Senin, 20 April 2020

NJALUK BUKTI


Senen Legi 20 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


KATAK BIBIT PORANG
Kualitas Super. Minat Kontak WA 085870480039

Para Hakim 6:36-40
Jabur 114
Yokanan 3:1-8
Gidheon tumuli matur marang Gusti Allah: “Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sapisan malih, namung sapisan punika kemawon: Kawula mugi kalilanana ngawontenaken coben-coben srana guntingan wulu punika, namung sapisan punika malih: sapunika mugi namunga guntingan wulu kemawon ingkang garing, dene ing siti sadaya wontena ebunipun.” Anadene Gusti Allah iya nindakake kang kaya mangkono ing wayah bengi iku, sabab mung guntingan wulu thok kang garing, dene lemahe kabeh padha kebunan. Para Hakin 6:30-40

Minggu wingi piwulange Kitab Suci nandharake bab Om Thomas sing NJALUK BUKTI sakdurunge percaya. Bab NJALUK BUKTI saka Om Thomas kuwi akeh sing mbokmenawa kleru pangertene, sebab ora sithik sing ndakwa yen Om Thomas ora percaya  bab Gusti Yesus kang wungu, kamangka sejatine Om Thomas durung (ora) percaya marang paseksine kanca-kancane, para sekabate Gusti. Bab NJALUK BUKTI saka Om Thomas kereb dadi srana poyokan, njur sejatine bab NJALUK BUKTI kuwi apa ya luput ta?

Ben luwih padhang nyawang bab NJALUK BUKTI kuwi, dina iki senen legi rongpuluh april rongewu rongpuluh, piwulange Kitab Suci ya gegayutan karo bab NJALUK BUKTI. Saka Kitab Para Hakim bab enem, dicritakne bab timbalane Gusti marang Pakde Gidheon, ditimbali kanggo mandegani bangsane nundhung mungsuh sing ngrusuhi uripe bangsa ngisrael. Nalika dipethuki dening Malaekate Gusti, Pakde Gidheon nembe makarya, nembe ngrumati anggur panenane. Pakdhe Gidheon ora langsung sumadya nalika ditimbali, sanadyan wis bola-bali diwenehi tandha bab timbalan kuwi saka Gusti , ananging tetep wae NJALUK BUKTI. Dene BUKTI kang pungkasan sing dijaluk jian rumite ramekakat, yakuwi nalika wulu wedhus gembel sing wis digunting kuwi dijereng neng nglatar nalika bengi lan sing kena EMBUN mung kuwi, dene lemahe tetep garing. Penjaluke Pakdhe Gidheon disembadani dening Gusti, mulane ya bubar kuwi Pakdhe Gidheon ya mangkat ngayahi tugas peparinge Gusti.

Saka critane Pakdhe Gidheon, jebul bab NJALUK BUKTI kuwi ya sah-sah wae, ora kaya nalika para sedulur maca critane Om Thomas, sing sajak’e rada sensi merga NJALUK BUKTI. Dadi, bab NJALUK BUKTI kuwi, saka piwulange Kitab Suci ya sah-sah wae, ora luput lan ora nerak angger-anggere Gusti. Ananging kudu dieling, sakwise entuk BUKTI, aja ngendhani timbalan kanthi alesan sing ndakig-ndakig, lakonana kabeh timbalan mau, merga Gusti mesti nganthi lan nulungi. Nalika wis wani NJALUK BUKTI, ananging bubar entuk BUKTI njur mlayu ngendhani, aja takon dosa..hehe..Mula saka kuwi, ayo padha netepi timbalan saka Gusti, lan bab BUKTI ora usah NJALUK, kuwi wis sakndayak abuh. Sapa wae sing jik isa maca tulisan iki, kuwi sejatine ya BUKTI yen karumat dening Gusti, mula rasah NJALUK BUKTI maneh, wis ndang dilakoni sakdawuhi Gusti.

“Jo, wingi ditakokne Pakde Wasino, dina minggu kok EMBUne ora ana, apa ya kena lokdon…ngono takone..” Lik Ndoleng nakoni lan nginpornasekne bab pitakonane Pakde Wasino dek dina minggu.
“Njur mbok wangsuli piye Lik?” Semaure Dalijo sinambi nyumet eMeLDene…
“Aku ya wangsulan mboten ngertos dhe, lha cen aku ora ngerti gaweanmu dek wingi..” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Wong ya cetha wela-wela nyulek mata yen Kang Dal soibuke pol kok ya ora ngerti ta Lik, kok ya ijik NJALUK BUKTI..” Semprote Nduk I’in kang njedul sinambi nggawa kopi mongah-mongah.
“Rapapa In, wong bab NJALUK BUKTI kuwi ya dadi crita okeh neng Kitab Suci, mung wae sakwise entuk BUKTI, muga-muga sesuk-sesuk paklik isa atur wangsulan..” Semaure Dalijo, karo ngisep MLDne..
“Ssst..In, iki Dalijo kok kokean nyebut BUKTI, wediku yen kleru nulis..” Lik Ndoleng klesak-klesik karo I’in lan I’in ya ketok manthug-manthug..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH