Jumat, 13 September 2019

PICAK


Jumat Legi 13 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 4:1-10
Jabur 14
Lukas 6:39-42
Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan?” Lukas 6:39

Tembung PICAK kuwi arang dikandakne, merga ana neng pranatan ora tinulise wong  Jawa, ana tembung-tembung sing rada mesakne. Lho kok mesakne?Merga arang sing gelem ngomongke, kayata: Asu, sanadyan kuwi wis jenenge, ananging arang sing wani blaka suta ngomongne Asu, sanadyana kuwi ya jujur ngarani kewan sing jenenge Asu. Semono uga bab tembung PICAK, iki sejatine arep njlentrehne kahanane titah sing ora isa nyawang, organ awak sing jenenge mata ora isa digunakake kaya lumrahe. PICAK kuwi isa merga pirang-pirang perkara, sakperangan isa takaturne. Siji,merga pancen kawit lahir mula organ mata ora isa nduweni pungsi sing pas nomer loro organ mata ana, ananging merga ora kerumat kanthi apik mula dadi rusak, nomer telu sejatine nduweni mata lan normal, ananging wegah nggunakne kanth sakmestine. Sing kaya mengkene iki ya klebu sing diarani PICAK, utawa luwih pas’e micak’e.



Bab PICAK kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika pada diwulang malah maneni sing mulang. Sing diwulang rumangsa luwih ngerti tinimbang sing mulang, kamangka sejatine babarblas ora ngerti, utawa sejatine mung ngerti saklas ananging ngakune sepikul. Rumangsa ngerti akeh kuwi mbebayani, ananging luwih mbebayani nalika wegah ditambahi pangerten, wegah dijak sinau, ananging yen dikritik alesane “kula nika namun tiyang bodho, sagete naming mekaten”. Wis ngaku bodo ananging dijak sinau bareng wegah, sakisane bareng ora pener, dipenerke nesu. Kuwi kabeh klakon nalika Gusti Yesus memulang. Mirsani kahanan kaya mengkono kuwi, Gusti njur maringi pasemon, yen mokal yen wong PICAK isa nuntun liyane, sing pada-pada PICAK.

Wosing piwulange Gusti Yesus kuwi sejatine, aja mandeg olehmu sinau,aja nutup pangerten-pangerten anyar sing akehe ora umum iki. Sepisan wae nutup marang perkara-perkara sing anyar sejatine kuwi wis isa diarani lumebu ing kahanan PICAK, ora gelem ngerteni samubarang kang ana. Mula saka kuwi, aja mandeg olehe sing pada sinau, lumantar apa wae lan uga neng ngendi wae, merga sinau kuwi sejatine mujudake yen menungsa kuwi URIP. Yen ora (gelem) sinau, tegese ya ora urip, ora sinau tegese ora ngerti lan ora ngerti kuwi ya isa diarani PICAK.

“Jo, kok saiki nggrejane dewe nggaya temen, nganggo anggaran literature, kuwi apa tegese donator ta?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo baba pa sing ndadekne bingung.
“Yungalah Lik, literature wae ora ngerti, kuwi lak sing dingo ngecet saka lan gebyok” Sajak ngerti Nduk I’in nyoal-nyael.
“Kuwi Plitur In..dudu literature. Literatur kuwi buku, anggaran literature kuwi kanggo nyawis wacan-wacan sing apik lan berbobot tumrap greja, ben pinter” Dalijo  njlentrehke.
“Weh..apik kuwi Jo, anaging kok mung sithik?”Lik Ndoleng sajak kurang marem.
“Ssstt..ana alokasi wae wis esipp..rasah protes ndisik..sesuk-sesuk ditambahi…”Dalijo mangsuli, sinambi nyumet djarumsupere, ora wedi karo kape’a’i..

Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH