Jumat, 17 April 2020

NGALEM


Jemuah Pon 17 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG
Yang Berminat Silakan Kontak WA 085870480039


Mustakaning Kidung 5:9-6:3
Jabur 16
Yokanan 21:1-14
Sampeyane iku saka marmer putih, tumumpang ing dhasar kancana murni. Sarirane kadya gunung Libanon, pinilih kaya wit anjir. Mustakaning Kidung 5:15

NGALEM kuwi sawijine pakaryan, yakuwi ngumbulake kahanan. Dene isane NGALEM kuwi sakwise ngalami apa sing kinaranan nyawang, ngrasa  lan uga krungu. Isa NGALEM sakwise netra nyawang kahanan, lan sakbanjure tuwuh rasa gumun. Isa NGALEM  sakwise ngrasakne kahanan kang nyenengake, njur eling marang Gusti Kang Maha kwasa. Isa  NGALEM sakwise  kuping krungu samubarang kang ngresepake ati, njur mrentul krenteg memuji Gusti Kang Akarya Jagad. Cekak aose, NGALEM kuwi isane klakon sakwise Nyawang, Ngrasa lan Ngrungokake.

Mustakaning Kidung, kuwi salah sijine perangan Kitab suci, lan ing Kitab kuwi isine mung bab PaNGALEMbana. Dene paNGALEMbana ing Mustakaning Kidung ana gegayutane karo sesambungane wong wong lanang lan wong wadon. Lho kok kudu bab wong lanang lan wong wadon? Kuwi merga bab NGALEM kuwi luwih gampang nalika urusane karo bab rasa. Lan ing antarane titah kang kinaranan menungsa, sing paling mayar alem-aleman ya nalika menungsa (lanang-wadon) padha andhon tresna. Nalika tresna sing makuwon, ing kana sing ana mung bab sing sarwa apik, lan iki gathuk karo piwulange para leluhur, “Wingka Katon Kencana..”. Nalika tresna kang lungguh ana ing damparing urip, kabeh sinawang nyenengake, nalika tresna kang ngwasani kahanan, panyawang, pangrasa lan pangrungu mung sarwa apik.

Semono uga nalika sesambungan menungsa karo Gusti Allah kuwi apik, apa wae sinawang, rinungu lan rinasa apik. Ngadepi kahanan apa wae kepenak wae. Nalika udan ya isa atur panuwun, nalika panas ya atur panuwun, nalika peteng tansah bungah, nalika padhang semono uga. Uga nalika ngadepi kahanan bebaya, kayata pageblug merga korona, ya tetep isa mrentulake atur panuwun, isa NGALEM marang pakaryane Gusti, isa nemokake apik’e kersane Gusti ing kabeh kahanan. Kayadene kang nganggit Mustakaning Kidung, NGALEM sikil’e sing ditresnani kayadene marmer. Biyuh mendah aluse menawa sikil wae kayadene marmer. Sepisan meneh, kabeh isa klakon nalika ana sesambungan kang apik. Nalika sesambungane rusak, tangeh lamun isa NGALEM, anane malah misuh-misuh ta iya..

“Jo, In, kae lho kaya Wasti, misungsungke masker, hensanitiser lan duwit kanggo para sedulur “ Ujug-ujug Lik Ndoleng mbukak rembugan nalika sore kuwi lugguhan neng Lincak, Sor Talok.
“Haiyah, lha pira gunggunge seka Yu wasti Lik? Pora jik okeh Kang Dalijo?” Nduk I’in semaur marang gunemane Lik Ndoleng.
“Weh, lha apa kowe umbrug Jo?” Takone Lik Ndoleng, lan Dalijo mung manthug,ora guneman.
“Wealah, lha aku ora ngerti yen Dalijo melu urun..tapi tetep wae Wasti kuwi perduline apik, “ Lik Ndoleng jik NGALEM tumindake Yu Wasti.
“ Iya Lik, sampeyan tansah NGALEM marang apa wae tumindak’e Yu Wasti, merga njenengan nduweni rasa tresna kang sinimpen, lan rasa kuwi sing ndadekne apa wae apik. Coba wae rasa kang sinimpen kuwi gething, mesti kabeh tumindak’e Yu Wasti ora apik, kabeh ala..”Wangsulane Dalijo.
“Oiya ding, lha rasamu tresna jik jeruuuu Lik, mula tansah NGALEM sakparipolahe Yu Wasti..” Nduk I’in muni njur bablas mlebu menyang pawon, dene Lik Ndoleng mung kukur-kukur sirah sing rambute kari limang ler..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH