Senin, 13 April 2020

MENTAS


Senen Wage 13 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG
Minat Hubung WA 085870480039

Pangentasan 14:10-31,15:20-21
Jabur 118:1-2,14-24
Mateus 28:8-15
Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak. Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene. Pangentasan 14:21-22

Tembung MENTAS kuwi yen diungelne isa ngemu teges sing beda-beda. Ana MENTAS sing tegese tampil utawa manggung, iki kanggo para artis.  Tumrap para artis, tembung MENTAS kuwi nalika tampil merga kaundang lan njur dibayar. Dene tumrap sing dudu artis, MENTAS kuwi artine metu saka mbanyu, mula njur ana unen-unen “ Lehmu adus ndang MENTAS ngger..” Ing bab iki MENTAS tegese metu saka banyu. Ing BENINGE EMBUN ESUK dina iki, senen wage tanggal telulas april, brayate Lik Ndoleng arep  ngajak ngrasakne kaya ngapa piwulange Kitab Suci bab MENTAS, metu saka kahanan siji lan pindhah menyang kahanan liyane (sing luwih apik)..

Critane Kitab Suci neng Pangentasan kuwi mligi crita bab paseksi kapercayan yen metune bangsa ngisrael saka mengsir kuwi awit pitulungane Gusti Allah. Semono uga ana ing bab 14, nalika dibledig dening prajurite raja pringon lan ndilalah kudu nyebrang banyu (mbuh kuwi segara apa mung rawa). Wis awak kesel, luwe, ngelak lan liya-liyane, ketambahan diuyak prajurit mungsuh, mula bangsa ngisrael nesu lan ngamuk marang nabi Musa. Cen ngene iki watake menungsa, entuk kahanan penak mung meneng wae, paling ya mung gluwah-gluweh kaya Kinjeng kasmaran kae, ananging nalika nemahi rkasa, ngamuk’e kaya bubar nguntal singa..hehe. Ngadepi nesu lan ngamuk’e bangsa ngisrael, nabi Musa njur sowan Gusti, ndedonga ben entuk “wangsit”. Lan pungkasane ya entuk, dinawuhan “Ngangkat Tekene” lan diacungkne ing saknduwure banyu. Nabi Musi MANUT, lan sakbanjure bangsa ngisrael isa ucul saka  pambledig’e prajurit Mengsir, isa MENTAS saka bebaya.

Isane MENTAS bangsa ngisrael kuwi merga MANUT lho ya. Sepisan, nabi Musa dinawuhan ngangkat Teken lan Ngacungake, manut. Ora kokean argument, ora kokean rembug. Pokok’e manut. Dene bangsa ngisrael sing biasane ngeyele ngeram, ndhendhenge poll, dikon nyebrang ya manut lan sakbanjure isa MENTAS,ucul saka bebaya.
Ing titi wanci saiki, menungsa (klebu sing maca tulisan iki muga-muga ya jik sadhar yen menungsa..heee..hayo, rasah nesu, nesu ngko imunmu mudun lan klakon digaglag korona..) ya dibledig dening pirus korona. Wis padha sambat marang Gusti, merga nalika ana bebaya, biasane Ndonga lan ngibadahe sansaya mempeng, lan Gusti yawis paring dhawuh, supaya “pisikal distancing lan social distancing”. Bab isa MENTAS lan ora kuwi mung kari manut apa ora. Yen bangsa ngisrael manut njur isa MENTAS, mula ayo padha nuladha sing kaya mengkono uwi. MANUT cikben isa METAS..

“Jo, jan-jane apa ta angele mung kon manut wae kon rekasane pol?”Sore kuwi Lik Ndoleng ngudha rasa bab angele nata masyarakat kon manut, nganggo masker saksuwene ana dayohing njagad sing jenenge korona.
“Kuwi merga pikirane LETHEG Lik, kaya piwulange “mbah’e” dek dina setu wingi. Mula kudu diresiki ben bening, carane ya kudu manut” Wangsulane Dalijo.
“Kamangka aku wis nyumbang masker lho Jo..mung kari nganggo wae angel..” Semaure Lik Ndoleng.
“Iyo, tukune masker neng warunge Yu Wasti Dul Ndalan, padune mung arep njawil Yu Wasti wae Lik..”I’in melu urun rembug lan kaya padatan, ngece Lik Ndoleng, ananging Lik Ndoleng ora nesu, merga wis MENTAS saka ati kang  LETHEG..

Mbah’e..


2 komentar:

  1. inggih...kedah menika, mila kula nggih nandur taneman, kersane alame bening..hehe

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH