Kemis
Wage 23 April 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Katak Bibit Porang Yang Butuh Untuk Musim Tanam Oktober silakan WA 085870480039 |
Yesaya
25:1-5
Jabur
116:1-4,12-19
Yokanan
3:31-36
“Amargi Paduka dados papan
pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng, dados papan pangungsenipun tiyang
miskin ing salebeting karupekanipun, dados pangayoman tumrap wontenipun
prahara, dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet, awit kanepsonipun para
tiyang ingkang prakosa gumunggung punika kadosdene prahara ing mangsa asrep…”
Yesaya 25:4
PANGUNGSEN, asale saka lingga Ngunsi,
sing tegese ngupaya lumantar tumindak lan uga pindhah papan panggonan supaya
antuk keslametan. Mula saka kuwi, PANGUNGSEN tegese papan sing isa kanggo Ngungsi.
Dene papan kuwi isa bener-bener panggonan lan uga isa kuwi pawongan utawa
kahanan, kayata Ngungsi marang “wong pinter”, kuwi PANGUNGSEN kang awujud
pawongan kang nduweni daya linuwih lan isa nundhung bebaya sing marakne wedi
sapa wae. Sing jenenge papan PANGUNGSEN, ya mesti wae sapa sing mrana bakalane
antuk rasa tenang lan ora wedi maneh.
Bab PANGUNGSEN kuwi nate diwulangake
dening Kitab Suci, pernahe neng Kitab Yesaya 25. Neng Kitab Suci kuwi
diwulangake bab paseksine nabi Yesaya bab papan PANGUNGSEN. Dene kang dadi
papan PANGUNGSEN kuwi dudu panggonan, ananging daya kekuwatan linuwih sing
nduweni jagad iki, yakuwi Gusti Allah. Manut paseksine nabi Yesaya, papan
PANGUNGSEN kuwi ya Gusti Allah piyambak, sapa wae sing ngrasa wedi supaya
enggal ngungsi marang Gusti Allah, sapa wae sing sekeng lan ngrasa ora nduweni
apa-apa, enggal ngungsia marang Gusti Allah. Nalika ana prahara nrajang,
enggal-enggala ngungsia marang Gusti Allah. Jenenge wae papan PANGUNGSEN, mula
ing kana anane ya mung kahanan kang marakne sapa wae sing padha ngungsi antuk
rasa tentrem lan ucul saka sakabehing rasa wedi lan was sumelang.
Saben jaman mesti ana kahanan kang
nggegirisi, mesti ana prahara kang nrajang, mbuh kuwi wujud’e apa. isa merga
prahara bencana alam, mbuh kuwi prahara kang awujud konflik sosila, mbuh kuwi
prahara kang awujud wabah penyakit, kuwi kabeh kang dadi sumbere rasa wedi lan
giris. Lha ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, manut paseksi lan piwulange
nabi Yesaya, enggala ngungsi marang Gusti Allah, merga panjenengane kuwi papan
PANGUNGSEN kang sejati. Kabeh daya kekuwatan sing ana neng alamndonya iki kalah
karo kekuwatane Gusti Allah kang dadi papan PANGUNGSEN kuwi, mula saben wong
kang ngungsi marang Gusti Allah mesti isa nemahi tentrem rahayu.
“Lik, menawa sampeyan ngrasakne wedi
marang salah sawijining kahanan, njur piye carane nundhung rasa wedi kuwi?”
Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng sing sajak sengrius, nalika wedangan neng
Lincak Sor Talok.
Weh, kok takonmu aeng-aeng wae ta Jo?”
Lik Ndoleng kaya padatan, ditakoni ora mangsuli malah genti takon.
“Iki pitakonan sederhana lho Lik..”Dalijo
Semaur sinambi nyumet MLDne, dene Lik Ndoleng sajak jik mbingungi, ketungka
njedule Nduk I’in, lan melu nyoal-nyael.
“Yen aku, nalika wedi lan giris,mesti
nggolek papan PANGUNGSEN Lik, ben entuk rasa aman lan tentrem..” Ungele Nduk I’in..
“Lha kuwi ngendi nggone In?” Takone Lik
Ndoleng.
“Coba Lik, dijawab..” Dalijo melu
nambahi pitakonan sing isa marakne Lik Ndoleng sansaya Mumet.
“Mesti sing njedul neng pikiranmu Yu
Wasti lan Warunge ya Lik, sing marakne sliramu ngrasa aman?” Nduk I’in njarag
Lik Ndoleng.
“Denggemu mlocot kuwi In, kene lagi
mikir malah mbok ganggu bab Wasti, dadi ilang ideku..” Semaure Lik Ndoleng
sajak serius, lan sakdurunge Lik Ndoleng sansaya ngelu, Dalijo njur njlentrehne
thirik-thirik jian kaya sing sok nganggo putih-putih neng nggulune kae.
“Papan PANGUNGSEN kuwi mung ana ing
Gusti Allah Lik…”Lan Lik Ndoleng aya biasane, ngukuri sirahe sing rambute mung
kari telung ler..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar