Rabu, 01 April 2020

NGULIHAKE


Rebo PAhing 1 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK

KEBUN PORANG YESS


Yeremia 32:1-9,36-41
Jabur 143
Yokanan 8:31-42
Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad-mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone.” Yeremia 32:37

Tembung NGULIHAKE (beda karo nguliahke lho ya), kuwi linggane “mulih” sing tegese bali marang kahanan wiwitan, bali marang mula bukane. Saka tembung mulih kuwi banjur isa “manak” dadi pirang-pirang tembung. Ana pemulihan, ana mulihake sing tegese mbalekne dadi sehat, lan uga NGULIHAKE sing tegese nggawa bali marang omahe utawa papan asal usule. Sejatine dek tanggal 9 september 2019 , renungan BENINGE EMBUN ESUK wis crita bab sing meh pada, yen ra percaya ngko klik IKI. Mula saka kuwi ing dina iki jejere ya NGULIHAKE, ben ora ana jejer sing kembar..

Bab NGULIHAKE kuwi nate dadi piwulange Gusti Allah ing Kitab Suci, salah sijine neng Yeremia 32. Critane ing wektu kuwi bangsa ngisrael ndendenge ngeram,ngeyele pol-polan lan dikandani ora nggugu,ora manut. Merga kaya mengkono njur dielikne dening Gusti, digecak dening bangsa liya minangka mungsuh. Bareng digecak bangsa liya lan ngrasakne urip sing rekasa banjur eling, sadhar karo kahanan lan sambat marang Gusti Allah. Mirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti ya ora tega, ora mentala, mula banjur janji arep NGULIHAKE lan digawe tentrem. Yen digatekne crita Kitab Suci ing Yeremia 32, ana bab sing kudu luwih ditliti, yakuwi ban sakdurunge Gusti Allah duka lan ngamuk. Ing kana ana crita bab mbadhele bangsa ngisrael, dadi dukane Gusti kuwi mesti ana sebab’e. dene bab sebab kuwi isa dipisah dadi rong perkara, sebab langsung lan ora langsung.

Mbuh sebab apa sing klakon, ananging Gusti Allah ora tega mirsa rekasaning para Titahe, mula njur NGULIHAKE. Semono uga ing jaman saiki, ana pageblug sing asale seka pirus korona. Kabeh wong padha sumelang lan wedi. Dene metune pirus dewe isa wae merga polka gawene menungsa, si menus-menus kebak dosa iki. Kaya dene crita ing Yeremia, yakuwi bubar duka, Gusti banjur tuwuh piwelase, semono uga saiki. Lumantar pirus korona iki, ayo pada tumemen anggone manembah lan uga makarya, sinartan nggoleki apa kang dadi kersane Gusti lumantar si korona iki. Ora usah nyalahke siji lan sijine, ayo pada bebarengan NGULIHAKE si korona bali marang mula bukane.

“Lik, kuwi wacane piwulaneg Gusti, lumantar mbah’e. Sampeyan ya kena lho..”Uluk’e Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika lagi wedangan neng lincak.
“Weh, lha kok tekan aku kuwi ketemu pirang perkara Jo?” Wangsulane Lik Ndoleng sajak kaget.
“Critamu karo Yu wasti kuwi lho Lik.” Nduk I’in kaya padatan, melu nimbrung.
“Bener I’in Lik..”Dalijo nambahi.
“Duss..kok tekan Wasti barang cah..?” Lik Ndoleng sansaya ora dong.
“Kuwi lho, tresnamu karo Yu Wasti aja mbok bacutne. Sampeyan kudu NGULIHAKE tresna kuwi marang bulik Trinil.” Blak kotang terus embuh I’in anggone ngelikake Lik Ndoleng sing mung kethap-kethop sajak bingung, njur wani mangsuli.
“Kowe ya kudu NGULIHAKE rasamu karo Tarsi lho jo…suwi rakepethuk pora rindu?”
Dalijo sajak kaget, lan mbatin.
“Basioo…malah aku sing kena iki…”Muni ngono Dalijo sinambi nyumer MLDne..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH