Senen
Legi 23 September 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
9:12-26
Jabur
106:40-48
Lukas
8:16-18
“Ora ana wong nyumed diyan,
kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi
tumuli ditumpangake ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu ing omah padha
bisa ndeleng padhange.” Lukas 8:16
Ana ing alam pikire menungsa, ora sithik sing wis milah-milah
samubarang ana ing panggonan manut karo kekarepane dewe-dewe. Sing dimaksutke
yakuwi, apa wae sing ana wis kagolongake marang perangane dewe-dewe. Dene sing
kereb klakon bab milah-milah kuwi kayata, ana sing apik uga ana sing ala, ana
sing akeh ana sing sithik, ana sing padhang lan uga ana sing peteng. Sakliyane kahanan,
bab tembung ya mengkono uga, sanadyan sejatine tembung kuwi artine netral,
ananging merga wis mlebu alam pikire menungsa sing kulina milah-milah, ana uga
tembung sing wis kadung dilebokne marang kahanan sing ala, sanadyan sejatine
ora kaya mengkono.
Tembung PAMER kuwi sejatine ora nduweni teges utawa arti sing negative,
ananging ana ing alam pikire wong jawa, isa dadi nduweniarti utawa teges sing
miring utawa negative. Dene tembung PAMER kuwi sejatine tegese tumindak utawa kahanan sing marakne pihak liya dadi
magerteni. Ora ana sing salah karo rumindak supaya liyan isa dadi ngerti, merga
kotbah kuwi ya tumindak sing marakne liyan dadi mengerti, uga wartawan kae ya
tumindak supaya liyan dadi mengerti. Mula sejatine bab PAMER, sing tegese
tumindak murih liyan ngerti, kuwi
tembung sing netral lan malah kepara apik. Dene bab ora apik lan apik kuwi mung
gumantung karo pikirane sing menehi arti.
Piwulange Gusti Yesus ana neng Injil Lukas bab 8 ayat 16 kuwi
sejatine babagan PAMER, yakuwi bab nyumet diyan utawa dilah. Tumrap Gusti
Yesus, ora lumrah menawa nyumet diyan kuwi njur didelikne, mulane kudu di-PAMER-ake,
supaya wong liya dadi mengerti lan antuk tuntunan saka padhange diyan kuwi mau.
Menawa nyumet diyan njur ditutupi srana tutup kang isa awujud apa wae, kuwi
malah tumindak kang luput. Mulane, manut penemu, bab PAMER kuwi ora dadi masalah,
ora isa diarani sombong utawa bab liyane. Bab sombong lan ora kuwi gumantung
saka sing arep menehi arti. Diyan sing mamerne padhane kuwi ora isa diarani
sombong lan PAMER, merga pancen kaya mengkono fungsi lan sifate. Semono uga
menawa ana ing urip bebarengan iki ana sing nunjukne kaluwihane, nunjukne
kapinterane,ana sing nunjukne kekuatane, sauger kanggo bab sing apik, ora usah
pada baper lan sakbanjure ngarani kuwi PAMER. Dene menawa tujuane sing tumindak
kwi pancen arep PAMER, yo ora apa-apa, wong ya kuwi hak’e, sing pada nyawang
lan ngrasakne (klebu sing maca tulisan iki) ora usah merinan lan njur nggething
sing padha PAMER.
“Jo, aku jik ngikit-ikit karo Markun, kaya dewek’e dewe wae sing
isa Vokal, saben kebaktian kok nyanyi. Senengane kok PAMER!!Jian njelehi!!”Sambate
Lik Ndoleng sore kuwi nalika lungguhan
neng Lincak.
“Mulane mbiyen Yu Wasti milih kang Markun Lik..hihi..”Nduk I’in
kaya biasane, njedul lan melu nyoal-nyael sinartan sajak ngece.
“Lha mbok ben, wong pancen kuwi bakate Kang Markun, ora usan nesu
lan meri Lik..lan ora usah ngarani PAMER, wong akeh sing seneng..” Semaure
Dalijo sareh.
“Duss..kabeh malah mbelani Markun!” Grundelane Lik Ndoleng.
“Rasah nesu Lik, mbok njajal nyanyi, njur duet mbek kang Markun,
ben Yu Wasti mesam-mesem..” Nduk I’in sansaya ndadi olehe ngece Lik Ndoleng.
“Weh, ide apik kuwi In, kan paklik kuwi senengane “Nyumbangke”
lagu, lagu apik yen paklik melu nyanyi dadi ora karu-karuan..hehe” Dalijo uga
sandaya ndadi oleh ngece, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Walang
Gambung ketemu jodone..
Kyai Tu Pong JI..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar