Senin, 27 April 2020

NYEPELEKNE


Senen Pon 27 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


KATAK BIBIT PORANG
MINAT HUB WA 085870480039

Purwaning Dumadi 18:1-14
Jabur 143
Yokanan 6:22-29
Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: “Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak, wong aku wus tuwa mangkene? Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.” Purwaning Dumadi 18:13-14

Tembung NYEPELEKNE kuwi asale saka lingga Sepele, sing tegese ajine ora sepira’a,ajine mung setithik. Tembung sepele kuwi kosokbaline tembung aji utawa wigati, mula isa digawe dudutan utawa kesimpulan, menawa ing antarane Sepele karo Wigati kuwi ora nate gathuk, ora nate rukun. Saka tembung sepele mau njur ana tembung NYEPELEKNE, sing tegese ora ngajeni, ora nganggep  utawa mapanake kahanan ora ing papan kang samestine. Saben wong mesti nduweni apa kang dianggep sepele lan uga penting utawa nduweni aji pangaji kang linuwih. Dene apa kang nduweni aji lan kang sepele kuwi saben wong beda-beda, ana sing ngarani barang kuwi penting banget, ananging ana sing nyawang yen kuwi sepele. Bab wigate lan sepele kuwi lumrah, sing mbebayani menawa ana sing NYEPELEKNE.

Neng Kitab Suci, ana crita pawongan kang nate tumindak NYEPEKENE, lan sing disepelekne kuwi ora bain-bain, yakuwi Gusti Allah lan Pangandikane. Dene crita bab pawongan kang NYEPELEKNE kuwi ora liya ya klakon ing brayate ramane para wong percaya, yakuwi rama Abaraham. Nalika kuwi rama Abraham wis sepuuuuuhh banger lan kang garwa, ibu Sara semono uga. Merga wis sepuh, mula rama Abraham lan ibu Sara wis rumangsa mokal nduweni turun, sanadyan kuwi dadi prasetyane Gusti Allah. Penemu kang kaya mengkono kuwi pancen logis, rasional ana ing pamawase menungsa, ananging beda ana ing kawicaksanane Gusti. Mula nalika ana utusane Gusti ngrawuhi rama Abraham lan ibu Sara, lan ngendika meneh bab trdak turune rama Abraham, ibu sara sing krungu banjur ngguyu. Lha guyune ibu sara kuwi ngemu teges NYEPELEKNE pangandikane utusane Gusti. Ananging utusan mau krungu lan ngendikanirama Abraham, kang intine kena ngapa ibu Sara nggeguyu marang pangandika lan panguwasane Gusti.

Menungsa kerep mapanke Gusti Allah ana ing pikirane kang sarwa winates, mula angel yen kon percaya sakwutuhe. Apa kang ditindakne dening ibu Sara, ing jaman saiki malah kerep banget dilakoni, yakuwi NYEPELEKNE, mbuh apa wae kuwi. Dnee kang disepelekne ya ora bain-bain, kepara timbalan lan kersane Gusti ya disepelekne. Dijak makarya neng pakaryane Gusti, nampik, kuwi tegese NYEPELEKNE timbalan, dikandani kon manut karo aturan, ya NYEPELEKNE, dikandani yen ana bebaya kang ngancem ya NYEPELEKNE , dijak ronda ora mangkat, merga kuwi mung berita hoax, kuwi jenenge ya NYEPELEKNE. Pokoke bab NYEPELEKNE, menungsa jaman saiki kabeh nduweni bakat kang mumpuni, mbokmenawa sing maca tulisan iki ya nduweni bakat kuwi, senenge NYEPELEKNE.

“Jo, kuwi sing mbok tandur apa ra suweg? Lha apa ana ajine? Suweg mbladher wae ora kerumat kok malah kuwi mbok tandur kuwi ngen-ngenmu piye?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi pas wedangan neng nglincak, Sor Talok.
“Kuwi Porang Lik…” Semuare Dalijo, sinambi nyumer MLDne.
“Halahh..pada wae. Wong aku wis paham kawit mbiyen, lan kawit mbiyen ya ora ana pengajine. Paling-paling mengko kaya gelombang cinta kae, mak broll njur heboh, bar kuwi musna..” Komentare Lik Ndoleng.
“Beda Lik, gelombang cinta kuwi ra ana nilai ekonomise, ora enak dipangan…kejaba sampeyan kaya sapi, manganic godong” Semaure Dalijo sajak gojek.
“Kang Dal, jare Kang Kris wis panen Porang, entuk patang ton nggon kebon lor kalen kae..” Nduk I’in njedul melu rembugan.
“Halah..paling kuwi mung hoax,,,”Lik Ndoleng jik panggah ora percaya.
“Wah melu bungah In, kuwi isa dadi lantaraning berkah. Dene yen jik ana sing NYEPELEKNE kabar iki, kuwi ya lumrah, wong nggon Kitab Suci, pangandikane Gusti Allah wae ya disepelekne..” Unine Dalijo sinambi nglirik Lik Ndoleng..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH