Rabu, 18 September 2019

MBINGUNGI


Rebo Legi 18 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia  14:1-10,17-22
Jabur 94
Lukas 7: 31-35
Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit. Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.” Lukas 7:33-35

MBINGUNGI kuwi tembung linggane Bingung, sing tegese ora isa nyepadakne utawa nyipati kahanan. Dene bingung kuwi isa merga kahanan alami, ananging uga isa merga wegah nampa kasunyatan sing beda karo kekarepane dewe. Mula saka kuwi MBINGUNGI isa diparingi arti, ora isa nampa kahanan utawa kasunyatan merga beda karo kekarepan kamanungsane. Yen Bingung kuwi jik klebu “stadium” cilik utawa endek, ananging yen MBINGUNGI Kuwi wis klebu parah, stadium akut lan dhuwur bangitt..hehe

Bab MBINGUNGI kuwi nate klakon nalika jamane Gusti mulang wong akeh. Nalika akeh wong biasa pada gumun lan akhire mertobat, golongan Parisi lan Saduki ora isa nampa kahanan sing klakon. Lho,lha nalare piye? Nalika nabi Yokanan miwiti pakaryane lan ora mangan roti kaya biasane wong ing jaman kuwi, jare ora lumrahe wong urip lan malah diarani  kepanjingan dhemit. Dene nalika Gusti Yesus tumindak sing sebrangan karo sing dilakoni Yokanan, eee..malah diarani malah cedak lan kekancan karo wong dosa, lha sing kaya mengkene iki kan ya njelehi lan marakne umup getihe sapa wae sing ngonangi. Aja eneh awake dewe sing maca tulisan iki, lha wong Gusti Yesus sing sabare ngeram wae keduga (rada) esmosi..hehe
Lelakon kaya sing dipanggihi Gusti Yesus kuwi jik langgeng tekan saiki.  Akeh sing isa didadekne conto. Saumpama bingung randuwe kerjaan, ditawani kerjaan sing sederhana lan isa ndadekne sejahtera, mung mergadurung popular langsung ditampik, dijak investasi wedi, dijak pelayanan jare rungwancine lan sakpiturute. Kabeh wegah, nanging penegn sukses, lha pora njelehi ngene iki?

Njur bareng ana sing sukses lan makmur, klesak-klesik kana kene lan rana rene. Mbiyen dijak plinthat-plinthut bareng ana sing ndisiki kepenak njur mbebeki. Kuwi sing diarani MBINGUNGI. Mbokmenawa sing pada maca tulisan iki ya klebu “katetewel” eh, kategori bangsane sing MBINGUNGI, merga apa-apa wegah ananging pengen apa-apa. Ya pora?hehe..Sakdurunge didukani Gusti Yesus, ayo pada obah, aja mung maido wae, aja mung MBINGUNGI wae, ananging ayo obah lan tumindak.

“Jo, kok saiki kancamu esde kae sukses temen, apa resepe ya?” Takone Lik Ndoleng sajak MBINGUNGI nalika krungu kabar bab Maruta sing saiki sukses.
“Aja mung nyawang saiki Lik, mbiyen nalika miwiti usahane, meh kabeh ngguyu MAruta, ngece barang malahan” Dalijo sajak nyemes Lik Ndoleng.
“Lha ora sampeyan ya melu-melu ngece lan moyoki ta Lik?” Nduk I’in melu-melu nyemes pakne cilik.
“Ya iya jane..lha mbiyen kayane nyambut gawe renek hasile..lha bareng saiki kok kepenak temenan..mbok tak melu..”Lirih Lik Ndoleng olehe semaur..
“Gampang kuwi Lik, kana njaprio kyaine Tu Pong Ji..”Semaure Dalijo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH