Kemis
Pon 2 April 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
BIBIT PORANG |
1
Samuel 16:11-13
Jabur
31
Yokanan
8:51-59
“Paduka mugi nilingna dhateng kawula,
karsaa enggal paring wangsulan! Paduka mugi karsaa dados redi sela papan
pangayoman kawula, beteng santosa ingkang mitulungi kawula! Awit Paduka punika
redi sela tuwin beteng kawula, kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun
margi saking asma Paduka.” Jabur 31:1-2
Jaman mbiyen, ana padusunan, saben omah
mesti pekarangane amba. Merga saka kuwi, banjur saben omah nggawe pager, isa
saka wit pring lan uga tanduran teh-tehan. Dene omah sing cedak karo jurang,
utawa paling ora ya tampingan, dudu pager kang digawe, ananging talut utawa
BETENG. Dene pagaweane diarani “Mbeteng”. Ancase gawe talut utawa BETENG, supaya aman. Aman saka apa? Saka longsore
lemah, mbuh kelongsoran (seka nduwur) lan uga ambles (longsor mudhun). Dadi cekak
aose, BETENG kuwi pigunane kanggo pangayoman utawa kang ndadekne kahanan luwih
aman nalika ana bebaya sing bakalane nrajang.
Kabeh wong mesti nate ngalami was
sumelang, lan tumekane wedi marang bebaya kang ngancem uripe. Biasane yen
menungsa kuwi wedi, banjur nggolek papan kang rinasa aman, utawa menawa ora
nggolek ya nggawe kahanan ben olih rasa aman. Neng Kitab Suci, ana crita bab
priyayi sing rumangsa aman nalika mapanake Gusti Allah minangka BETENG
panguripane. BETENG sing bakal ngayomi saka maneka werna bebaya kang nrajang. Ing
jamane raja Dawud, sing jik usum perang, BETENG kuwi diperlokne temenan, merga
sepisan wae ora ana BETENG’e, tumbah lan panah mesti bakal “ngambung” awak lan
isa dadi lan patine. Nemahi kahanan kang kaya mengkono kuwi, kabeh rumangsa
butuh BETENG, lan Dawud ngrasakne yen BETENG sing jos dewe ya mung Gusti Kang Akarya
Jagad. Paseksi bab Gusti Allah dadi BETENG uripe Dawud kuwi tinulis ing Jabur
31.
BULBIL/KATAK PORANG |
Kaya dene prabu Dawud sing ngrasakne
uripe ora nate sepi saka bebaya, mbuh apa wujud lan bentuk’e, wong-wong ing
jaman saiki semono uga. Pangancem marang urip mesti ana wae, mbuh apa kuwi
wujud’e. Mirunggan ing wektu iki, ana meneka werna pengancem, wektu iki sing
nembe nggegirisi yakuwi pirus korona utawa kopid songolas. Ananging manut Lik
Ndoleng, sing luwih mbebayani dudu peruse, ananging terror berita bab wengise
pirus kuwi. Merga terror kuwi mau, marakne “ketahanane awak” sansaya mudun,
mula nalika si pirus mampir, ya kena sawab’e. mula saka kuwi, ayo mapanke Gusti
Allah dadi BETENG ing urip iki,lan sranane mayar wae, tansah bungah lan uga
manut karo pengarahane sing kawogan. Lumantar kuwi, mesti isa dadi BETENG urip
sing esip, ejoss lan topmarkotop.
“Jo, iki serius. Sejatine sing marakne
mbebayani kuwi dlondong pirus korona apa terorberita ta?” Sore kuwi Lik Ndoleng
sajak ngajak ngomong sing serius.
“Yen manut aku ya Lik. Kabeh mbebayani.
Ananging ya aku luwih sarujuk, yen berita sing diwartakne ya sing positip, aja
meden-medeni. Merga yen meden-medeni, marakne ketahanan awak iki sudha”
Wangsulane Dalijo.
“Bener kang Dal Lik, peruse ya
mbebayani, ananging pawarta bab pirus sing luwih mbebayani..” Sambunge Nduk I’in.
“Njur kudu piye yen ngene iki?” I’in
mbacutne ukarane.
“Ngene Nduk, lank owe Jo..merga iki ana
bebaya, ya ayo nggawe BETENG kanggo
urip, dene BETENG sing jos kuwi mung Gusti Allah, mula ayo pasrah sumarah wae
ya, lan tetep makarya kaya padatan, sinartan tetep waspada..”Welinge Lik
Ndoleng sareh, jian kaya pendita kae gek..
“Esipp Lik..iki kudu tak critakne Yu
Wasti,ben sampeyan tambah bungah..”I’in muni lan sajak ngece Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar