Rabu, 22 April 2020

SAMBAT


Rebo Pon 22 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Bibit Porang Dewasa
Minat Silakan Kontak WA 085870480039


Yunus 2:1-10
Jabur 114
Yokanan 3:16-21
Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe, unjuke: “Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah lajeng inggih dipun sembadani, wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung, Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula. Yunus 2:1-2

SAMBAT, kuwi nate dadi jejer BENINGE EMBUN ESUK dek tanggal 5 Agustus 2019, ananging kuwi ngrembug bab SAMBAT kang negative. Mula saka kuwi, jejer SAMBAT ing dina iki, rebo rolikur april rungewu rongpuluh, arep ngrembug bab SAMBAT kang sinawang saka pereng posisitp. Lho, wong sambat kok isa positif kuwi nalare kepiye jal? Ya isa wae, mula terusna olehmu maca, aja mung ciculik judule wae..

Crita bab nabi Yunus neng Kitab Suci jian apik temenan, seka priyayi sing mula bukane manut marang Gusti, ananging bareng entuk dhawuh sing ora cocok karo kekarepane, njur mletho.  Sakdurunge dikongkon menyang Niniwe, nabi Yunus jian sregepe ngeram, ananging bareng entuk “Surat Perintah Tugas” menyang Niniwe, mertobatke bangsa kuwi, njur nabi Yunus selak,endha lan malah meh mlayu saka ngarsane Gusti.  Ananging Gusti Allah maha kwasa, mula arepa mlayu ngandhi wae tetep konangan lan manut kawicaksanane Gusti Allah, nabi Yunus kudu  “diparingi wulangan tambahan”. Dene wujud “wulangan tambahan” kuwi srana ngutus Iwak gedhe kanggo ngunthal nabi Yunus. Lha ing sakjroning wetenge Iwak mau, nabi Yunus nembe sadhar lan sakbanjure SAMBAT marang Gusti. SAMBAT lan nggresula, mertobat lan rumangsa luput.

Apa kang dilakoni dening nabi Yunus mbokmenawa ya kerep klakon marang sapa wae, klebu sing maca tulisan iki, yakuwi sregep ngayahi ayahan apa wae sauger gathug karo kekarepane, dene menawa slenco karo kekarepane, njur ngendani lan nginggati. Bab nglakoni nalika seneng ;an nginggati nalika ora seneng kuwi ora mung neng bab ke-agama-an wae, sakdengah kahanan ya isa klakon mengkono. Nah, sinau saka pengalamane nabi Yunus, ayo padha nydhari yen sejatine timbalan makarya apik kuwi asale saka Gusti Allah, sanadyan lumantar apa wae. Kaya nabi Yunus, sanadyan ing pamawas bangsanekutha Niniwe kuwi mungsuh, ananging ana ing pamirsne Gusti Allah, kuwi Kagungane kang ditresnani, mula nalika mbalela ya kudu ditata maneh.

Yen nabi Yunus nalika nampik lan ngelak njur nginggati timbalan njur entuk “Wulangan Tambahan”, Semono uga ing jaman saiki mesti Gusti kagungan “wulangan tambahan” kanggo para kagungane. Mula saka kuwi, aja padha nulak utawa nampik timbalan, apa maneh nginggati. Resikone gedhe,. Lan umpama wis kadhung mrangguli kahanan sing nggegirisi nalika nginggati timbalan, aja isin-isin nuladha nabi Yunus, yakuwi ndongan lan SAMBAT marang Gusti. Yen wis SAMBAT kuwi tandane wis mertobat, mula mesti antuk pitilungan saka Gusti Kang Murbeng Rat..

“Lik, saiki ben bengi ronda diketati. Lan sampeyan entuk jatah kemis malem jumat..”Dalijo ngandani Lik Ndoleng bab jadwale ngronda.
“Weh, lha kok aku ditibakne dina kemis, malem jumat? Kuwi kan “jatahe” mbokmu cilik Trinil ta Jo..?” Semaure Lik Ndoleng.
“Lha isane kapan Lik, ben diatata erte lan linmase..” Nduk I’in urun rembug.
“Minggu aku kudu ngurusi usahaku, senen aku nyinaoni anak mbarep, selasa aku kudu cek bisnisku, rebo aku kudu ngaso, kemis kuwi jatahe mbok wedok, jemuah aku niliki tandura, setu aku ngaso persiapan ngibadhah…lan ..” Durung rampung anggone Lik Ndoleng njlentrehne, ketungka Dalijo menggak.
“Haiyahh..kokean sambat Lik..yen wegah ya rasah mangkat. Ning yen engko entuk “sikune” tumindak, aja kokean SAMBAT, lan menawa arep SAMBAT, SAMBAT’a marang Gusti wae..” Dalijo muni sajak nesu merga pakne cilik Ndoleng kokean alesan yen dijak makarya kemasyarakatan..

Mbah’e..

                                                                                                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH