Minggu, 22 September 2019

SUGIH


Minggu Kliwon 22 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Amos 8:4-7
Jabur 113
1 Timotius 2:1-7
Lukas 16:1-13
Gusti Yésus nuli ngandika: “Tembungku iki rungokna. Bandha kadonyan kuwi enggonen golèk mitra, supaya yèn bandha mau entèk, kowé banjur ditampani ana ing omah sing langgeng. Lukas 16:9

SUGIH, tembung iki mbokmenawa sing paling akeh ndekem ana ing pikirane menungsa, klebu sing maca tulisan iki. Dene tembung SUGIH kuwi tegese kurang luwih wis ora mikir meneh babagan duwit. Iki kaya dene wong ambegan, nalika sirah dikrubuti karung utawa plastic, mesti ambegane angel lan sing dipikir mung piye isane ambegan, ananging yen ora ketutupan apa-apa mesti isa ambegan. Semono uga bab SUGIH, saben wong sing wis ora mikir bab mlebu-metune duwit, kuwi sing diarani SUGIH, dene sing jik mikir seka ngendi tumekane duwit, kuwi rungisa diarani SUGIH.

Crita neng Kitab Suci, mirunggan nggon Injil Lukas 16 ayat  siji tekan telulas, luwih mirunggan meneh ayat sanga, isa dadi kaca pengilon kanggo sapa wae, bab migunakne kahanan urip sing SUGIH. Juru gedhong ing crita kuwi diagem dening Gusti Yesus minangka tuladha, ananging ora bab sing ora jujur, ananging bab kawicaksanane migunakne duwit utawa banda. Juru gedhong migunakne bandane kanggo mbangun sesrawungan apik karo sakpepadane. Dene wujud sesrawungan mau yakuwi tetulung.  Lumantar sesrawungan apik, isa dadi srana tinampa lan nalika ngadepi kahanan kang ruwet, sing nate ditulung kuwi isa gentenan nulungi.

Saka crita iki Gusti Yesus mulang, yen migunakne nalar utawa pikiran kanthi wicaksana kuwi bab sing penting ana ing urip. Aja nganti dikuwasani dening bandha, ananging kuwasanana badha kuwi lan gunakna kanggo srawung sing pas,supaya nalika ngadepi aboting urip isa genti nulungi uripmu. Iki mbokmenawa minangka srana ngamplengi sapa wae sing pelit utawa dikuwasani dening bandha. Merga saking dikuwasani dening bandha, mula wegah andum bandha lan kuwi sing ndadekne pola srawunge angel tinampa dening liyan. Merga angel tinampa dening liyan, mesti wae liyan ya ora ngirim energi apik, malah supataning urip sing klakon.  mula saka kuwi, ayo pada migunane ka-SUGIH-an iki kanggo dalaning srawung karo liyan kanthi luwih wicaksana, supaya ing tembe uga katulung lumantar bandha kuwi.

“Jo, SUGIH kuwi nalika bandane akeh po nalika uripe bebas merga wis ora mikir bandha meneh ya?” Lik Ndoleng esuk kuwi takon Dalijo bab SUGIH.
“Aku kaya pituture Kyai Tu Pong Ji kuwi Lik, SUGIH kuwi nalika uripe wis ucul saka mikir bab duwit” Semaure Dalijo.
“Weh, apa ya isa kang kaya kojahe Kyaine Untu Ompong Siji kuwi?” Nduk I’in ya sajak mbingungi.
“Ya isa ta In, anggere diniati lan dilakoni. Yen ora diniati lan dilakoni, ya mokal isa” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh..pora ya angel yo Jo?” Lik Ndoleng jik sajak bingung.
“Angel yen mung digagas neng ndas Lik, mula kudu dilakoni. Njajal saiki undakna pisungsungmu, wani ra?Aja mung patimuranan wae..”Wangsulane Dalijo, sinambi nglepus, sajak segere ngeram..


Kyai Tu Pong Ji..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH