Sabtu, 25 April 2020

WAREG


setu Legi 25 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 25:6-9
Jabur 116:1-4,12-19
Yokanan 14:6-14
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku. Yokanan 14:6

“Jo, kena ngapa awakmu iki mau ora mangan?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nalika sore kuwi kaya padatan, lungguhan neng Lincak Sor Talok, sakdurunge pada mangkat ngronda. Dene takone Lik Ndoleng marang Dalijo klakon merga Dalijo ora mangan nalika wayahe mangan sore.
“Wis WAREG kok Lik” Dalijo semaur cekak aor, sinambi dolanan hape lan klepas-klepus karo MLDne.
“Lha wis WAREG kuwi mangan apa sliramu, njur nengndi lehmu mangan?” Lik Ndoleng sajak penasaran bab wangsulane WAREG saka Dalijo.
“Lha ngapa ta Lik, kok curigation banget bab kang Dal sing ora madang sore merga wis WAREG?” Ujug-ujug I’in njedul saka sisih wetan omah, seka Warunge, tuku kopi lan ubarampe sing pada ronda.
“Ya mung pengen ngerti wae In. apa wis mangan sega, kok wis WAREG..” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Bab WAREG kuwi ora kudu mangan sega kang digawe saka beras lho Lik..apa wae kang dipangan, anggere ancase WAREG, ora apa-apa. mangan kuwi tujuane ben WAREG lan sing dipangan isa dadi srana panguripan lan kuwi kanggo energy makarya ing jagad ik. Ora usah udhur baba pa sing dipangan, sing penting ora mendemi lan carane oleh ya lumaku ing dalan kang apik utawa becik…” Dalijo njlentrehke bab mangan lan WAREG marang Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung manthuk-manthuk wae, mbuh dong pora, sing penthing manthuk-manthuk, kaya sing maca tulisan iki, nailika sarasehan…

Bab WAREG kuwi urusane mangan karo weteng, ora usah dipikir apa sing dipangan, neng ngendi mangane lan ginawe saka apa panganan kuwi. Sing penting ora mendemi, kuwi panganan apik. Semono uga bab Keslametan ana ing tembe, urip sakwise urip iki. Manut Pangandikane Gusti, yakuwi “Ngliwati Dalan Kang Diliwati Dening Gusti”. Kuwi mesti slamet. Dene “dalan” kuwi pasemon, merga kuwi tegese matrap urip kaya urip kang dilakoni dening Gusti.

Ora gampang urip kang dilakoni dening Gusti, amarga ora nate mikir awake dewe, kabeh uripe dipasrahke marang liyan. Iki sing angel, merga saiki arang menungsa sing gelem masrahke uripe marang liyan, malah yen isa, uripe liyan kudu manut karo kekarepane. Sakumpama dijejerke, ing antarane WAREG lan Slamet kuwi ya meh pada. Ora usah njlimeti uripe liyan, sing penting anggere uripe kanggo liyan kuwi mesti slamet, mbuh apa agamane. Dene menawa uripe mung kanggo awake dewe lan babar blasora gelem mikir liyan, mbok apa wae agamane, ora bakalan nemahi Slamet. Kaya bab mangan, apike kaya ngapa wujud’e gambar panganan, ora bakalan ndadekne WAREG, ananging menawa panganan kuwi wujud nyata lan dipangan, mesti dadi srana WAREG marang sapa wae.

“Lik, njo mangkat jaga. Iki jatahe kang Markun, ananging diwakili Yu Wasti, merga kang Markun mbriyeng..” Dalijo nggugah Lik Ndoleng ngajak mangkat ngronda, merga keturon lan mak jenggirat tangi merga krungu jenenge WAsti disebut..


Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH