Rabu, 29 April 2020

BEBARENGAN


Rebo Kliwon 29 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK

UMBI BIBIT PORANG
BIBIT PORANG SIAP TANAM
MINAT WA 085870480039
Stok Terbatas!!


Pangentasan 24:1-11
Jabur 134
Yokanan 6:35-40
Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan. Pangentasan 24:1

BEBARENGAN, kuwi tembung sing asale saka lingga bareng, sing tegese ora dewek’an, utawa ana sing ngancani. Saka tembung lingga Bareng kuwi, sakbanjure isa dadi pirang-pirang tembung lan nalika didadekne ukara, tegese isa beda-beda. Ana tembung mbarengi, sing tegese sengaja lumaku bareng, ana tembung dibarengi sing tegese ana sing dadi kancan utawa ngancani lumaku, lan uga kaya kang dadi jejer tulisan iki, BEBARENGAN. Mula saka kuwi tembung BEBARENGAN nduweni teges utawa arti tumindak kanthi sengaja lan sadhar sarta jujur kanggo ngayahi pagawean orang mude, ananging akeh kancane. Dene tujuane BEBARENGAN kuwi akeh banget, supaya isa luwih sumarak, supaya luwih entheng nalika kuwi bab ngangkat lan njunjung samubarang, lan ijik ana sing liyane.

Bab BEBARENGAN kuwi nate dicritakne ana ing Kitab Suci, pernahe ana ing Kitab Pangentasan. Ing kana dicritakne kaya ngapa nabi Musa dinawuhan dening Gusti Allah supaya “Munggah” Gunung sowan Panjengane BEBARENGAN karo liyane. Gusti nimbali nabi Musa munggah kanggo seba lan ora dewe’an, ananging BEBARENGAN. Gusti ngersakne urip kuwi padha rukun, saeyeg saekakapti, ora regejegan lan ora tukar padhu. Gusti ngersakne nabi Musa nuladhani wong akeh, baba pa kuwi rukun lan ngayahi pakaryan BEBARENGAN. Munggah gunung lan seba neng ngarsane Gusti kuwi pakaryan kanggo kabeh titah, mirunggan menungsa. Mula Gusti Allah ndawuhi nabi Musa munggah ana sing ngancani, mungga kanggo seba BEBARENGAN.

Mlaku munggah BEBARENGAN kuwi ora gampang turap wong sing nduweni watak egois, senenge urip dewe. Isa dibayangake mlaku munggah gunung lan cacahe sing mlaku luwih saka wong pitung puluh, mendhah rumile lakune wong semono akehe. Lumantar mlaku BEBARENGAN, ngemu piwulang bab kepiye urip rukun, kepiye ajen-ingajenan, kepiye kerjasama lan ora sama-sama kerja. Lumantar mlaku munggah BEBARENGAN isa didadekne kaca benggalane urip, yen rukun lan manunggil kuwi jebul dadi kersane Gusti ing sakabehing kahanan, uga bab makarya.
Kuwi kabeh isa dadi pasinaon apik tumrap menungsa jaman saiki sing wis angel yen dijak mlaku lan makarya BEBARENGAN. Dijak ronda wegah, alesane ngondani omahe dewe, dijak kerjabakti, ora gelem jare wis ana sing dibayar, lan jik akeh banget conto bab angele urip BEBARENGAN ing jaman saiki.

“Lik, sidane tegalmu kae arep mbok taduri apa? Jare wingi kae grenang-greneng sida meh nadur Porang?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Hmm..anu Jo,tak mikir-mikir ndisik…ora grusa-grusu lho mutuske bab ngene iki..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet 76me sing sajak’e jik akeh, merga nyumete karo gembelengan..
“O..yowis yen ngono, ora apa-apa. iki tak mbalesi WA, ana sing meh nuku bibitku..” Wangsulane Dalijo, sinambi nutuli androite lan ya tetep klepas-klepus kae.
“Lha iki jare jagongan, lha wong loro kok malah meneng-menengan ki kepiye? Apa iki ngelmu kebatinan?” Takone Nduk I’in.
“Mbalesi WA bab sing pesen bibit Porang In..” Dalijo mangsuli pitakone I’in.
“Oiya kang, Yu Wasti mau meling aku, kon nembungke bibit limolas kilo, wis golong-gilig arep nandur Porang..”Nduk I’in seru banget olehe muni, sajak sengaja ben Lik Ndoleng krungu.
“Weh, bener In, Wasti meh nandur Porang?” Takone Lik Ndoleng sajak kagete poll.
“Iyo Lik..” Cekak olehe I’in wangsulan.
“Weh, yen ngono aku ya tak nadur Jo, nempil bibite..” Age-age Lik Ndoleng njaluk Dalijo bab bibit.
“Walah, entek Lik..lha iki mau ana 45 kilo. Sing tuku liwat WA limolas kilo, Yu Wasti 15 kilo lan aku dewe ya semono. Muga-muga isa lancer, arep nandhur BEBARENGAN” Wangsulane Dalijo.
“Lha raktenan..bareng krungu Yu Wasti arep nandur, sampeyan kejek ta Lik? Cen mlaku lan nggarap apa wae kuwi penak;e BEBARENGAN..” Nduk I’in muni, sajak ngece Lik Ndoleng, sing mung kukur-kukur sirah sing rambute mung kari limang las..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH