..opss..kleru…ngondha..” Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.
“Aku ya NGRUNGOKNE swarane para sedulur lho kang…cius, akeh sing kangen gaweanmu lho kang Dal..” I’in melu nimbrung rembugan.
“Weh, aja kabeh ngalem lur, iki ngko ndasku isa gedene sak klapa abuh..” Semaure Dalijo,karo klepas-klepus sajak nikmate pol..
“Sing penting aja lali, isa’a NGRUNGOKNE, aja njaluk dirungkone ing sadengah kahanan..” Jawabane Lik Ndoleng, sajak wicaksana, kaya Resi neng perenging Redi.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH