Minggu, 01 September 2019

WONG CILIK


Minggu Wage 1 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Wulang Bebasan 25:67
Jabur 112
Ibrani 13:1-8,15-16
Lukas 14:1,7-14
Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta. Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”Lukas 14:12-14

Yen dikon milih, saben wong pengen dadi “wong gede” tinimbang WONG CILIK, merga wong gede kuwi ngemu samubarang sing nyenengake. Wong Gede kuwi kinurmatan, Wong Gede kuwi kajen, Wong Gede kuwi terkenal, Wong Gede kuwi diladeni lan meh kabeh kahanan dinomerke siji. Beda karo WONG CILIK, samubarang sarwa keri dewe. Bab mangan ya keri dewe tur ya ora sing apik dewe, bab papan linggih  ya neng ngisor, bab popular utawa terkenal ya babarblas alias tangeh lamun. Mula saka kuwi arang sing gelem dadi WONG CILIK, lan malah akeh sing “Nggaya” dadi Wong Gede sanadyan sejatine kahanane cilik.

Piwulange Gusti ing minggu sepisan wulan September 2019 menehi pepling marang sapa wae sing maca tulisan iki, yen sejatine Gusti ngersakne kabeh miwiyi samubarang saka kahanan kang cilik. Merga saka cilik isa dadi gede, kuwi hokum alam. Bab cilik kuwi sing dadi undheraning piwulang. Nalika ana akeh wong sing kepengin dadi sing Gede, Gusti Yesus malah ndawuhi supaya miwiti lan nggatekake samubarang kang cilik utawa asor. Ing Lukas 14 dicritakne, yen nduwe gawe lan ulem-ulem, ulemana sing pada ora klebu petung, merga lantaran kuwi kowe kabeh antuk pandonga kang becik lan langgeng. Beda karo yen ngulemi wong Gede utawa terkenal, paling-paling mung nyumbang (rada) akeh utawa gede, ananging mesti ora ndongakne kanthi tulusing ati. Wong Gede sing diulemi kuwi tekan wae sok telat lan njaluk digatekake linuwih tinimbang liyan. Wis ngrepoti, ora ndongakne meneh, mula luwih becik nggatekne sing Cilik.

Ananging ya angel nggatekne sing CILIK, merga kabeh menungsa kepengin dadi sing Gede, sing terkenal utawa kawentar. Arang wong sing nduweni cita-cita dadi sing cilik utawa WONGCILIK. Mula saka kuwi,payo pada mbaleni urip kanthi nggatekake sing sederhana lan sing (katone) cilik lan asor.
“Jo, kok krenggosan seka ngendi?” Dina minggu esuk Dalijo sajak krenggosan mulih saka paran.
“Seka Nggreja Lik”, Wangsulane Dalijo.
“Weh, cah kenthir, kebaktian jam 7 jam 6 malah mulih seka nggreja ki karepmu piye?” Lik Ndoleng sajak mangkel karo Dalijo, ora bab esuk-esuk seka nggreja, merga kentekan udud lan biasane njaluk ududte Dalijo.
“Lha ngapa ta Kang, kok esuk umun-umun malah neng Nggreja kuwi?” Nduk I’in melu-melu iyik.
“Ngrewangi Kostere, ngresiki lingkungan greja, nyapu,lap-lap,nggawe wedang lan sakpanunggalane. Pengangkahku ngko kabeh beres lan kostere isa melu ngabekti” Semaure Dalijoo sinambi mak klebas mangkat nyang kali, arep adus, dene Lik Ndoleng mung ngowoh lan Nduk I’in ya mung gluwah-gluweh kaya manuk Kutut disamber Walang.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH