Jumat, 27 September 2019

SENGSARA


Jemuah Kliwon 27 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK

TIRUNEN KUWI



Yeremia 23:9-22
Jabur 91:1-6,14-16
Lukas 9:18-22
Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”Lukas 9:22

Akeh wong sing mung gelem “kinaranan”, ananging pada wegah yen tumeka ing babagan tumandang. Akeh sing seneng jenenge sinebut, ananging wegah nyambut gawe, akeh sing gelem malah kepara seneng nampa bebulih, ananging wegah makarya, mulane ya ora nggumunke yen njur pada korupsi lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi klakon amarga akeh sing ora gelem nglakoni kahanan kang sinebut SENGSARA. Lha apa ta sejatine SENGSARA kuwi? Manut panemuku, SENGSARA kuwi kahanan kang kalkon ananging ora jumbuh karo kekarepane menungsa, beda antarane pangimpen lan kasunyatane.

Ora sithik menungsa sing seneng diarani Kristen, lan malah akeh uga sing ngaku-aku minangka wong “Kristen”. Ananging  mbuh kepriyen penemune bab tembung Kristen kuwi, apa mung winates minangka agama, tanpa lelaku sing apik,apa mung sing penting ora diarani atheis, merga neng negara +62 iki, bab agama wae wong liya melu ngurusi lan isa dilapurna neng polisi, merga ora nduweni agama. Mbalik neng bab Kristen, kuwi sejatine kanggo ngarani wong-wong sing tumindake memper karo Pawongan sing uripe kurang luwih rongewu tahunj kepungkur. Pawongan seka dusun Nazareth, putra pembarepe simbok Maryam lan bapak Yusup,sing kinaranan Yesus Kristus. Yesus kuwi seka tembung “Yosu’a”, sing tegese Sang Yehuwah Kuwi sing Nylametne, ilate wong Yunani angel ngomong Yosu’a, mula munine njur  ‘Ιησούς Iesous..njur dadi gampange ya Yesus, merga ilate bangsa melayu (jawa klebu rumpun melayu) angel muni iesous.. Dadi Kristen kuwi tumindak kaya Gusti Yesus, kamangka slawase uripe, Gusti Yesus kuwi 99,9% SENGSARA.

Mula saka kuwi, yen saiki sing maca tulisan iki kebeneran (agamane) Kristen, lan nganggo ubarampe kristen, kaya kalung salib, tato salib, tindik Salib lan sabarang kang nengeri yen kuwi antribut kristen, apa ya wis pda wani SENGSARA? Wis wani nundung pepinginaning kamanungsan lan netepi kersane Gusti? Apa wis siap ngayahi pagawean sing nekakne rasa SENGSARA ana ing urip?Wis siap SENGSARA merga wani ngedum bandane luwih seka 60% kanggo liyan? Yen durung isa nglakoni kaya kang tinulis ing nduwur, apa ya jik pantes sinebut Kristen?


“Lik, sasi iki greja arep tuku ase lho,merga panase raumum nalika ngibadah. Kamangka danane kurang lho..” Dalijo mbukak rembugan nalika wedangan karo Lik Ndoleng neng Lincak Sor Talok.
“Yo ben, lha aku kon ngapa Jo?” Semaure Lik Ndoleng sinambi jigang nyawang Lintang.
“Ya melu umbruk Lik, ben gek cukup duwite nggo tuku ase” Nduk I’in kaya biasane, melu nyoal-nyael..
“Rasudi..ngapa kok mikir nggreja, omahku dewe wae ora tak aseni kok ngrekasa temen mikirke greja..” Semaure Lik Ndoleng tanpa momotan.
“Wangsulanmu persis kaya sing maca tulisan iki lho Lik, wegah rekasa ananging seneng diarani Kristen. Seneng lan njaluk dislametke Gusti, ananging wegah tumandang gawe. Kuwi ya isa kinaranan iman sing Korup..” Semaure Dalijo sinambi klepas-klepus, dene Lik Ndoleng plengah-plengeh, sajak kisinan, mbok menawa kaya sing maca tulisan iki..hehe


Kyai Tu Pong Ji..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH