Setu
Pahing 11 April 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Ayub
14:1-14
Jabur
31:1-5,16-17
1
Petrus 4:1-8
Mateus
27:57-66
Esuke, yaiku sawise dina pacawisan, para pangareping imam lan para
Farisi padha bebarengan sowan menyang ing ngarsane Sang Pilatus lan padha
matur: “Tuwan, kula sami kengetan, bilih juru panasaran punika nalika taksih
gesang, cariyos makaten: Sawise telung dina Aku bakal tangi. Awit saking
punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang
dintenipun; manawi boten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong
Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi
saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhe
langkung awon langkung awon tinimbang ingkang rumiyin.” Mateus 27:62-64
LETHEG kuwi kondisi kang nggambarake
kahanan samubrang, biasane banyu. LETHEG tumrap banyu yakuwi kahanan kan ora
bening, ana uga kang ngarani buket lan uga butheg. Ing tulisan BENINGE EMBUN
ESUK dina iki, setu pahing tanggal 11 April, aku sengaja nganggo tembung
LETHEG. Tumrap banyu, kahanan LETHEG kuwi kahanan sing ora nyenengake, apa
meneh yen arep dingo olah-olah, beda kanggone sing seneng mincing, merga nalika
kahanane LETHEG, iwak luwih gamang dipancingi. Sepisan meneh, LETHEG kuwi
kahanan sing ora apik, ora becik lan ora dadi kekarepane wong akeh. Njajal wae,
sapa sing seneng nalika ngangsu banyune LETHEG, nalika arep adus banyune LETHEG
lan nalika arep ngumbahi banyune LETHEG, mesti misuh-misuh.
Sanadyan sejatine tembung LETHEG kuwi
kanggo banyu, ananging isa uga kagunakake kanggo ngarani kahananing bab liya,
kayata bab kahananing ati. Nalika kahanane ati lagi LETHEG amarga gething,
kabeh rinasa ala. Mula ana unen-unen saka para leluhur, nalika nemahi kahanan piker
lan ati kang LETHEG, dadia banyu wegah nyawuk, dadia godhong wegah nyenggrok,
dadio gandha wegah ngambu, ananging dadia duwit ya takjupuk…hehe.. Bab piker lan
ras kang LETHEG amarga gething kuwi nate klakon neng jamane Gusti Yesus seda
sinalib. Saking gethinge marang Gusti Yesus, ndadekne pikiran lan rasane para
imam Yahudi LETHEG,lan kuwi tumeka ing wektu sakbubare Gusti seda lan dikubur. Sanadyan
wis dadi layon lan kinubur ana ing sakjroning pakuburan kang tinutupan watu
gedene ngeram, ananging nalika ati lan pikiran LETHEG, kuwi marakna menungsa
tansah sujono.
Kabeh sing ngrumati pikiran lan rasa
lan LETHEG kuwi ora nate merdika, ora nate ngrasakne tentrem rahayu. Kabeh kang
sinawang LETHEG, sanadyan kuwi apik lan nyenengake. Nyawang tanggane panen akeh
ngrasani, nyawang tanggane munggah pangkat nesu, nyawang kancane makarya sregep
jare nggolek aleman, nyawang kancane ngaso merga kesel jare kesed lan sakteruse. Pokok’e anggere piker lan
atine LETHEG, kabeh sinawang ala, lan mbokmenawa sing maca tulisan iki nate
ngalami, apa meneh ijik nyimpen pikiran LETHEG, mesti macane sinambi
mesam-mesem dewe..hehe..hayo,awas disawang kiwa tengen lho…
Ben isa nyawang kahanan kabeh apik,
pikiran lan rasa kang LETHEG kuwi kudu dibeningake, lan kepiye carane
mbeningake kahanan kuwi? Sesuk sambung meneh ya…
“Jo, kae jan-jane Markun kuwi sregep
apa mung njaluk aleman?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika bengi kuwi
wedangan neng Nglincak Sor Talok.
“Ya cetha yen sregep, ora njaluk
aleman. Kae tulus eklas Lik..” Semaure Dalijo.
“Yen manut pangrasaku kok ora ya Jo,
Markun kae mung njaluk dialem..”Lik Ndoleng jik durung marem.
“Haiyah..kuwi lak sliramu ta
Lik..sregep mung ben dialem Yu Wasti, ben diesemi. Bareng sing sregep kang
Markun, sampeyan kobongan jenggot..kuwi merga pikiran lan atimu sing LETHEG,
mula beningna sik Lik..kae sowan simbah’e, ben disuwuk lan LETHEGmu dadi bening”
I’in nrocos sinambi ndondomi klambine bojone sing wis salin werna, sene Lik
Ndoleng ung kukur-kukur sirah sing rambute mung kari limang ler..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar