Rabu, 15 April 2020

GARING


Rebo Legi 15 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK       


KATAK BIBIT PORANG
Minat Hub WA 085870480039


Yusak 3:1-17
Jabur 118:1-2,14-24
Lukas 24:13-35
Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.” Yosua 3:17

GARING kuwi kahanan, sing nyritakne menawa pengaruhe banyu wis kalah. GARING kuwi mungsuhe teles, sing artine kahanan kang dikuwasani dening banyu.bab apik sing endi ing antarane GARING lan Teles kuwi gumantung marang kebutuhan. Tumrap para kadang tani sing nggarap lan nduweni sawah, GARING kuwi dadi kahanan kang diendani, dene tumrap para sedulur sing nembe mepe jagung, kahanan GARING kuwi sing tansah diantu-antu. Sepisan meneh, bab GARING utawa Teles kuwi kabeh ana pigunane, gumantung kahanane.

Bab kahanan GARING kang diyakini minangka carane Gusti Allah ngrumat kagungane, yaiku nalika mlaku tumuju marang papan kang diyakini dadi duweke. Rombongan bangsa kuwi dipimpin dening Yusak, sing nyulihi nabi Musa, kang wus tinimbalan marang klanggengan. Nalika kuwi kudu nyabrang Bengawan Yarden, ndelalah ora ana wot utawa jembatan, turya sing tukang nyebrangake mbokmenawa nembe manut merga Sosial Distansing..hehe.. Ngadepi kahanan kang ruwet kuwi, Yusak njur nyenyuwun marang Gusti, njur entuk wangsit. Dene wangsite mengkene : Para imam lewi kudu mlaku ndisiki rombongan kanthi mikul pethine prasetyane Sang Yehuwah, bubar kuwi  nembe rombongan liyane. Kabeh para imam lan para pinisepuhe MANUT, nglakoni apa wae kang diprentahke karo Yusak. Lan pungkasane, banyu Bengawan Yarden sing sakdurung nggegirisi merga gede lan kimplah-kimplah, dadi GARING saknalika. Kuwi kabeh merga pangwaose Sang Yehuwah.

Saka crita mau isa dijupuk pasinaon apik, nalika ngadepi kahanan apawae, aja lali marang Sang Yehuwah. Sejne kuwi, sakwise sowan lan nyuwun dhawuh, njur entuk dhawuh, ya kabeh kudu dilakoni. Yen kabeh dilakoni, mesti bakal nampa mujijat sing nggumunake,mbuh awujud apa. sebab tumrap Gusti Allah, gawean nggawe GARING segara wae mayar, apa meneh mung banyune Kali. Mula nalika ing jaman saiki jagad nembe ngadepi “Dayoh” sing jenenge korona, lan kuwi ya nggegirisi, ayo padha manut marang apa wae dhawuh kang ngener marang apik’e kahanan. Yen iline banyu bengawan Yarden sing gedene ngeram wae kalah karo panguwaose Gusti, apa meneh mung korona. Siji meneh, menawa Bengawan Yarden didadekne “PIRANTI” dening Sang Yehuwah kanggo mratelakne pangwaose, manut pangertenku, korona iki ya mung Piranti’ne Gusti Allah. Mulane, ayo padha manut, sinambi nunggu apa kang dadi kersane Gusti lumantar tekane “dayoh” kang diarani korona iki. Banyu kaline Bengawan Yarden GARING merga Gusti Allah, saiki korona ya kudu “GARING” uga merga panngwasane Gusti Allah.

“In, ngandi paklik kok durung njedul kawit esuk mau?”Takone Lik Ndoleng neng I’in, nalika nembe motheki Jagung panenan seka tegalan.
“Neng kamar,mbuh ngetung apa, ora dong aku kang..Nggagas Yu Wasti kayane..” Unine I’in.
“Crigis In, kabeh kok mbok gathukne Wasti. Iki lho, lagi ngetung lahan tegalku kae, arep tak gawe GARING, merga mangsa labuh ngarep arep tak tandoori Porang” Ujug-ujug Lik Ndoleng njedul seka kamar.
“Weh, tumben mlethik pikiranmu Lik?” Dalijo sajak kladuk nakoni Lik Ndoleng.
“Iki merga mau bengi tuku udud mae Wasti Jo, diesemi…Bar kuwi kepethuk kancane Mbah’e, sing saiki budidaya Porang..” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Yo njawil Lik?” Takone Dalijo.
“Prett. …palinga ya mung imbas-imbis kae..” I’in melu nyoal-nyael.
“Ben, tinimbang kowe Jo, kangenmu marang Tarsi piye?” Takone Lik Ndoleng, lan ujug-ujug Dalijo sajak melo….

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH