Senin, 16 September 2019

DIKROYOK


Senen Wage 16 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 5:1-17
Jabur 94
Lukas 7:1-10
Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!” Bareng kongkonan mau wis padha bali lan wis tekan ing ngomah, bature wis ketemu waras.” Lukas 7:9-10

DIKROYOK kuwi tembung linggane Kroyok, sing tegese ngupengi bebarengan. Dene anggone ngupengi kuwi mesti wae nduweni tujuan mirunggan, lan tujuan kuwi ana loro, tujuan sing apik lan sing ora apik. Saka tembung Kroyok kuwi ana pirang-pirang  pengembangan tembung, salah sijine DIKROYOK, sing tegese ngumpengi utawa  ngrubung samubarang kanthi ancas mirunggan. Ananging ana ing tata basal an panguripane wong Jawa, mirunggan ing budayane wong Jawa, tembung DIKROYOK kuwi luwih ngemu teges negative tinimbang positif, sanadyan sejatine kabeh tembung kuwi netral.

Ana crita Kitab Suci sing nyritakne bab DIKROYOK, ananging kang ngemu tegese positif. Crita kuwi ana ing Injil Lukas bab 7 ayat 1-10. Ing kana dicritakne nalika tindake Gusti Yesus tumeka ming laladan Kapernaum. Ing kana ana opsir prajurit sing nduweni rewang, dene rewange lara banget, nagnti meh mati. Krungu kabar bab Gusti Yesus rawuh ana neng kuthane, njur opsir kuwi njaluk tulung para pinitua agama Yahudi,  supaya sowan Gusti, cikben nulungi rewange. Temenan, nalika isa sowan Gusti lan matur apa sing dadi kebutuhane lan kuwi dirung wong akeh, sakbanjure wong akeh pada NGROYOK Gusti Yesus, supaya nulungi rewange opsir kuwi mau. Mirsa kahanan sing kaya mengkono kuwi, Gusti njur tumindak tumuju omahe si opsir. Nalika nyedaki omahe, opsir kuwi matur murih Gusti paring dhawuh wae, ora usah tindak ing omahe. Kuwi tata kapercayane opsir, sing manut karo dhawuhe atasan. Imane opsir kuwi jare para winasis teologi diarani iman sing kontekstual..hehe Gusti “gumun” mirsani kahanan sing kaya mengkono kuwi lan sakbanjure ngendika yen rewange wis mari.


Saka crita ing nduwur, ana sing isa dijupuk minangka piwulange urip. Sepisan, ana kalamangsane sambarang kuwi DIKROYOK, mirunggane sing abot, supayane enggal rampung. Aja malah padha minggir nalika ana gawean lan ayahan sing abot, kaya sing pada maca tulisan iki. Kapingpindhone, aja milah-milih gawean, apa wae sing mbutuhake nampa pambiyantu, ya ayo dibantu. Kaya opsir ing crita kuwi sanadyan mung rewang, ya tetep ditulungi. Uga kaya Gusti Yesus, ana wong butuh pitulungan temenan, ya ditulungi lan kuwi dijumbuhake karo tata iman utawa kapercayane. Yen rong perkara kuwi isa klakon ing urip jaman saiki, mesti kabeh lumaku apik.
“Jo, kok wingi ana wara-wara, arep kerjabakti kanggo nggreja kuwi, jan-jane gawean apa ta?Kawit mbiyen kok ora bar-bar?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nakika esuk kuwi wedagan neng pawon.
“Lha ya kae ta Lik, mernah-mernahke lingkungan Greja..” Semaure Dalijo sareh, sinambi nyruput kopi paite.
“Lha mung gawean kaya mengkono wae kok suwene ngeream!!?” Lik Ndoleng sajak gumun.
“Lha suwe ta Lik, wong sing akeh kaya sampeyan kuwi, kokean rembug rakagag (iki basa khas daerah  kidulan) cawe-cawe!” Nduk I’in melu nimbrung rembugane Dalijo karo Lik Ndoleng.
“Iya Lik, bener I’in, kudune gawean kuwi DIKROYOK, ben ndang rampung. Ora mung pada maido lan moyoki thok!” Dalijo melu mbedhil polahe Lik Ndoleng sing arang tumadhang,ananging akeh nyaruwe. Raine Lik Ndoleng sajak isin, ananging ya tetep njupuk djarumsuper Dalijo, sanadyan mung sakler..


Kyai Tu Pong Ji


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH