Selasa, 24 September 2019

PRAKTEK


Selasa Pahing 24 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 10:1-16
Jabur 106:40-48
Lukas 8:19-21
Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu. Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.” Nanging Panjenengane mangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni.” Lukas 8:19-20

Ana unen-unen basa Jawa sing kayane ora asing ana ing pangrungone wong akeh, yakuwi “gedang wong pakel…..ngomong gampang ananging nglakoni angel..” . Pancen luwih gampang omong, tinimbang nglakoni. Ananging sanadyan angela kaya ngapa, kuwi dudu bab sing mustahil, mulane isa dilakoni. Mung siji syarat utamane, gelem utawa kareb. Ngomong kuwi mung agutan utawa modal lambe, mula gampang, dene nglakoni kuwi mbutuhke akeh syarat. Ing tulisan iki, bab nglakoni kuwi isa diarani PRAKTEK, sing tegese nindakne utawa nglakoni apa sing dadi pangertene.

PRAKTEKNA IKI


Bab PRAKTEK kuwi nate diwulangake Gusti Yesus nalika para sederek lan kanjeng ibu pengen ketemu Gusti Yesus. Ananging merga akahe wong, ora isa nemoni Gusti Yesus. Mengerteni kahanan kaya mengkene iki, njur ana sing matur yen ibu lan para sederek’e Gusti kepengen ketemu. Mirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Gusti Yesus njur maringi piwulang lumantar pangandika, yen bab sedulure kuwi ora mung winates bab tunggal trah, ananging sapa wae sing NGRUNGOKNE lan NGLAKONI apa wae sing diwulangake dening Gusti Yesus. Saka crita iki, isa dijupuk piwulang kang apik, yen sapa wae (klebu sing maca tulisan iki) isa dadi sedulure Gusti Yesus, sauger gelem PRAKTEK ana ing uripe apa sing nate “dipraktekne” Gusti Yesus.  Ing kahanan iki isa dimangerteni yen paham piwulange Gusti iku penting, ananging sing luwih penting ya nglakoni utawa PRAKTEK bab pangandikane Gusti.

Sing mung ngerti lan isane mung ngomong bab kersane Gusti Yesus durung isa diarani sedulure Gusti Yesus, tegese jik wong liya, utawa malah mungsuhe Gusti. Mulane ayo pada sinau mangerteni kersane Gusti Yesus, lan sakbanjure PRAKTEK apa wae sing dikersakne Gusti. Mung syarat kuwi sing isa ndadekne menungsa dadi sedulure Gusti Yesus.

“Jo, mraktekne kersane Gusti kuwi abot ora ta?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab nindakne kersane Gusti.
“Abot lan ora kuwi mung bab karep kok Lik. Yen karep, aboto kaya ngapa mesti dilakoni” Semaure Dalijo sareh.
“Kaya karepmu yen kepengen ketemu Yu Wasti kae lho Lik..ana pepalang apa wae ditabrak..”Nduk I’in njedul nggawa kopi sinambi nyemes Lik Ndoleng.
“Duss..kok mesti Wasti ta In..marakne teringat aku iki..” Lik Ndoleng sajak baper, yen krungu bab Yu Wasti.


Kyai Tu Pong Ji



1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH