Kamis, 09 April 2020

LOKDON


Kemis  Kliwon 9 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 12:1-4,11-14
Jabur 116:1-2,12-19
1 Korintus 11:23-26
Yokanan 13:1-17,31b-35
“Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah. Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.” Pangentasan 12:12-13

Istilah LOKDON (lockdown) jebuk ora mung popular ing jaman saiki, nalika jagad ketamon dayoh si Korona. Ana crita Kitab suci Prajanjian Lawas sing uga nyritakne bab LOKDON, yakuwi nalika bangsa ngisrael ana neng Mesir. Merga saka ngrekasane dadi bangsa kang didadekne babu (budak), mula mangsa ngisrael ya sambat marang Gusti Allah. Pasambat mau banjur dipiyarsa dening Gusti, lan sakbanjure ngreka cara ben bangsa kuwi isa metu saka panindes ing Mesir, salah sijine nekakne manekawerna Wabah Penyakit. Merga anane wabah mau mula akeh sing kesampyuk ing pageblug, lan kuwi marakne akeh wong keweden.

Ngadepi “Bebendu Natural” kang kaya mengkono kuwi, nabi Musa banjur maca kahanan lan banjur paring dawuh supaya para bangsa ngisrael nganakne “karantina mandiri” utawa LOKDON pribadi (brayat). Kabeh wong ora olih metu saka ngomah, kuwu meneng wae, lan supaya  aman saka bebendu, kudu menehi tanda ana ing omahe lumantar GETIH. Mbokmenawa isa diarani yen anane getih neng lawange wong-wong ngisrael kuwi minangka “tolakbala”, ben si pageblug ora mampir. Lan bener wae, lumantar pratada Getih kuwi wong-wong ngisrael pada aman saka pangamuk’e pageblug, lan uga merga manut ora ngeyel.

Saka crita kuwi isa dijupuk pasinaon apik, kanggo wong ing jaman saiki, merga ing wektu iki ya nembe ana dayoh neng “Omah Gede” sing kinaranan Jagad, dene dayoh kuwi jenenge korona. Kaya jamane nabi Musa lan bangsa ngisrael, saiki ya kudu wani “Nglokdon” kahanan, Nglokdon mandiri supaya ora diamuk karo dayoh ora sopan kuwi,lan merga dayoh kuwi wektune mung sedela, muga-muga ora nganti mangan korban okeh njur wektune entek,lan sirna. Mula saka kuwi, kaya ing jamane Musa, ayo pada manut. Yen ing jamane Musa kudu nandani omahe lumantar getih wedus, lan kabeh sing manut njur slamet, saiki ayo nglakoni apa wae sing dadi pengarahane sing kawogan. Yen dikon nganggo masker, ya ngganggoa, yen dikon neng omah ya nengo ngomah, yen dikon wisuh nganggo hensanitiser ya lakonono, ben kliwatan saka dayoh reseh iki.

“Lik, dirasani wong okeh, jare suwi ora njedul”, Dalijo ngandani Lik Ndoleng bab suwe ora njedul.
“Ssstt..apa ora pada ngerti yen aku lagi ngarantina mandiri, ben ora digaglag dayoh reseh sing jenenge korona kuwi ta Jo?” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ya mbokmenawa ngerti Lik, ananging sajake ya ana sing kangen karo sampeyan..”Semaure Dalijo.
“Wah, yen bab kangen karo aku kuwi lumrah Jo, wong sanajan kahananku “minimalis” ananging aku ngangeni..Pomeneh si..” Durung wae rampung anggone ngendikan, kesusul I’in njedul lan melu ngomong.
“Yu Wasti ya nakokne Lik, jare wis suwiii ora mampir warung dul ndalan..”
“Kandani lagi LOKDON kok malah jik kangen Wasti kuwi..”Semaure Lik Ndoleng, lirih..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH