Senin, 09 September 2019

MBALEKNE


Senen Pahing 9 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 18:12-13
Jabur 2
Lukas 6:6-11
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?” Sawise ngandika mangkono nuli mirsani mubeng marang wong-wong mau, banjur ngandika marang kang ceko: “Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjur nindakake mangkono, wasana tangane waras. Lukas 6:9-10

Tembung MBALEKNE kuwi linggane Bali, sing tegese tumuju marang kahanan wiwitan. Saumpamane dolan, sing jenenge bali kuwi ya mulih. Semono uga bab MBALEKNE, iki wosing tembung ya mulih, ananging ora mulih dewe merga ora isa, mulane kudu diulihke. Merga jejer MULIH wis nate dadi jejering renunganBENINGE EMBUN ESUK, mula ya kudu ganti…hehe. Oiya, mbalik marang bab MBALEKNE, kuwi tegese ngulihake samubarang supaya bali  marang wiwit mulane. Jenenge wae ngulihake utawa MBALEKAKE supaya tekan papan kawitan, mesti ora kabeh isa lancer, isa wae nemahi pepalang-pepalang sing ora entheng. Ananging kaya ngapa’a wae merga niate wis golonggilig arep MBALEKAKE, ya kudu tekan sanadyan kudu soroh nyawa.

Ana crita neng Kitab Suci bab rekasane MBALEKAKE kahanan tumuju marang bab sing apik. Kuwi ditindakne dening Gusti Yesus. Nalika kuwi nembe dina Sabat, dina sing istimewa tumrap wong Yahudi. Lha ing kono Gusti kok malah marasake wong lara tangan, utawa ceko. Tumrap wong Yahudi, marasake wong lara kuwi gawean,mula ya dilarang merga dina Sabat. Kanggone wong Yahudi pranatan agama kuwi luwih aji tinimbang bab KAMANUNGSAN. Iki beda karo pamawas lan kawicaksanane Gusti Yesus, merga ana ing kawicaksanane Gusti Yesus, apa wae bab pranaan kuwi kudu arah lan tujuane MBALEKAKE marang jatining titah, menawa menungsa ya kudu mbalik apik kaya nalikane tinitahake. Ing kahanan iki, isa dimangerteni, menawa gawean MBALEKAKE titah marang kahanan kang sampurna utawa apik kuwi dalane rumpil banget, ananging rumpila kaya ngapa, Gusti Yesus tetep lewati,TABRAK wae sauger tujuane Pulihing Titah Marang Mulanira Tinitahake, yakuwi kahanan kang Apk.


Ing jaman saiki, ora sithik wong sing wedi dalan rumpil kanggo MBALEKAKE kahanane titah. Akeh sing seneng ndelik lan umpet-umpetan ana saknjerone aturan-aturan. Angger dijak lumaku ing rumpiling dalan MBALEKAKE relasi ing antarane menungsa sing beda bab sabarang kahanan, jik enda, alesane nunggu rapat, aturane greja ora anal an sakpanunggalane. Intine jik pada jirih ngliwati rumpiling dalan kanggo MBALEKAKE kahanan ben pulih meneh.

“Lik, melu nyumbang ya, kan bar panen akeh. Iki meh ana acara Lintas Iman, relasi antar iman kuwi jik ringkih banget, mula kudu ana sing wani MBALEKAKE” Dalijo sore kuwi curhat karo Lik Ndoleng.
“Weh, tak rembugan karo mbokmu cilik Jo, kudu dibahas serius kiye” Wangsulane Lik Ndoleng sajak demokratis.
“Padune pelit wae kakean alesan Lik..bar panen kacang 7 ton pepayon puluhan yuta, sambati ngono wae nggaya arep taren mbokcilik sik. Yen nonton ledhek wae lansung jenggirat rasah taren” Ujug-ujug Nduk I’in nyauri sajak nesu.
“Sttt..rasah nesu In, sareh wae..cen angel dalane kanggo MBALEKAKE kahanan tumuju marang bab sing apik” Semaure Dalijo.
“Iyo kang, iki kaya grejane dewe ya, gekaje..hehe..”Nduk I’in klesak-klesik karo dulure lanang.
“Iyo, lan Paklik nate dadi majelis, malah dadi pejabat klasis, mula ya …hmm..anu…hmm..”Dalijo sajak mel klesak-klesik.
“Dusss…ngapa cah kelsak-klesik!?” Lik Ndoleng sajak nesu, merga rumangsa dirasani ponak-ponakane.


Ingkang sami maos, wanton mboten ngliwati rumpilimg margi kangge MBALEKAKE kahanan tumuju ingkang sae?



Kyai Tu Pong Ji..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH